Menyang kontèn

Sosiolinguistik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sosiolingistik ya iku babagan kang ngrembuk interdisipliner kang nyinaoni babagan budaya ing sajeroning basa kang digunakaké. Iku uga ngandharake yen Sosiolinguistik iku nyinau wong-wong kang migunakake basana uga pangginaning basa, papan, tata cara, lan sebab anane kontak basa. Kontak basa iki bisa uga luwih saka rong basa.

Sosiolinguistik uga nduwe gegayutan karo antropologi lan luwih saka pragamatik.[1] Babagan iki ndelokaken kepiye basa iku duweni jinis, beda-beda uga ana ing kelompok sosiyal (agama, status, gender, tingkat pendhidhikan, umur, lsp). Saliyane iku mau ana uga gayutane karo wates-wates Geografi kayata pegunungan, sagara wedhi, kali lan sapanunggalane. Ing liyane uga ana pembahasan ngenani kepiya anggone basa iku digunakake nggawe anane kelas sosiyal ekonomi.

Ing mangkono basa iku gegayutan karo masarakat kang dadi subyek utawa kang dadi nggunakaké basa kanggo komunikasi.

Babad[besut | besut sumber]

wiwitan[besut | besut sumber]

Aspek sosiyal saka basa bisa didelok saka pisanan panaliten linguistik Jepang ing taun 1930s lan saka Louis Gauchat saka Switzerland ing taun 1900s. Anane owah-owah saka basa iku uga dadi sebab teori Wave Ing abad 19. Pangginaning tembung Sosiolinguistik iku pisanan ing taun 1939 saka artikel ''Sociolinguistics in India''.

Kontribusi saka Kulon[besut | besut sumber]

Andharan ngelmu saka Kulon diwiwiti William Labov.

Daftar Pustaka[besut | besut sumber]

  1. Gumperz, John J.; Cook-Gumperz, Jenny (2008-09). "Studying language, culture, and society: Sociolinguistics or linguistic anthropology?1: LANGUAGE, CULTURE, AND SOCIETY". Journal of Sociolinguistics (ing basa Inggris). 12 (4): 532–545. doi:10.1111/j.1467-9841.2008.00378.x. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung)