Asoka

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gambar:Ashoka2.jpg
Maharaja Asoka (gambar karangan)

Asoka ingkang Agung (ugi Ashoka, Aśoka, dipunwaos dados Asyoka) inggih punika padhéganipun Kakaisaran Maurya saking 273 SM ngantos 232 SM. Asoka dados raja ingkang paling awrat wonten ing sajarahipun India, raja kaping tiga saking Kakaisaran Maurya, lan minangka putu saking pangadeg dhinasti Maurya Chandragupta Maurya.[1][2] Taun miyosipun Asoka ngantos sapunika dèrèng saged dipunmangertosi, ananging kadosipun watawis taun 273 SM.[1] Wiwitanipun Asoka numuti caranipun Chandragupta Maurya anggénipun nguwaosi dhaérah India lan sakiwatengenipun kanthi cara perang.[1] Ananging lajeng Asoka tobat saking nguwaosi dhaérah sanès kanthi paperangan, panjenenganipun langkung milih sinau agami Budha lan nglaksanakaken dharma kasaénan.[1] Asoka nguwaosi dhaérah anak bawana India, ingkang sapunika dipunsebat Afganistan ngantos Bangladesh lan ing sisih kidul ngantos dumugi Mysore.[2]

Nami "Asoka" tegesipun 'boten duka (sedhih)' wonten ing basa Sansekerta (a –boten, soka – duka/sedhih). Asoka inggih punika pandhéganipun Bharata (India) Kuna ingkang kawitan, sasampunipun Mahabharata ingkang misuwur, ingkang saged damel pamanunggalanipun sedaya wewengkon ing India lan sakiwatengenipun. Panyerat buku Britania H. G. Wells nyerat bab gegayutan kaliyan Asoka: “Wonten ing sajarahipun donya, wonten ewon raja lan kaisar ingkang nyebat dados ‘Yang Agung’, ‘Yang Mulia’ lan ‘Yang Sangat Mulia’ lan sanèsipun. Sedaya misuwur wonten ing wekdal ingkang cekak, lajeng cepet anggènipun ical misuwuripun. Ananging Asoka tetep misuwur kados déné lintang ngantos dumugi sapunika” (Aslinipun ing basa Inggris: "In the history of the world there have been thousands of kings and emperors who called themselves 'Their Highnesses', 'Their Majesties' and 'Their Exalted Majesties' and so on. They shone for a brief moment, and as quickly disappeared. But Ashoka shines and shines brightly like a bright star, even unto this day").

[sunting] Pranala njawi

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d (id)[Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sejarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]
  2. a b (en)Asoka] dipunundhuh tanggal 24 Juni 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Asoka&oldid=673441"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès