Tapé
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | Ketéla pohung lan beras ketan |
Tapé yaiku panganan fermentasi kang digawé saka ketan lan pohung sing wis di fermentasi nganggo ragi. Ing wektu fermentasi tape, nganggo werna-werna mikroorganisme, kayata :Saccharomyces cerevisiae, Rhizopus oryzae, Endomycopsis burtonii, Mucor sp., Candida utilis, Saccharomycopsis fibuligera, Pediococcus sp.. Tape saka S. cerevisiae ngasilake tape kang bentuke rada mbanyu, rasane legi rada kecut, ngandhut alkohol, lan rada pliket.[1] .
Yen kesuwèn fermentasine, tape bisa ngasilaké banyu tapé utawa tuak kang bisa marakaké mabuk amarga wis kadhung dadi alkohol. Yèn ing Jawa Kulon, tapé pohung uga diarani peuyeum kang biasa didol ing pinggir dalan lan dadi panganan khas Jawa Kulon. Yèn ing Jawa Tengah, tapé ketan digawé minangka suguhan jroning adicara temantènan, sedekah bumi, lan adicara adat liyané.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tape ketan
[sunting] Cara gawé tapé ketan
- Beras ketan dipususi (dikumbah) resik banjur direndhem kira-kira sejam, sawisé direndhem beras ketan ditus utawa banyuné dibuang terus ditus nganti banyuné ilang.
- Sawisé ditus, didang samatenge, banjur di elèr supaya adhem.
- Banjur dicampur ragi tape.
- Banjur dicampur pewarna saka godhong suji lan dibungkus nganggo godhong gedhang.
- Sawise dibungkus, banjur dimenengake sasuwene 2-3 dina.
- Sawisé mateng disiapaké kanggo didhahar.
[sunting] Tape Budin
Bahan kang diperlokake kanggo gawe tape budin yaiku:[1][2]
- budin utawa tela pohong 5 kg,
- ragi tape 5 iji.
[sunting] Cara gawé tapé pohong
Carane gawe tape budin yaiku:[1]
- budin dionceki, dikumbah, banjur ditugeli (gedhene kira-kira),
- budin didang sedhela nganti mandan empuk, aja nganti melar. dientas banjur dijorake nganti adhem,
- alusna ragi tape (biyasane ragi tape wujude bunder gepeng warnane putih)
- uwur-uwurake ragi tape ing dhuwur budin kanthi rata. banjur tutup budin nganggo godhong gedhang (bisa uga nganggo plastik sing dikei bolongan-bolongan cilik)
- simpen ing papan kang anget, suwene 2-3 dina nganti budine empuk.