Watu kramat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

The Alchymist, in Search of the Philosopher's Stone (Sang Juru Alkimiya Angluru Waru Kramat), lukisané Joseph Wright of Derby, 1771.

Watu kramat utawa watu filsuf (Latin: lapis philosophorum, basa Inggris: philosopher's stone, basa Indonésia: batu bertuah) ya iku dat alkimiya lègendharis sing bisa ngowah métal dhasar kaya déné mèrkuri dadi emas (ingaran krisopéa, saka tembung Yunani χρυσός khrusos, "emas," lan ποιεῖν poiēin, "nggawé") utawa pérak. Watu kramat uga bisa kanggo ndawakaké umur wong sarana usada amerta, sing bisa kanggo pangenom lan panggawé amerta. Mulané, pirang-pirang abad watu iku dadi golèkan ing babagan alkimiya. Watu kramat dadi cihna pokok tumrap tèrminologi mistis alkimiya, sing nyihnani kasampurnan paling luhur, pamadhang, lan kabagyan swarga. Pangudi nedya nemu watu kramat kondhang ingaran Magnum Opus ("Karya Gedhé").[1]

History[besut | besut sumber]

Panyebuting istilah watu kramat paling lawas kapacak ing buku Cheirokmeta karyané Zozimos saka Panopolis (u. 300 M).[2] Para nganggit ing jagad alkimiya matara yèn sujarahé satemené luwih dawa. Elias Ashmole lan panganggit anonim buku Gloria Mundi (1620) mratélakaké yèn sujarahé salawas nalika Adam pikantuk kawruh watu iku langsung saka Sang Hyang. Kacarita yèn kawruh iki diwarisaké lumantar para rama ing Alkitab, sing menèhi dhèwèké umur dawa. Legéndha watu iki uga dipadhakaké karo sujarah Prasada Salomo lan watu landhesané sing dicempad kaya sing kagambaraké ing Kitab Masmur 118.[3]

Wod téorètis sing ngandharaké panyiptaning watu iku asalé saka filsafat Yunani. Juru alkimiya banjur migunakaké unsur klasik, gantha ing anima mundi, lan carita babagan Purwaning Dumadi sing kapacak ing tèks kaya ta karyané Plato Timaeus minangka analogi saka prosès-prosès iku.[4] Miturut Plato, patang unsur sing asalé saka sumber umum utawa matèri prima (dat pratama), gegayutan karo kaanan gègèr. Prima materia iku uga jeneng dat kimia sing dianggo para juru alkimiya ateges bahan pamula kanggo nggawé watu kramat iku. Wigatiné dat pratama filosofis iki nglantur ing sadawaning sujarah alkimiya. Ing abad ping pitulas, Thomas Vaughan nulis, "dat pratama saka watu iku ya mung padha karo dat pratama kabèh barang-barang sing ana".[5]

Pratélan tetembungan[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Heindel, Max, Freemasonry and Catholicism, ISBN 0-911274-04-9
  2. Andrew Ede, Lesley B. Cormack. A History of Science in Society: from philosophy to utility. University of Toronto Press. p.66
  3. Raphael Patai. The Jewish Alchemists: A History and Source Book Princeton University Press, 1995. p.19
  4. Stanton J. Linden. The alchemy reader: from Hermes Trismegistus to Isaac Newton Cambridge University Press. 2003. p. 29.
  5. Mark Haeffner. Dictionary of Alchemy: From Maria Prophetessa to Isaac Newton. Karnac Books, 2004. p.211