Menyang kontèn

Wingko babat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wingko
Wingko babat
Panggonan asalIndonesia
Tlatah utawa prajaJawa
Buku masakan: Wingko  Médhia: Wingko

Wingko {ꦮꦶꦁ​ꦏꦺꦴ} utawi asring dipunsebat Wingko babat inggih punika dedhaharan tradhisional khas Indonesia[1]. Wingko punika jinising kuwe ingkang didamel saking krambil parut, glepung ketan, gula, lan uyah sekedhik. Wingko kaloka wonten ing pasisir lèr pulau Jawa|Jawa. Kuwe punika asring disade wonten stasiun, terminal utawi toko-toko kuwe[1]. Wonten ing pulau Jawa, wingko asring damel olèh-olèh kaluwargi, mila ndadosakèn kuwe punika kaloka[1].

Wingko limrahipun awujud bunder lan radi atos sarta biyasa dipunsajekakèn anget lan diiris alit-alit. Wingko saged disade bunder ageng utawi alit-alit lan dibungkus nganggé kertas[2]. Campuran gendis lan krambil ndadosaken rasanipun eca[2].

Wingko ingkang paling misuwur inggih punika wingko ingkang saking Semarang[2]. Punika njalari kathah tiyang ngira manawi wingko punika saking Semarang[3]. Mila makaten, sajatosipun wingko babat asalipun saking Babat, laladan alit ing Lamongan, Jawi wétan. Babat dumunung wonten ing caketing Bojonegoro, Jawa wétan[3].

Sapunika wingko punika dedhaharan kaloka ing Babat lan Semarang[4]. Wingko saged pinanggih wonten jalan Pandanaran, Stasiun Tawang, Stasiun Poncol lan pusat sadean Wingko Babat ing Jalan Cendrawasih[4]. Kathah wingko ingkang taksih ngginakakèn nama Tionghoa|Tionghoa[5]. Wingko babat wonten manéka warna rasa inggih punika coklat, durèn, nangka lan liya-liyané[5].

Sujarah

[besut | besut sumber]

Wingko Babat iku salah siji jajanan tradhisional sing wiwitane asalé saka Babat, Lamongan, Jawa Wétan. Jajanan iki sepisanan digawe ing taun 1898 dening pasangan Loe Soe Siang lan garwane, Djoa Kiet Nio, sing kalebu wong perantauan saka Tiongkok banjur manggon ing Babat. Saka kono, wingko banjur dikenal dadi jajanan khas lan oleh-oleh saka Babat.

Tekane wingko Babat ing kutha Semarang diwiwiti saka Loe Lan Hwa, anaké Loe Soe Siang, sing pindhah menyang Semarang ing taun 1944 amarga kahanan sosial lan politik sawisé Perang Donya II. Sawisé Indonesia merdeka, ing taun 1946 Loe Lan Hwa miwiti nggawe lan dodolan wingko ing Semarang kanggo nyukupi kabutuhan urip kulawargane. Wingko kasebut didol kanthi cara prasaja, salah sijine dititipake ing kios panganan ing Stasiun Tawang lan didol marang para penumpang sepur.

Saka wektu kuwi, wingko Babat saya berkembang lan saya disenengi masyarakat. Akeh produsen wingko liyane sing banjur mèlu ngasilake wingko ing Semarang. Senadyan asalé saka Babat, wingko luwih dikenal minangka kuliner khas Semarang amarga kutha iki dadi pusat perdagangan, transportasi, lan pariwisata. Mula saka kuwi, wingko Babat banjur ditampa minangka salah siji kuliner khas Semarang lan dadi oleh-oleh sing misuwur nganti saiki.

Perkembangan produksi wingko babat katon saka owah-owahan cara nggawéné, sing wiwitane isih nggunakaké cara tradhisional banjur alon-alon dadi luwih modern. Ing wiwitan, wingko digawé nganggo piranti sederhana lan dipanggang nganggo tungku kanthi

bahan bakar kayu utawa batok klapa, sing ndadekaké ambuné luwih khas. Nanging, wiwit kira-kira taun 1980-an, para produsen wiwit nganggo piranti modern kayata oven, loyang aluminium, lan alat pengaduk, saéngga produksi dadi luwih efisien, resik, lan bisa nyukupi kebutuhan pasar sing saya nambah. Senadyan mangkono, bahan-bahan utama wingko, kayata glepung ketan, klapa parut, gula, santan, lan banyu, tetep dipertahanké supaya rasa tradhisionalé ora ilang.[6]

