Tari ronggeng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Tari ronggéng inggih punika kasenian tradisi ingkang yuswanipun sampun sepuh ing tanah Jawi. [1]Ronggéng miturut ètimologi saking kalih tembung yaiku rong lan géng. Rong tegesipun lubang lan géng  punika tegesipun nari, dados saged dipunsebat menawi ronggeng inggih punika penari ingkang nggadhahi lubang (penari tiyang èstri).

Miturut Darno Kartawi, ronggéng sadéréngipun prastawa G30S/PKI inggih punika kasenian rakyat ingkang dados perangkat kasejahteran dèsa, kaitanipun kaliyan adicara syukuran saksampunipun panèn pari. Bentuk pertunjukan ronggéng ing jaman mbiyén sering dipunsebat ngandhapaken para penarinipun. Amargi mbiyén ronggéng punika biasanipun dipunwiwiti ndalu ngantos ènjing.

Ing sela-sela pertunjukanipun penonton umum ingkang katiban sampur punika kedah nari sareng kaliyan ronggéng lan saged nindakaken suwelan utawi gembréngan. Ngantos pungkasan, pecahipun prastawa G30S ingkang dados kathah tiyang ingkang kalibat ing kagiyatan PKI dados sasaran “operasi pemulihan ketertiban dan keamanan”. Ing wekdal punika kelompok kasenian ronggéng kaicalan anggotanipun. Minangka seniman ronggéng Darno Kartawi, taun 1965 dipunanggep minangka masa resèsi kasenian.

[2]Miturut masyarakat ing èra mutakhir punika, ronggéng namung dipuntegesi minangka kasenian ingkang sipatipun profan, tèmporer, lan cenderung materialistis. Babagan kasebat mesthi medal amargi pengaruh saking budaya njawi ingkang langkung ègaliter lan bebas nilai. Ronggéng jaman saiki sampun kaicalan spesifikasi ingkang dipunsebabaken amargi masyarakat pendukungipun miwiti ninggalaken kapitayan-kapitayan kuno ingkang sampun kathah generasi dipunanut leluhuripun. Nanging, ing sisi sanèsipun ronggéng dados salah satunggaling kasenian ingkang paling berkembang ing Banyumas.


Perkembangan[besut | besut sumber]

Tari ronggéng tumbuh lan berkembang ing daèrah Banyumas. [3]Kasenian tradisi punika kadiri saking ronggéng (penari) lan peralatan gamelan calung (pring) ingkang kadiri saking gambang, gambang panerus, dhendhem, kenong lan gong ingkang sedayanipun dipundamel saking pring wulung (cemeng), menawi kendhang sami kaliyan kendhang ingkang  biasanipun. Setunggal klompok calung minimal buthuh pitung tiyang anggota kadiri saking panabuh gamelan lan ronggéng/lènggér. Antawisipun gerakan khas tarian ronggéng inggih punika gerakan géyol (goyang pinggul), gédhég (pacak gulu, goyang gulu), lan uncal sampur.

Ronggéng (tayub, lengger, ledhek) miturut sejarah, mitos, lan tradisi natè dados legénda lan dipunremeni dening masyarakat padésaan. Ing wiwit kalairanipun, tayub inggih punika ritual kanggé sesembahan demi kasuburan pertanian. Penyajian tayub dipunpitados nggadhahi kekiyatan sihir lan saged mengaruhi ing adicara sesembahan punika. Saking adicara  “bersih desa”, aparat desa ngajak warganipun nindakaken tarian ing sabin-sabin kaliyan ngarapaken kaberkahan punika medal saking prosesi ingkang sampun dipuntindakaken. Taneman dados subur lan masyarakat katulung saking malabahaya.

