Menyang kontèn

Yusuf ing Islam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kanjeng Nabi Yusuf kang wus kawisudha minangka wazir (kayadene pepatih dalem) ing Praja Mesir

Yusuf (Arab يوسف ) (watara 1745-1635 SM) punika putra kinasihipun Nabi Ya'qub as. Iki amarga ora liya Nabi Yusuf as nduweni bebuden kang luhur. Panjenengane uga diparingi pasuryan sing bagus banget.

Nabi Yusuf as nduwe kaluwihan bisa napsirake/negesake impen. Kanthi kaluwihan kasebut, pungkasane Nabi Yusuf as dadi bendahara ing Keraton Mesir. Nalika dadi bendahara kraton, negara Mesir dikuwasani dening Prabu Qitfir sing ora liya garwane Zulaikha.

Kaluwihan kang diduweni Nabi Yusuf as dipunngendikakaken wonten Al-Qur'an:

"Dhèwèké (Yusuf) ngendika, "Dadekna aku minangka bendahara tanah (Mesir), satemene aku iki wong kang pinter ngrumeksa lan nduweni ngelmu" (QS Yusuf: 55)

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Muhammad Ahsan, Sumiyati. 2017. PAI dan Budi Pekerti, Surakarta, Putra Nugraha