Serat Bima Suci
Serat Bima Suci dipunéwahi déning Yasadipura I, pujangga kraton Surakarta, ing warsa 1720 Jawa utawi 1793 Maséhi kanthi sengkalan Niring Sikara Wiku Tunggal, ingkang tegesipun icalipun sedaya awon, tiyang suci saged nyawiji dhumateng Gusti. Sengkalan punika, sanesipun kanggé ngémut sasampunipun nyerat satunggaling karya sastra, inggih punika kanggé medharaken isi Serat Bima Suci. Pujangga Yasadipura I nyerat malih Serat Bima Suci ingkang awujud tembang macapat punika ing salebeting metrum tembang gedhé ing warsa 1730 Jawa utawi 1803 Maséhi kanthi sengkalan Maleteking dahana goraning rat, ingkang ateges mlumpatipun geni ingkang agawé kwatosipun dunya, ingkang gadhah isyarat wontenipun wejangan babagan kepatén, inggih punika” ilmu pelepasan” ingkang wonten ing salebeting wejangan Déwa Ruci. Cariyos Bima Suci punika lakon karemenan kagem wasis kabatosan Jawa. Lakon Bima Suci kalebet lakon utama ingkang kalintas ing pamanah, nalika wonten masalah kabatosan ing wayang kasebat. Kathah para mistikus Jawa nyebat cariyos Bima Suci minangka wujud lakon mistik ingkang langkung lebet antawis lakon-lakon wayang sanésipun. Kanggé tiyang kabatosan Jawa kagem ngehayati lakon Bima Suci inggih punika mlangkah sedaya wujud sadar. Serat Bima Suci punika karya widyatama utawi étis filosofis ingkang ngandhut wulangan, wejangan, ugi wedharan. wulangan, wejangan, ugi wedharan punika kanthi konotatif ugi denotatif badhé dipuncobi dipunwedharaken ing penelitén punika.[1]
Sastra Jawa lan Éstetika Réligius
[besut | besut sumber]Serat Bima Suci nggambaraken prosés panggihipun éksistensi lan ésénsi, ingkang ugi dipunwanuh minangka ngluruh sarira utawi racut. Éwahing Bima dados Bima Suci utawi pepanggihan Bima kaliyan Déwa Ruci kados pepanggihan Musa kaliyan Khidir. Kasilipun inggih punika kasadharan kosmis, manunggal lair batos, wiwit dumugi pungkas. Cariyos Nabi Khidir wonten ing Suluk Lokajaya ingkang nyariosaken Nabi Khidir maringi wejangan ilmu Sangkan Paraning Dumadi utawi ancas gesang manungsa dhumateng She Malaya. Suluk Lokajaya punika sastra mistik ingkang pikantuk pangaribawa tasawuf Islam. Paraga Bima ing Serat Bima Suci nggambaraken satriya prakasa kanthi kakuwatan ingkang gedhé ugi minangka brahmana ingkang gadhah kaarifan batos. Serat Bima Suci ngandhut nilai mistik inggil ugi gadhah pangaribawa tumrap nambah kagesangan rohani tiyang Jawa. Bima pralambang tiyang wasis mistik Jawa.
Lakon Bima Suci
[besut | besut sumber]Ing lakon Bima Suci dipungambaraken sarana manungsa kanggé nggayuh kasampurnan kanthi ngupadi ngélmu babagan Sangkan Paraning Dumadi (saking pundi lan badhé wonten pundi ancasipun gesang). Bima punika tiyang ingkang jujur lan lempeng manahipun, dipunutus déning Drona ingkang badhé mejahi piyambakipun kanggé pados tirta amerta perwitasari. Lumakuning Bima dipuntuduhaken dhumateng Gunung Gandamana, alasipun wingit sanget saéngga sinten kémawon ingkang kendel mlebet ing alas Gunung Gandamana boten saged kondur malih. Ananging Bima saged kondur lan boten séda. Nalika kondur ngadep Drona, Bima dipunutus kanggé mlebet ing samodra lan ing pungkas kepanggih kaliyan Bima Kunting ingkang kados piyabakipun ananging langkung alit. Lajeng mangertosi menawi Bima Kunting punika Déwa Ruci. Déwa Ruci lajeng ngaken Bima kanggé mlebet ing talingan lan nuduhaken pagesangan ing dunya sanésipun (Alam kelanggengan) minangka sarana ningali kaleresan ingkang sejatosipun. Cariyos punika nggambaraken kepanggihipun sejatosipun saking pagesangan. Alam kelanggenan punika pepanggénan manungsa saking awit dumugi pungkas.