Tayub dados pusat kekiyatan penduduk desa kados babagan slametan utawi salat tahajud minangka kaum santri (Surur, 2003: 10). Lazimipun, tarian ronggéng dipunsuguhaken saking tiyang jaler lan tiyang estri ingkang nari sami-sami (ngibing). Tiyang jaler dipunsimbolaken minangka benih taneman ingkang siap tumbuh lan berkembang, menawi tiyang èstri minangka lahan ingkang siap dipuntanemi. Kairing kapitayan masyarakat kaliyan daya sihir tarian ronggéng, panyajianipun mboten malih ing sabin-sabin, nanging ngrambah ing dunya resèpsi khitanan utawi nikahan.

Kaginaan[besut | besut sumber]

Kekiyatan gaib ingkang wonten ing ronggéng punika dipunanggep wonten pengaruhipun ing kasuburan pasangan saèngga berkah punika dipunarepaken ènggal kawujud ing bentuk kelairan larè. [4]Mboten namung punika, nanging tiyang jaler lan tiyang èstri ingkang nindakaken praktek tari kasuburan kasebat mboten nganggep minangka ajang sadéan sèks. Nanging minangka unsur sah babagan mitos, nanging pungkasanipun ronggéng mboten malih dipunsajèkaken ing adicara tasyakuran, ronggéng kaubah dados seni hiburan rakyat (Surur, 2003: 10).

Perkembangan (kapitalisasi) sosial nduikaken seni hiburan rakyat punika ‘dipunpaksa urip’ kaliyan upah. Upah pertunjukan lan tradisi sawèran ing pèntas ronggéng sampun nggeser tegesipun ingkang sipatipun ‘sakral’ dados ‘profan’.

Masyarakat ingkang mulanipun ngginakaken ronggéng kanggé adicara tasyakuran lan nambah karukunan antar warga wiwit kaicalan kaseimbangan kosmosipun. Ronggéng saolah dados lahan anyar panggénan sajumlah tiyang saged ngais rezeki. Mboten gumun menawi kathah tiyang èstri enèm ing desa mulai nglirik sinau nari lan nyanyi kanggé pèntas ronggéng. Naning wiwit klompok-klompok ronggéng sampun dipuntepang lan kondisi èkonomi ing padesaan karaos kandas, kathah klompok ronggéng ingkang nindakaken migrasi ing kutha njajakaken kasagedipun kaliyan keliling.


Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Pudhadhita, Tiara (2012-01-06). [T Pudyadita - Interaksi Online, 2018 - ejournal3.undip.ac.id "REPRESENTASI PEREMPUAN PENARI DALAM KESENIAN RAKYAT RONGGENG(STUDI SEMIOTIKA PADA FILM SANG PENARI)"] Priksa gandra |url= (pitulung). 
  2. Pudyadhita, Tiara (2012-01-06). [T Pudyadita - Interaksi Online, 2018 - ejournal3.undip.ac.id "REPRESENTASI PEREMPUAN PENARI DALAM KESENIAN RAKYAT RONGGENG(STUDI SEMIOTIKA PADA FILM SANG PENARI)"] Priksa gandra |url= (pitulung). 
  3. Al maruf, Ali imron (2010-08-01). [AI Al-Ma'ruf, SR Widyastutieningrum, M Yahya - 2010 - publikasiilmiah.ums.ac.id "MODEL MANAJEMEN PEMENTASAN KESENIAN RONGGENG UNTUK MENUNJANG PENGEMBANGAN PARIWISATA DI KABUPATEN BANYUMAS JAWA TENGAH"] Priksa gandra |url= (pitulung). 
  4. Al Ma'ruf, Ali Imron (2010-08-01). [AI Al-Ma'ruf, SR Widyastutieningrum, M Yahya - 2010 - publikasiilmiah.ums.ac.id "MODEL MANAJEMEN PEMENTASAN KESENIAN RONGGENG UNTUK MENUNJANG PENGEMBANGAN PARIWISATA DI KABUPATEN BANYUMAS JAWA TENGAH"] Priksa gandra |url= (pitulung).