Lakonet

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Lakonet gabungan saka tembung "lakon" lan "internet" gawéan Ki Harsono Siswocarito. Lakonet mangrupa lakon-lakon wayang sing dipakeliraké nèng kelirbeling utawa layarmaya internet. Lakonet disanggit nganggo kombinasi Sastra Pedhalangan mangrupa suluk (murwa, sendhon, gregetsaut, ada-ada) nyandra (janturan lan pocapan), antawacana (ginem), swara (omomatopia), lelagon (tembang), lan carita. Carita lakonet saka lakon-lakon wayang sing disanggit nganggo gagrag anyar. Lakonet kalebu sawiji genre sastra élèktronik bisa uga diarani wayang citra utawi wayang mediamaya. Salaku wayang gagrag anyar, lakonet saluyu sareng kagunan jaman informasi nèng éra globalisasi.

Conto[besut | besut sumber]

Ing andhap salah sawiji lakonet anggitan Ki Harsono Siswocarito.

NURKALA KALIMANTRA GAWE GEGER SURALAYA

Kelirbeling tabir Gusti
Tabire ya wong ngawayang
Wayang manut maring dhalang
Dalange murba ing wayang
Kelire layarmaya Gusti

MERCUKUNDA, SURALAYA.—Sang Hyang Pramesti Guru Jagatnata, ya Sang Hyang Otipati Pangawasa Jagat Triloka, linggih ing kursi Gading Gilang Kencana, dipunadhep déning para déwa, para batara, para sang hyang, para widadara, para hapsara sadaya warga Swargaloka.

JAGATNATA: Kakang Panji Narada, Kang—kados menapa kaanan ing Kahyangan iki? Kawah Candradimuka mangaladalad, magma murubmubyar, lindu kalabendhu geterbanter, Gerbang Selamatangkep padha retak, Pura risakporak. Prahara apa iki, Kang Panji?

NARADA: Aduh, Adi Guru—ampun sewu ampun. Sedaya punika gargara balamala raksasa saking nagari Tunggulwesi kang dipunpimpin déning Jendral Nurkala Kalimantra. Piyambakipun nyuwun tahta swarga. Mekaten, Gusti Pramesti.

JAGATNATA: O jagat déwa batara! Dasar denawa luwar saka tatakrama. Lha kok boten dicekal?

NARADA: Sampun, Adi Guru—Cingkarabala lan Balaupata saged mbendung balamala raksasa nganggé nutup Gerbang Selamatangkep. Saprene wadyabalane wonten ing padang Repatkepanasan. Kula nyadhong dhawuh, Adi Guru.

JAGATNATA: Aja diumbar olehe ngidak-idak Kahyangan. Kon minggat! Usir! Nek prelu basmi!

NARADA: Sendika, Gusti! Permiyos—Indra!

INDRA: Ngestoaken dhawuh!

NARADA: Atur sadaya kekiatan tempur Suralaya demi mbasmi balamala Nurkala Kalimantra.

INDRA: Sayagi!

“Para déwa sigra tumindak: Batara Brama, Batara Wisnu, Batara Surya, Batara Bayu, Batara Kamajaya, Batara Sambu, Batara Kuwera, Batara Yamadipati, Batara Aswan, Batara Aswin, Batara Bermana, Batara Bermani, Batara Bermana-kanda, Batara Citragada, Batara Citrasena, Batara Sambodana, Batara Rawiatmaja, Batara Karaba, Hyang Patuk, Hyang Tem-boro, Hyang Dewanggana, Hyang Dewasana, Hyang Dewang-kara, Hyang Sanggana, Hyang Pancadewa, Hyang Pancaweda, Hyang Dewatama,—”

“Hinggih! Hinggih! Hinggih! Hinggih!—”

Sigra para déwa basmi mala Triloka!
Wadyabala bita-buta mala padha laga

REPATKEPANASAN.—Jendral Nurkala Kalimantra ngenteni nganti gething kepatipati, benci kagirigiri.

KALIMANTRA: Grrrk-cuah-huahaha… e, e, bojleng-bojleng iblis najis padha bengis! Mana si Jagatnata? Mesti ndelik ing keleke widadari! Kikrik karo aku! Huahaha… apa patut dadi maharajadiraja para déwa? Medun waé saka tahtamu, Jagatnata! Serahke marang aku! Nek ora, Suralaya tak gawé kiamat!

KALAMURKA: Tobat, Gusti—uningani! Gerbang Selamatangkep kabuka. Para déwa nantang perang!

KALIMANTRA: Grrrk-cuah! Laknatkeparat! Serbu!

“Serbu! Serbu! Serbu! Serbuuu—”

Bala satru buta maju
Garang padha nyerang

“Kowe wani karo déwa?”

“Why not? Kowe jago, aku jago! Kowe lanang, aku lanang! Buktike: sapa luwih lanang, sapa luwih jagoan!”

“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos dados! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)

“Ayo ngadeg, Déwa!” + “D-du-uh… tob-ba-at….”

Dupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”

Tan kocapa déwa padha mati suri.

“Brama kalah! Bayu mundur!”

“Para déwa mundur! Mundur!”

“Mundur! Mundur! Mundur!—”

NARADA: Cilaka! Para déwa kalah digdaya. Wisnu!

WISNU: Yes, Sir!

NARADA: Maju!

WISNU: Siap!

