Tlaga Titicaca

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tlaga Titicaca dideleng saka luar akasa.

Tlaga Titicaca iku tlaga paling dhuwur ing donya kanthi kadhuwuran 3821 m dpl. Tlaga Titicaca uga wujud tlaga gedhé dhéwé ing Amérika Kidul. Tlaga kang ana ing pagunungan Andes iki wiyaré 8300 kilomèter persegi. Nagara ing wétané tlaga Titicaca ya iku Peru sauntara nagara ing kuloné ya iku Bolivia.

Tlaga Titicaca duwé jero rata-rata watara 140 lan 180 m, kanthi jero maksimal 280 m. Luwih saka 25 kali mili lumebu menyang tlaga iki. Tlaga iki uga nduwé 41 pulo. Sapérangan pulo kang ndunungi padhet.

Asal jeneng Tlaga Titicaca ora diweruhi; wus dipertal dadi "Watu Puma" utawa uga minangka Curam Timah Ireng. Tlaga Titicaca duwé sapérangan jeneng setempat. Sisih kidul wétan tlaga nyambung karo tlaga utama déning selat Tiquina. Sisih kidul wétan tlaga cilik iku ditepungi minangka Tlaga Huinaymarca déning wong Bolivia, lan tlaga gedhé minangka tlaga Chucuito. Wong Peru uga nepungi tlaga cilik minangka tlaga Pequeño lan tlaga gedhé minangka tlaga Grande. Miturut carita sajarah, biyèn ana sawijining raja saka suku Indian Inca kang asmané Atahualpa kang nguwasani tlatah sakiwatengené tlaga iku. Sawijining dina raja Atahualpa olèh pitedah saka déwa kanggo numpuk bandha (emas) kagungané karajané uga duwèkané rakyaté ing njero tlaga Titicaca. Raja Atahualpa yakin yèn panjenengané kudu nuruti titah mau. Mila raja nitahaké rakyaté kanggo nglumpukaké kabèh bandhané kang kagawé saka emas. Rakyat kang setya tuhu marang rajané tanpa kabotan nuruti titah mau, lan kanthi dibawahi raja banjur padha nyemplungaké bandha emasé ing tlaga Titicaca.