Tembung nindita lan anindita
Tembung nindita lan anindita iku asalé saka basa Sangsekerta, kadhapuk saka tembung wod nid utawa nind. Tembung wod nid utawa nind iku mengku teges baku (pokok) "cacad" lan "luput", déné tembung anindita mengku teges "tanpa cacad". Tetembungan anak anung anindita tegesé "anak (bocah) kang linuwih, kang tanpa cacad".
Owah gingsiring
[besut | besut sumber]Sawatara, tembung kang asalé saka basa Sangsekerta utawa saka basa Jawa Kuna (basa Kawi) iku ing basa Jawa saiki sok ngalami owah gingsir. Owah gingsiring tembung iku ana kang magepokan karo pakecapané, upamané wwai (wway) dadi wé "banyu", wwalu dadi wolu, druhaka dadi duraka "duraka", dobya dadi darbé "darbe/duwe" lan ana uga kang magepokan karo teges utawa maknané. Tembung marta upamané, kadhapuk saka tembung wod mot kang tegesé "mati". Tembung marta ing jaman saiki ditegesi "urip", tetembungan tirta marta banjur ditegesi "banyu panguripan". Ing mangka, tembung kang satemené mengku teges urip utawa panguripan iku amarta "ora mati/urip". Saèmper karo owah gingsiring teges tembung marta iku, tembung nindita kang ing sakawit mengku teges "cacad", "luput", lan "ina" ing jaman saiki ana kang negesi "tanpa cacad", "linuwih", lan "pinunjul". Kanthi mangkono, anak (bocah) kang dijenengi Priya Nindita iku linambaran panggadhang (pangarep-arep) amrih dadi priya (bocah lanang) kang tanpa cacad (pinunjul utawa linuwih).
Uga delengen
[besut | besut sumber]- Tembung mriki lan ngriki
- Tembung ngombé lan ngunjuk
- Tembung nimbali lan ngaturi
- Tembung nyaosi lan maringi
- Tembung suwargi lan almarhum
Kapustakan
[besut | besut sumber]- Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. kc. 67. ISBN 978-979-2100-51-8.
- Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. kc. 3. ISBN 978-979-6729-91-3.
- Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti. kc. 30–32.
- Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 79–80. ISBN 978-979-1854-05-4.