Antraks

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Anthrax
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
Foto Mikro Pewarnaan Gram bakteri Bacillus anthracis sing menyebabkan anthrax.
ICD-10 A22minor
ICD-9 022
OMIM [1] 606410 608041
DiseasesDB 1203
MedlinePlus 001325
eMedicine med/148 
MeSH D000881

Antraks utawa anthrax iku panyakit nular akut lan mbebayani sing disebabaké baktèri Bacillus anthracis jroning wangun sing paling ganas.[1] Antraks maknané "batubara" jroning basa Yunani, lan istilah iki dipigunakaké amarga kulit para kurban bakal owah daadi ireng.[2] Antraks paling kerep nyerang herbivora-herbivora liar lan sing wis opènan.[1] Panyakit iki asifat zoonosis sing maknané bisa ditularaké saka kéwan menyang manungsa, nanging ora bisa ditularaké antar manungsa.[1]

Faktor virulènsi[sunting | sunting sumber]

Faktor virulènsi saka panyakit iki disebabaké déning B. anthracis sing asalé saka kapsul lan toksin.[3] Kapsul saka B. anthracis dumadi saka poly D-glutamic acid sing ora mbebayani (non toksik) tumrap diriné dhéwé.[3] Kapsul iki diasilaké déning plasmid pX02 lan nduwèni fungsi kanggo nglindhungi sèl saka fagositosis lan lisis.[3] Toksin sing diasilaké déning B. anthracis asal saka plasmid pX01 sing nduwèni AB modhèl (activating lan binding). Toksin saka B. anthracis dumadi saka telung jinis, yaiku protective antigen (PA) sing asal saka kapsul poly D- glutamic acid, edema factor (EF), lan lethal factor (LF).[3] Katelu toksin iki ora duwé sipat racun sacara individual, nanging bisa asipat toksik malahan mbebayani banget (‘’lethal’’) yèn ana loro utawa luwih. Toksin PA lan LF bakal ngakibataké aktivitas sing letal, EF lan PA bakal ngakibataké panyakit edema (jeneng liya saka panyakit anthrax), toksin EF lan LF bakal silih ngrèprèsi (inaktif), déné yèn ana katelu toksin kasebut (PA, LF, lan EF), bakal ngakibataké edema, nekrosis lan pungkasané ngakibataké pepati (letal).[3]

Yèn spora anthrax mlebu menyang awak lan sabanjuré kasebar ing peredaran getih, bakal kacipta sawijining mekanisme pertahanan saka sel getih putih, nanging sipaté mung sauntara.[4] Sawisé spora saka pembuluh getih kaakumulasi jroning sistem limpa, infeksi bakal diwiwiti.[4] Racun saka toksin sing diasilaké déning sel vegetatif kasebut bakal ngakibataké pendarahan internal (internal bleeding) saéngga ngakibataké karusakan ing sawetara jaringan malah organ utama. Yèn racun saka toksin kasebut wis sumebar, antibiotik apa waé ora bakal migunani manèh.[4][5]

Panularan[sunting | sunting sumber]

Manungsa bisa kainfeksi yèn kontak karo kéwan sing kena anthrax, bisa liwat daging, balung, kulit, utawa kotoran.[1] Senadyan mangkono, nganti saiki durung ana kasus manungsa katularan liwat sénggolan utawa kontak karo wong sing ngidhap antraks.[2]

Infèksi antraks arang kedadéyané nanging ora padha tumrap herbivora-herbivora kaya kéwan ingon, kambing, unta, lan antelop.[6] Antraks bisa ditemokaké ing saindhenging donya.[6] Panyakit iki luwih umum kedadéyan ing negara-negara berkembang utawa negara-negara tanpa program kaséhatan umum kanggo panyakit-panyakit kéwan.[6] Sawetara dhaérah ing donya kaya (Amérika Kidul lan Tengah, Eropa Kidul lan Wétan, Asia, Afrika, Karibia lan Timur Tengah) nglapuraké kedadéyan antraks sing luwih akèh marang kéwan-kéwan tinimbang marang manungsa.[6]


Jenis-jenis[sunting | sunting sumber]

Ana 4 jinis antraks yaiku[7] :

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d (en) Todar K. 2005. Bacillus anthracis and anthrax. [terhubung berkala]. http://www.textbookofbacteriology.net/Anthrax.html [31 Mei 2008].
  2. ^ a b (en) Blanc HW. 1890. Anthrax: the disease of the Egyptian plagues. J New Orleans Med Surg 18: 1–25.
  3. ^ a b c d e (en) Dixon TC, Meselson M, Guillemin J, Hanna PC. 1999. Anthrax. N Engl J Med. 341(11):815-26
  4. ^ a b c (en) Madigan MT, Martinko JM. 2006. Brock Biology of Microorganisms 11th ed. New Jersey : Pearson Education. Hal. 203-207.
  5. ^ (en)Barnes JM. 1947. Penicillin and B. anthracis . J Path Bacteriol 194: 113.
  6. ^ a b c d (en) Dragon DC, Elkin BT, Nishi JS, Ellsworth TR. 1999. A review of anthrax in Canada and implications for research on the disease in northern bison. J Appl Microbiol 87 (2): 208.
  7. ^ (en) [MedicineNet] .2010. Anthrax. [terhubung berkala] http://www.medicinenet.com/anthrax/article.htm [13 Mei 2010].

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Antraks&oldid=826427"