Étnobotani
Etnobotani (dari "etnologi" - kajian ngenani budaya, lan "botani" - kajian ngenani tanduran) yaiku sawijining elmu kang nyinaoni gegayutane manungsa lan [[tanduran.[1] Panaliten etnobotani diwiwiti dening para ahli botani kang mokusake babagan persepsi ekonomi saka sawijining tanduran kang digunakake dening masarakat lokal.[1] Ahli etnobotani tugase yaiku ndokumentasekake lan njentrehake geyayutan kompleks antarane budaya lan cara gunakake tanduan kanthi fokus utama ing kepriye tanduran digunakake, dikelola, lan dipersepsekake ing pirang-pirang lingkungan masarakat, tuladhane minangka panganan, obat, praktik keagamaan, kosmetik, pewarna, tekstil, sandangan, konstruksi, piranti, mata uang, sastra, ritual, sarta panguripan sosial.[2]
Saiki elmu etnobotani ngarah marang sasaran kanggo ngrembakakake sistem pengetahuan masyarakat lokal tumrap tanduran obat saengga bisa nemokake senyawa kimia anyar kang migunani nalika gawe obat-obatan modern kanggo marekake penyakit-penyakit kang bebayani kayata kanker, AIDS lan jinis penyakit liyane.[2]
[sunting] Sejarah
Perkembangan sejarah etnobotani[2]:
- 1492: Colombus nemokake pemanfaatan tembakau (Nicotiana tabacum) ing Cuba. Kolonisasi kang duwe kepentingan ekonomi lan eksplorasi keilmuan (1663-1870)
- 1873-1980: wiwitane ilmu etnobotani
- 1873: Power nulis buku ngenani aboriginal botany
- 1895: Harsberger nulis ngenani ethnobotany
- 1900: Davis Barrow ana nalika doktor etnobotani wiwitan The Ethnobotany of the Coahuilla Indian of Southern California
- 1920: Publikasi tanduran obat ing India
- 1980: etnobotani dikenal dening masarakat akademislan awam
- 1981: jurnal etnobotani. Ing dekade pungkasan diterbitake pirang-pirang jurnal asil penelitian etnobotani: Journal of Ethnobiology, Journal of Ethnopharmacology, Ethnobotany, Ethnoecology
- 1983: Perhimpunan Masyarakat Etnobotani kang diprakarsai dening Perhimpunan Arkeologi Amerika
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b (en) Sood SK, Nath R. and Kalia, D.C. 2001. Ethnobotany of Cold Desert Tribes of Lahoul-Spiti (N.W. Himalaya). New Delhi: Deep Publications.Page 45-47.
- ↑ a b c (en) Acharya D,Anshu S. 2008. Indigenous Herbal Medicines: Tribal Formulations and Traditional Herbal Practices. Jaipur:Aavishkar Publishers Distributor. ISBN 978-81-7910-252-7. page 440.