Tembung ninggalaké

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tembung ninggalaké ing ukara iku kadhapuk saka tembung dhasar ninggal kawuwuhan panambang -aké (ora langsung saka tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater hanuswara Ian panambang -aké.

Tembung ninggalaké ing ukara iku kadhapuk saka tembung dhasar ninggal kawuwuhan panambang -aké (ora langsung saka tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater hanuswara lan panambang -aké.

Padhapuk[besut | besut sumber]

Tembung ninggal iki kalebu ewoning tembung kriya tanduk, asalé saka tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara. Kanthi mangkono, pandhapuking tembung andhahan ninggalaké iku ana rong tataran. Sapisan, tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara dadi ninggal. Kapindho, tembung ninggal, nuli didadèkaké tembung dhasar, kawuwuhan panambang -aké dadi ninggalaké.

Padha-padha tembung andhahan kang anasiring ater-ater anuswara lan panambang -aké, padhapuking tembung ngulihaké, upamane béda karo tembung ninggalaké mau. Tembung ngulihaké kadhapuk saka tembung lingga ulih kawuwuhan ater-ater anuswara lan panambang -aké, ora saka tembung dhasar ngulih kawuwuhan panambang -aké.

Panambang -aké kang kawuwuhan ing tembung kriya tanduk, kaya kang dumadi ing tembung ninggalaké, iku lumrahé mengku teges nindakaké pakaryan kang kasebut ing dhasaring tembung kanggo wong liya utawa kanggo lésané. Upamané, "Agung ninggalaké pagawéan kanggo Wening". Ukara iki mengku teges “Agung nindakaké pakaryan ninggal pagawéan kanggo Wening (lésan)”.

Banjur kepriyé tembung ninggalaké ing ukara "Wis suwé Abu ninggalaké désané?" Panganggoné tembung iku nyata ora laras karo isining ukara kasebut. Jalaran, pakaryan “ninggal” ing kono ora kanggo sapa-sapa. Tegesé, désané ing ukara iku ora ditinggalaké marang sapa waé. Kanthi mangkono, ukara iku sing bener Wis suwé Abu ninggal désané. Utawa, yèn ora nganggo tembung ninggal lan tegese ukara iku isih padha, ukara mau bisa diowahi dadi Wis suwé Abu lunga saka désané.[1]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 1–2. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba[besut | besut sumber]