Upacara Manuak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Upacara Manuak inggih punika salah satunggalipun upacara tradhisional tiyang Kubu désa Jantang Manggeris saking daerah Jambi. Tembung Manuak punika boten saged dipuntegesi kanthi cetha, nanging saged dipuntegesi manjataken doa tumuju Ingkang Maha Kuwaos. Tumrapipun suku punika, donga tumuju Ingkang Maha Kuwaos punika dipunsebat masuk hiyang. Masuk hiyang punika dipunlampahaken kanthi cara bersale. Bersale punika dipunlampahaken kanthi tigang tahap, inggih punika:

  1. Tahap mlebet balai penghadapan
  2. Tahap mlebet balai pengasuhan
  3. Tahap mlebet balai perluasan

Salajengipun inggih punika dhahar sesarengan ing pungkasanipun upacara ing wayah enjingipun, amargi bersale punika dipunlampahaken satunggal dalu tutug.

Ancasipun[besut | besut sumber]

Ancasipun upacara manuak ingkang utami inggih punika dedonga tumuju Tuhan utawi Hiyang supados ibu lan bayi ingkang dipunkandhut punika tinebihaken saking gangguan setan. Upacara punika ugi gadhah ancas sanèsipun, ing antawisipun inggih punika:

  1. Minangka kalodhangan kanggé sarana pepanggihan kerabat, sesami anggota kulawarga ingkang amargi mapinten-pinten sebab kedah gesang tetebihan ing salebetipun wekdal ingkang dangu, lan ugi pepanggihan tumrapipun para kenalan.
  2. Minangka kalodhangan kanggé nambani kangen.
  3. Minangka kalodhangan tumrapipun para mudha tampil lan nedahaken kelakuan ingkang jumbuh kaliyan moral ingkang sampun dipunwarisaken turun-temurun.
  4. Minangka kalodhangan tumrapipun mudha-mudhi sami pitepangan.
  5. Minangka kalodhangan sami rerembagan babagan masalah sabin lan tambahan anggota kulawarga.
  6. Minangka kalodhangan tumrapipun tiyang-tiyang tartemtu ingkang dipunanggep minangka pimpinan anggènipun ngatur siasat lan strategi pembagian wewengkon sarta ngatur paburon.

Wekdal Anggenipun Nindakaken[besut | besut sumber]

Upacara Manuak dipunlampahaken kanthi cara bersale tumrapipun wanita ingkang yuswa kandhutanipun gangsal utawi pitung wulan. Yuswa kandhutan samanten punika dipunanggep rawan gangguan setan. Upacara Manuak punika dipunlampahaken satunggal dalu tutug awit saking surup dumugi subuh. Ing sadangunipun satunggal dalu punika, sedayanipun sami mbeksa lan nyekar sinambi ngubengi bale alit ingkang kagantung ing langit-langit lan saged muter manawi dipuncepeng. Manawi bale alit punika dipunputer, giring-giringipun punika suwantenipun gemrincing.

Papan Anggenipun Nindakaken[besut | besut sumber]

Bersale dipunwontenaken ing satunggalipun balai induk ingkang sampun dipuncawisaken kanthi cara gotong royong sadinten utawi kalih dinten sadèrèngipun upacara dipuntindakaken. Balai induk punika saenipun dipunyasa wonten ing satengahipun wana ingkang boten celak kaliyan dalemipun. Ancasipun mbikak wana punika supados angsal papan énggal ingkang suci. Nanging manawi boten, mbok manawi balai induk punika saged dipunyasa wonten ing sacelakipun dalem kanthi sarat resik lan suci. Balai induk ingkang sampun dados punika dipunjagi supados ampun ngantos ditumpaki kucing. Pantangan tumrapipun masarakat kubu manawi ngantos wonten kucing ingkang sliwar-sliwer mlampah ing yasan balai induk ingkang dipun-ginakaken minangka papan upacara punika.

Pihak- Pihak ingkang dipun Libataken[besut | besut sumber]

Pihak-pihak ingkang dipunlibataken wonten ing upacara manuak inggih punika:

  1. Wanita ingkang ngandhut
  2. Kuluwarga saking pihak garwa kakung lan garwa èstri
  3. Dhukun
  4. Inang
  5. Penyanyi
  6. Tamu

Persiapan lan Perlengkapanipun Upacara[besut | besut sumber]

Upacara manuak punika dipunwontenaken manawi kandhutanipun sampun pitung wulan. Manawi sampun dumugi wekdalipun, sedaya perlengkapan dipunsiapaken. Perlengkapan punika ing antawisipun inggih punika:

  1. Balai induk minangka papan upacara
  2. Balai alit ingkang cacahipun tiga
  3. Balai penghadapan
  4. Balai pengasuhan
  5. Balai pelulusan
  6. Masak tetedhanan lan unjukan sarta keperluan sanèsipun

Réferénsi[besut | besut sumber]

Kahar, Tabran. 1985. Upacara Tradisional Daerah Jambi. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah.

Chathetan suku[besut | besut sumber]

Cithakan:Upacara Tradhisional Jambi