Sake
Sake (酒; diunekake "sɑ.kɛ" "SA-KE") yaiku sawijining ombèn-ombènan kang ngandhut alkohol saka Jepang kang mujudake asil fermentasi beras. Cara nggawe sake tinulis iing buku wiwitan watara taun 700 sawise Masehi.[1].
Ing Jepang, tembung "sake" tegese "omben-omben". Ing saperangan dhaerah bisa ditegesi liyane. Ing Kyushu Kidul, sake tegese ombenan kang disuling. Ing Okinawa, kang diarani sake iku shōchu kang digawe saka tebu. Ambune sake mirip karo tapé.
Sake lan budaya Jepang [sunting]
Wiwit jaman biyen, wong-wong wis nggawe alkohol lan ndadekake minangka bageyan budaya. Pirang-pirang abad kepungkur, wong Jepang wiwit nyampurake panganan pokoke, beras, karo banyu murni lan mikroorganisme koji kanggo nggawe Nihon-shu (sake jepang). Sake mujudake omben-omben ngandhut alkohol kang digawe dening para ahli kanggo selerane wong Jepang kang mardhika saka prabawane budhaya liya.[2]
Cara nggawe sake Jepang [sunting]
Sake Jepang digawe saka telung bageyan fermentasi kang nganggo koji saka beras kang wis ditukuli jamur, yaiku sawijining adonan winih wiwitan dibanjurake proses sterilisai ing hawa adhem.[1]. winih wiwitan iku penting jalaran bisa ndadekake fermentasi kanthi bebarengan, wiwit saka mangsa Moromi utawa mangsa utawa.[1]. Tahapan fermentasi yaiku:adalah[1]
- Nggawe Koji
- Nggawe Massa Moto
- Nggawe Masa Moromi
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.