Lakon Bima Suci punika cariyos saking Déwa Ruci. Sasampunipun pikantuk tirta amerta perwitasari, Bima dados pandita lajeng nilaraken babagan gebyaring dunya sadéréngipun dipunémutaken déning Kresna supados nglampahi gesangipun dados ksatriya. Konsép punika lajeng dipunkenal minangka awujud ksatriya Jawa ingkang dipunsebat kanthi Satriya Pinandita. Tegesipun, sanésipun gadhah ketrampilan kanggé perang, olah kaprajan ugi gadhah olah batin ugi gadhah sesambungan ingkang saé kaliyan Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.[2]
Moral Islam ing Bima Suci
[besut | besut sumber]- Wulangan babagan ketauhidan
Amanat ingkang wonten ing salebeting Lakon Bima Suci wonten aspék ontologis ingkang ngandharaken menawi ingkang kasunyatan punika gadhah hakékat ingkang mutlak. Ketauhidan punika ingkang percados menawi Gusti punika namung setunggal, tauhid boten namung prinsip agama, namung minangka ruh lan jiwa sedanten ajaran Islam. Menawi kados mekaten, mila saben wonten ingkang nerak paugeraning tauhid lan condong dhumateng syirik minangka dosa ingkang boten dipunampuni.
- Wulangan babagan keimanan
Sasampunipun ngupadi ilmu, mila syarat ingkang utama ingkang kedhah dipunlampahi déning siswa inggih punika iman utawi percados. Ing Lakon Bima Suci wulangan babagan keimanan punika wonten ing pituturipun Bima kanggé Arjuna. Keimanan ing ajaran Islam minangka babagan ingkang utama lan boten saged dipuntilar déning tiyang ingkang taqwa dhumateng Gusti.[3]
Teges Bima Suci
[besut | besut sumber]Bima punika tegesipun setya sangét tumrap budi ingkang luhur. Menawi sampun dados pepinginanipun, sinten kémawon botén saged ngalang-ngalangi, menawi kanggé nggayuh pepinginanipun punika, sinaosa dumugi pati badhé dipunlampahi. Tiyang Jawa nggambaraken Bima menawi kaku kados teken utawi tongkat, menawi némbé kéndur saged dados tali.
Pangertosan suci punika resik, kudus, datan gadhah dosa, boten gadhah cela, nirmala, sarta murni. Kanthi mekaten pangertosan Serat Bima Suci inggih punika karya sastra Jawa ingkang ngandhut lelakuning spiritual Bima ingkang sampun dumugi derajat kasucén lair batos ugi jiwa raganipun.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ P, Purwadi (2002). Penghayatan Keagamaan Orang Jawa Refleksi Atas Religiositas Serat Bima Suci. Yogyakarta: Media Pressindo. kc. 5. ISBN 979-9222-55-9.
- ↑ Sutarso,J., Murtiyoso,B (2008-02-01). "Wayang Sebagai Sumber Dan Materi Pembelajaran Pendidikan Budi Pekerti Berbasis Budaya Lokal". Jurnal Penelitian Humaniora. 9: 12.
- ↑ Wahyono, E (2010-07-01). "Moral Islam Dalam Lakon Bima Suci". Jurnal Pengkajian dan Penciptaan Wayang. 7: 29.