Sastra pedhalangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Sastra Pedhalangan)

Sastra pedhalangan mangrupi rekabasa sastra sing diangge para dhalang ing pakeliran. Jinis sastra pedhalangan saged diperang dados wolung perkawis, ya iku suluk pelungan utawi murwa, janturan utawi nyandra, pocapan, suluk, ginem utawi antawacana, lelagon, swara, lan carita.

Suluk[besut | besut sumber]

Suluk pelungan utawi murwa mangrupi suluk bubuka pakeliran sing ditembangke ki dhalang ing wiwitan pakelirane. Pelungan kalebet salah sawiji jinis puisi pedhalangan. Suluk pelungan dados ciri khas pedhalangan Jawi Wetanan, lan suluk murwa dados ciri khas pedhalangan Jawi Kilen. Pedalangan Jawi Tengah boten nganggé suluk pelungan utawi murwa, bubukane nganggé janturan jejer. Conto suluk pelungan Jawi Wetanan ing ngandhap punika pinetik saka "Serat Wewaton Padhalangan Jawi Wetanan" anggitan Soenarto Timoer:

Sun miwiti andhalang. Wayangingsun minangka bambang paesan, kelire jagad dumadi, larapan naga papasehan, pracik tapeling jagad gumelar, yana drojog sangga bawana. Ligan rajeg wesi, blencong kencana, urube luber kadya Hyang Bathara Surya, Kothaking wayang kayu cendhana sari. Tutuping dhuwur kadya kusuma, kepyake gelap angampar....

Jinis suluk liyané sendhon, gregetsaut, lan ada-ada. Sendhon punika suluk kanggé nggambaraken kahanan sedihing ati. Gregetsaut suluk kanggé nggambaraken muntabing ati. Ada-ada suluk kanggé mggambaraken kahanan ingkang mirisi.

Janturan[besut | besut sumber]

Janturan mangrupi paparan carita nganggé basa prosa utawi gancaran dhalang kanggé nyariyosake jejer utawi adhegan siji nagari, kahanan panggonan, watek wayang, lan perkawis sing dirembag nganggé iringan gamelan. Conto janturan ing ngandhap kapetik saking "Janturan lan Pocapan Ringgit Purwo" ingkang kahimpun déning Anom Sukatno:

Swuh rep data pitana. Hanenggih negai pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi linangkung, dasa sepuluh, purwa marang wiwitan. Sanadyan kathah titahing déwa ingkang sinangga ing pertiwi, kinasongan ing akasa, kinapit samodra racak sami anggana raras, nanging datan kadya ingkang ginupit ing dalu mangke, ingkang sinebat Negari Hastina, inggih Gajahoya, Limanbenawi....

Pocapan[besut | besut sumber]

Pocapan mirip sareng janturan nanging boten nganggé iringan gamelan, namung nganggé iringan dhodhogan cempala. Conto pocapan ing ngandhap kapetik saking "Serat Pedhalangan Lampahan Wirotho Parwo" anggitanipun Ki Purwadi:

Lah ing kana ta wau, samya geder bantah binantah katungka praptaning nalendra Trigarta, Prabu Susarma ingkang minggah ing Sitihinggil nagari Ngastina tranyak-tranyak pindha sata ngupadi boga.

Antawacana[besut | besut sumber]

Antawacana utawi gineman, ya iku caturan wayang ing sajeroning adhegan. Antawacana sami kaliyan dialog ing drama, bentene dialog drama dicaturake tiyang kathah, nanging antawacana dicaturaken dhalang piyambak. Kangge antawacana wayang, dhalang kedah saged ngolah wanda swarane supados bènten kaliyan caturan wayang-wayang piyambak-piyambak. Bentenipun wanda swara wonten ing basa lesan; kanggé basa tulis dipunbentenaken nganggé nami wayang lan logat caturan tulisane.

KRESNA: Eladalah, Yayi, Yayi Setiaki.
SETIAKI: Kula nun.
KRESNA: Kakang Patih Udawa.
UDAWA: Lo, lo, lo, Hahahah… pun kakang Patih Udawa.

Lelagon[besut | besut sumber]

Lelagon mangrupi Tembang sing racaké ditembangke Pesindhen utawi waranggana lan wiraswara. Nanging lelagon ugi kalebet rumpaka dhalang ya iku, lelagon sing diangge ing limbukan utawi dagelan. Panakawan racaké guyonan sareng lelagon. Sekar-sekar sing kulina diangge ing gara-gara kathah jinise, wiwit saka sekar-sekar klasik ngantos lagu-lagu modern.

Swara[besut | besut sumber]

Saliyané suluk, janturan, antawacana,lan lelagon, sastra pedhalangan ugi nganggé swara kanggé nyarengi sabetan ing adhegan bandayuda okol begalan pati. Swara saged mangrupi sautan, adhuhan, lelaran lan onomatopia. Swara ing adhegan bandayuda pakeliran wayang dados luwih rame lantaran diiringi nganggé gamelan sing saluyu kaliyan adhegane. Ewadene swara ing basa tulis saged nganggé teknik tatatulis komik. Conto swara basa tulis ing andhap dicatet saka Lakonet garapan Ki Harsono Siswocarita:

“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos atos! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadheg, Déwa!” + “D-du-uh… tob-ba-at….”
Didupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”
“Ayo maju, Déwa!” + “Wani karo Brama?” + “Brama? O, iki jago Deksinapati: Déwa api kok kakubeku? Ayo maju! Heaah!”—(Clap!) Serbutinju (Bugh!) dupakgalak (Blak!)—“Rasakena déwa—heaah!”—(Blar!) keplaktelak! “Tobaatt!”

Carita[besut | besut sumber]

Carita sastra pedhalangan saged kaimpun ing carita pakem, gubahan, lan carangan. Carita pakem ya iku carita sing saluyu sareng kitab-kitab pawayangan kados Mahabharata, Ramayana, Pustaka Rajapurwa, lan liya-liyané. Carita gubahan ya iku carita ingkang sampun dipunrekacipta saluyu sareng jamane. Carita carangan mangrupi carita gagrag anyar sing anggitane saluyu sareng sastra pedhalangan gagrak anyar.

Tamtu sastra pedhalangan luwih manéka warna. Ing Tatar Sunda wonten Wayang golèk gaya Bandung, gaya Bogor, sareng gaya Cirebon. Ing DKI wonten gaya Betawi. Ing Jawa Tengah wonten Wayang Kulit gaya Surakarta, gaya Yogyakarta, sareng gaya Banyumas. Ing Jawa Timur wonten gaya Jawi Wetanan. Ing luwar Jawa, wonten wayang kulit gaya Bali, gaya Banjar ing Kalimantan, gaya Sasak ing Nusa Tenggara. Sedaya punika dados tandha kabinekaanipun sastra pedhalangan Indonésia.

Mugi-mugi seratan punika wonten gunané kanggé sadaya pamaos Wikipedia Basa Jawa. Matur Nuwun.(Ki Harsono Siswocarita)