Inovasi wingko babat muncul minangka tanggapan marang owahé selera masyarakat lan persaingan karo panganan modern. Yen biyèn wingko mung ana rasa asli utawa klapa, wiwit kira-kira taun 2014 produsen wiwit ngembangaké macem-macem rasa, kayata coklat, gedhang raja, duren, lan nangka. Saliyane inovasi rasa, ana uga inovasi ing babagan kemasan, umpamané nggunakake kemasan vakum supaya wingko luwih awet lan trep kanggo oleh-oleh. Inovasi-inovasi iki ditindakake supaya wingko babat tetep disenengi, utamané dening generasi enom, tanpa ninggalaké jati dhiriné minangka kuliner tradhisional khas Semarang.[6]

Bahan-bahan wingko babat

[besut | besut sumber]
Klapa parut

Bahan-bahan kanggo nggawe wingko babat ana pirang-pirang, kaya dene; 250 gram glepung ketan putih, 180 gram klapa parut, dikukus, 100 gram gendhis, 100 ml santan klapa, 50 ml banyu, 1/2 séndhok tèh uyah, 1/2 séndhok tèh vanili bubuk lan 1 lembar godhong pandan.

Glepung trigu

Cara nggawé wingko babat

[besut | besut sumber]
Wingko babat cocog disandhingaké karo tèh panas

Campur bahan-bahan iki; glepung ketan karo klapa parut, uyah, lan vanili bubuk, banjur bahan-baha kuwi mau diudhak kanthi rata kabèh, campur banyu anget karo gendhis banjur diudhak kanthi gendhis ajur nyampur karo banyu, gendhis kang wis dadi banyu mau dilebokaké karo adonan glepung, sawisé iku adonan diuleni nganti padhet, donan banjur dibagi cacahé rongpuluh iji lan dibentuk bunder pipih, adonan kang wus dibentuk kuwi mau didèlèhkaké ana ing loyang sing wis diwènèhi godong gedhang ing ngisoré , Adonan banjur digarang nganti wernané malih dadi soklat , wingko babat siyap didhahar.

Anceman lan tantangan

[besut | besut sumber]

Wingko babat ngadhepi ancaman lan tantangan modernisasi bareng karo owahé selera masyarakat sing saiki luwih seneng panganan modern, praktis, lan nduwèni citra global, saéngga kuliner tradhisional nduwèni risiko kasisih. Mlebué panganan Barat lan jajanan kekinian ndadekaké generasi enom asring nganggep wingko minangka panganan lawas sing kurang narik kawigatèn. Kahanan iki ndorong perluné upaya pelestarian supaya wingko babat tetep lestari minangka warisan budaya kuliner. Upaya pelestarian iki ditindakake liwat peran macem-macem pihak, wiwit saka pamaréntah sing nganakaké festival lan promosi kuliner tradhisional, para pelaku usaha sing nindakake inovasi rasa, wujud, lan kemasan tanpa ngilangaké ciri khasé, nganti akademisi lan masyarakat sing melu njaga liwat panaliten, pendhidhikan, lan kabiasaan ngonsumsi wingko. Kanthi kerjasama kasebut, wingko babat ora mung bisa tetep urip ing tengahé modernisasi, nanging uga tetep relevan tumrap generasi saiki[6]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 "id.shvoong.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-02-09. Dibukak ing 2011-06-05.
  2. 1 2 3 "www.sedapnikmat.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-04-11. Dibukak ing 2011-06-05.
  3. 1 2 "dgi-indonesia.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-25. Dibukak ing 2011-06-05.
  4. 1 2 "www.budayajateng.com". Diarsip saka sing asli ing 2022-08-13. Dibukak ing 2011-06-05.
  5. 1 2 "semarang.go.id". Diarsip saka sing asli ing 2011-04-11. Dibukak ing 2011-06-05.
  6. 1 2 3 Dwi Sarwopeni, Suwati; Saraswati, Ufi (2021-08-06). "Intangible Conservation: Keberadaan Wingko Babat Kuliner Khas Semarang Tahun 1946-2019". Journal of Indonesian History. 1: 77–85.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]