Augustinus saka Hippo
| Santo Augustinus | |
|---|---|
|
Lukisan karya Philippe de Champaigne watara taun 1645-1650. |
|
| Uskup, Confessor, Doktor Gréja | |
| Miyos | 13 November 354, Tagaste, Numidia (saiki Souk Ahras, Aljazair) |
| Tilar donya | 28 Agustus 430 (umur 75), Hippo Regius, Numidia (saiki jenengé Annaba, Aljazair) |
| Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma Gréja Ortodoks Gréja Ortodoks Oriental Komuni Anglikan Gréja Lutheran |
| Papan ziarah utama | San Pietro in Ciel d'Oro, Pavia, Italia |
| Dinten pèngetan | 28 Agustus (Kakristenan Kulon) 15 Juni (Kakristenan Wétan) |
| Atribut | bocah; manuk dara; pèn; cangkang kécé, ati kang katusuk |
| Pangreksa | Panggawé bir; panyithak; Téolog Bridgeport, Connecticut; Cagayan de Oro, Filipina; Ida, Filipina; Kalamazoo Michigan; Saint Augustine, Florida; Superior, Wisconsin; Tucson, Arizona; Avilés, Spanyol |
Aurelius Augustinus, Augustinus Hippo ("Sing akèh ngerti") (13 November 354 – 28 Agustus 430) iku sawijining santo lan Doktor Greja sing misuwur miturut gréja Katulik Roma. Dhèwèké diakoni dadi sawijining tokoh wigati ing perkembangan agama Kristen Kulon. Ing Gréja Ortodoks Wetan, sing ora nampa kabèh ajarané, dhèwèké biasané diarani "Augustinus Pinaringan Berkah". Akèh wong Protèstan uga nganggep dhèwèké salah satunggalé sumber pamikiran téologis ajaran Réformasi bab kaslametan lan anugrah. Martin Luther, tokoh gerakan Reformasi, akèh dipengaruhi déning Augustinus (Luther dilatih dadi sawijining biarawan Augustinian), lan ing jero fokus umum Protestanisme, ngetutaké Augustinus, ing paham dosa asal sing nuntun menyang penilaian pesimis saka sebab lan aksi manungsa kapisah saka Gusti Allah.
Tulisan-tulisané - kalebu Pangakonan Augustinus, sing kerep diarani otobiografi Donya Wétan kang kapisan - isih diwaca kalangan amba déning wong-wong Kristen sadonya.