Toyohiko Kagawa
| Toyohiko Kagawa | |
|---|---|
| Lair | 10 Juli 1888 Kobe, Jepang |
| Pati | 23 April 1960 |
| Bangsa | Jepang |
| Pakaryan | Reformator sosial, aktivis pardamaian, aktivis buruh, pengabar Injil, panyerat |
Toyohiko Kagawa inggih punika satunggalipun tokoh agami Kristen ing nagari Jepang ingkang gadhah perhatian ingkang ageng tumrapipun swasana sosial ing wekdal gesangipun.[1][2] Wiwit taun 1909, Kagawa mutusaken badhé manggèn sesarengan kaliyan tiyang ingkang mlarat ing satunggalipun tlatah ingkang namanipun Shinkawa.[1][2] Kagawa manggèn ing gubug dharurat kanthi ukuran 2x2 méter.[2] Kagawa lajeng nampung tiyang mlarat cacah sekawan sanèsipun ing gubug kasebat lan mbiyayeni pagesangan tiyang punika kanthi beasiswa ingkang panjenenganipun angsal saking pamaréntah kanggé studinipun Kagawa.[2] Sanajan gesang kanthi kangelan ing bab ekonominipun, Kagawa tetep nglajengaken studi teologinipun.[2]
Salah satunggalipun jasa Kagawa dhateng pamaréntah inggih punika ing bab mbudidaya ngicalaken kamlaratan.[2] Kagawa sampun neliti kanthi èlmiah sabab-sabab kamlaratan, akibat-akibatipun, lan cara ngicalaken kamlaratan.[2] Asil panaliten kasebat dipunserat ing buku kanthi irah-irahan "Ilmu Jiwa babagan Kamlaratan" (The Psychology of Poverty).[1][2] Buku kasebat saged narik kawigaten pamaréntah Jepang saéngga pamaréntah tansah mbudidaya ngicalaken tlatah-tlatah papan panggènipun tiyang mlarat, ingkang ugi gadhah nama slum, lan nggantos tlatah kasebat kanthi griya-griya ingkang mirah.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njawi
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |