Vulkanisasi
Vulkanisasi ya iku prosès pangolahan karèt.
Sajarah
[besut | besut sumber]Prosès vulkanisasi iki ditemokaké déning ilmuwan pakar kimia asal saka Amérika Serikat sing jenengé Charles Goodyear ing 1839. Kaping pisanan, ing prosès iki adhédhasar saka nyawijiné wlirang lan karèt ing kaanan suhu tartamtu supaya ngasilaké prodhuk karèt kang luwih atos teksturé dibandhingaké karo karèt biasané. Panggunan karèt kualitas dhuwur wis ditrepaké déning Dunlop ing taun 1888 sing nggawé ban kang dipompa. Pangrembakan sabanjuré ditandangi déning Michelin saka Prancis lan Goodrich saka Amérika kang kapengin nyampurnakaké ban mobil supaya bisa digunakaké ing taun 1895.[1]
Métodhe
[besut | besut sumber]Sadurungé diolah, molekul-molekul karèt umumé bakal awujud bengkokan lan ora nduwèni pola. Prosès vulkanisasi bakal nggawé sesambungan antarané molekul-molekul iku mau saèngga dumadi gaya tahan antarané molekul. Sesambungan utawa ikatan kasebut kawangun jalaran belérang kang dadi panyambung, lan reaksi iki migunakaké sèng oksida minangka katalis. Klawan prosès iki, sipat lenturé karèt bisa kajaga amarga yèn ora ana sesambungan antarané molekul, mangka molekul karèt bakalé pedhot saèngga sipat lenturé karèt bakal ilang.[2]