Situs Gembirawati
Praèn
| Situs Gembirawati | |
|---|---|
Pernahé ing Jawa | |
| Tetélan pokok | |
| Cakrik yasan | Pasanggrahan |
| Kutha | Cedhak Bantul, DIY |
| Nagara | Indonésia |
| Rampung | Pungkasan abad ka-18 utawa wiwitan abad ka-19 |
| Klièn | Hamengkubuwana II utawa Kasultanan Yogyakarta |
Situs Gembirawati ya iku salah sawijiné situs Mataram Islam ing tlatah Dhusun Watugajah, Girijati, Panggang, Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta. Wangunan iki diarani déning wong-wong kana minangka jugrugan candhi. Sajatiné wangunan iki wujudé dudu candhi, nanging awujud pasanggrahan saka mangsa Mataram Islam. Amarga sèjarah iku, jèneng komplèks wangunan iki diarani Situs Gembirawati.