Wudu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Children of Iran Of qom کودکان ایرانی، کودکان قمی 27.jpg

Wudu Arab: الوضوء al-wuū', kalawan dén dhomahaken wawuné iku aran ka dué pagawéan, lan kalawan fathah wawuné iku aran ka dué barang sing diwudui, lan kecap wudu iku manjing ning bentuk Isim Masdar, lan utawi masdaré iku lafadz tawadu. Anapon utawi wudu.[1]salah satunggaling cara nyucèkaké pérangan awak kanthi gunakaké banyu. Uwong muslim wajib sesuci saben arep nglakani salat. Wudu bisa uga migunakaké lebu lan mau tayamum.Titi cara wudu kelawan banyu lan lebu ya iku ora padha. Wudu kelawan lebu lamun rai lan tangan.

Banyu kang bisa digunakaké wudu[besut | besut sumber]

  • Banyu udan
  • Banyu sumur
  • Banyu curug, laut utawa kali
  • Banyu saka lelehan salju utawa es batu
  • Banyu saka tangki utawa kolah

Banyu kang ora olèh digunakaké[besut | besut sumber]

  • Banyu kang ora resik utawa ana najis
  • Banyu sari buah utawa pohon
  • banyu kang wus berubah warnané, rasa dan ambuné lan dadi lèngkèt amarga samubarang kang dikum.
  • Banyu kang jumlahé sithik (kurang saka 1000 liter), kena sawijining prakara kang najis, kaya ta urin, darah atau minuman anggur atau ada seekor binatang mati didalamnya
  • Banyu bekas Wudu

Syarat[besut | besut sumber]

Ana 6 syarat kanggo berwudu;

  1. Islam
  2. Uwis Baliqh/Tamyiz,tégése bisa mbédakaké apik alané panggawéan
  3. Ora nanggung hadas gedhé
  4. Ora ana prakara kang nyegah banyu ing anggotané wudhu, tuladhané kaya getéh, cèt, lan sapanunggalané
  5. Migunakaké banyu kang mutlak (suci lan bisa nyucikaké)
  6. Mangèrtasi ndi prakara kang wajib lan ndi prakara kang sunah

Fardu/Rukun Wudu[besut | besut sumber]

Rukun yaiku babagan penting saking pendamelan. Menawi salah setunggaling rukun punika mboten dilampahi utawi wonten ingkang mboten jangkep, pendamelan khususipun ibadah menika mboten sah. Rukun wudu iku cacahe ana 6:

  1. Niat, yaiku neja ngelakoni wudu, sabab wudu iku ibadah bangsa pagawéan kang mahdhoh nalika ngumbah rarahi, lamun didiminaken atawa diakhiraken maka wuduné orasi sah[1]
  2. Ngumbah rarahi, saking tukule rambut sebelah nduwur tumeka janggut, lan saking kuping tengen nganti kuping kiwa
  3. Ngumbah panangan roro tumeka maring sikuté karo
  4. Ngusap saalit saking rambut sirah atawa kulité sebagean sirah
  5. Ngumbah sikil Roro tumeka maring kambilén Karo.
  6. Tartib ing atasé barang kang Wis dén tutur, yaiku urut, ndisikkake ingkang ndisik lan ngakhirake ingkang akhir[2]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

http://www.angelfire.com/pro/sembahyang/wuduk.html

  1. a b الزهري الغمراوي, محمد (٢٠١٦). انوار المسالك. اندونيسيا: الحرمين. pp. ١٣. Check date values in: |year= (pitulung)
  2. Ahyar, H. Ahmad; Najibullah, Ahmad (2021-09-17). Fikih Madrasah Tsanawiyah Kelas VII (ing basa Indonesia). Bumi Aksara. ISBN 978-602-444-933-9.