Ts’ai Lun
Ts’ai Lun ya iku penemu kertas.[1] Dhèwèké lair ana ing Guiyang (saiki kalebu ing wewengkon Provinsi Hunan), kng urip selitar taun 105 Masehi ing jaman Kamaharajan Ho Ti ing daratan Cina.[1] Dhèwèké minangka salah sawijining pegawé ing kamaharajan.[1] Ts’ai Lun njabat minangka pembantu jaksa ing pengadilan.[1] Nalika iku wong Cina wis nguwasani tulisan.[1] Wektu iku tulisan digawé ana ing dhuwur irisan pring tipis kang wis dipepe.[1] Wong-wong Cina padha nggunakaké pring amarga Nagara Cina wekti iku lagi akèh tuwuhan pring.[1] Ts’ai Lun kagolong wong kang bisa nulis.[1] Dhèwèké mikir supaya bisa ngejurake pring lan digawé lembaran-lembaran.[1] Ide mau langsung ditindakake.[1] Dhèwèké nyiapake piranti lan bahan-bahan kango gawé kertas.[1] Ts’ai Lun ngumpulake ketokan-ketokan pring.[1] Ketokan mau banjur dikum nganggo banyu.[1] Pring kang wis dikum dientas lan dilebokake ing wadah kang dilapisi wesi.[1] Wadah kang ana pringe mau dideleh ing dhuwure tungku kang ana wawane.[1]
Pring- pring mau banjur dijor.[2] Pring-pring mau kang wis ajur, dijupuk sithi-sithik, banjur pring mau dideplok manèh supaya dadi luwih alus.[2] Ts’ai Lun nggunakaké lumpang nalika ndeplok adonan pring.[2] Sawise adonan alus, adonan mau dideleh ana ing cetakan lan dipepe nganti garing.[2] Banjur pring mau dadi lembaran kertas.[2]