“Nurkala Kalimantra! Adhepi aku Batara Wisnu!”

“Sopo? Wisnu? Ayo maju—endi jago déwa? Grrrk-cuah! Lho kok turu? O tiarap! Ngopo, Wisnu?”

“Aja takon memala! Rasakena rudal Cakra—mampus jiwamu!”—(Wuzz! Clap!)

(Krep!)—“Huahaha… rudal kaya ngene sih mana mempan!”—(Pluk! Ccss!)

“Edan! Mejen, Wisnu!”

“Aduuhh cilakaaa—”

“Mlayu!Mlayu! Mlayu!”

Déwa tawur ajurmumur
Padha kaburmabur.

NARADA: Aduh, Adi Guru—cilaka! Para déwa tanpa daya; para hyang tan menang. Kados pundi, Adi Guru?

JAGATNATA: Kakang Panji Narada sumangga sira sigra lumampah menyang mayapada demi madosi jago jawata—lelaki langit lelananging jagat!

NARADA: Sayagi, Adi Guru!

Kala tiba gara-gara
Pertanda madiacerita

KARANG KABOLOTAN.—Désa luwar kutha. Dusun buhun. Dukuh kumuh. Nyempil! Ing madiyaning huma, sawijining tebing miring, ning lelengkung gunung, wonten gubug ijuk. Punika ta dalemipun Ki Semar Badranaya sakulawarga para panakawan Amarta. Tanpa polusi kutha, gesang mardika mangayubagya. Dagelan padha gegojegan.

Lir ilir, lir ilir
Tandure wus sumilir

“Anu, Truk—rene! Gawake bedog kambi kayu.”

“Go apa?"

“Gawe geni! Ben anget: sore-sore—pedhut padha medun, ki. Eh, Bagong endi?”

“Embuh! Golek celeng, ya‘e? Hawa ngene ki: akèh kutu-jagung hama huma.”

“Lha, Romo—menyang endi?”

“Nunggoni Pak Jun!”

“Nang pucuk gunung?”

“Ho-oh, brrr… ademe!”

“Ki mbakar pohung!”

“Ah, bosen! Suasana kaya ngene: kangen bojo! Hehehe….”

Cinta dipuja
Rindu diburu

“Endah, bojoku!”

“Wualah!”

SEMAR: Pripun, Pak Jun?

ARJUNA: Parasut Tunggulnaga lan rudal Ardadedali leres dawah wonten ing gunung mriki. Pirsani, lha iku! Untung boten njeblug bareng pesawat tempur sing ngangkud Ardadedali sing ketembak dawah mengsah.

SEMAR: O, o, o.

ARJUNA: Ayo menyang Indraprasta. Mugi-mugi kangmas Yudistira sampun nemu malih pusaka nagara Kalimasada.

SEMAR: Monggo, Pak.—Le, ayo menyang kutha!

“Nah!” + “Beres, Mo!”

“Buru, Gong. Kota!”

Turun gunung Arjuna
Rambah belantararaya
Cekal Cakil
Si Butajahil

MARGASOPANA.—Jendral Arjuna lan Panakawan ngadhepi begal dalanan.

“M-mandeg! S-stop! S-sapa nama? A-arep menyang endi? S-saka endi? Mangewu! Cepet!”

“Elho! Nodong?”

“Jotos, Gong!”

(Jduh!)—“Ghk!”

“Pragalba, Rambutgeni, Galiuk, Bita Terong—maju serbu!”

“Siap!” “Beres!” “Szip!” “O’eh!”—(Jlap! Jlap! Jlap!)—“Awas!”—(Klik!)—“Hiiaa!”—(Dreder-der...!)—“Mampus lu!”

“Hehehe… Buto bego!”

Buta-buta padha sirnaperlaya
Banjur Arjuna ketemu Narada

NARADA: Eladah… bergenzong anak wong bakal diboyong! Kabeneran, Jun—ketemu. Ugi Ki Semar, hahaha… pripun kabare?

SEMAR: Kabar kabur! Eh, Nar—déwa kok keluyuran? Apa ing kahyangan kurang gawéan, ya?

NARADA: Waduh, Ki Semar—pirsani…. Kahyangan geger! Suralaya digempur balamala Nurkala Kalimantra. Para déwa padha kalah, padha pasrah! Widadari padha susah! Aku diutus milari jago jawata ana ing mayapada. Mekaten, Ki Semar.

SEMAR: O, o, o… sapa mau? Nurkala Kalimantra! Pasisirs! Dhèwèké iku masih tunggal turunan karo raksasaraja Kalimataya sing mbedahbubrah Suralaya nanging ditumpastampis kambi maharesi nuklir Prof Manumayasa. Saiki ora ana jago jawata kejabi Jendral Arjuna.

NARADA: Inggih, Ki Semar! Pripun, Jun?

ARJUNA: Sayagi!

Kebat Arjuna gempur malasatru
Laralapa. Mati! Tan dukahati!

REPATKEPANASAN.—Rudal Ardadedali nembak telak Nurkala Kalimantra. Njeblug nyapu pageblug!

“Kalimantra mati!”

“Hidup Arjuna!”

Kalimantra sirnaperlaya
Kalimasada jayawaluya

Tancep Kayon

Semarang, 2 Novèmber 2007 Ki Harsono Siswocarito

Rembagan[besut | besut sumber]

Teng punika kaula bade ngrebag babagan sastra pedhalangan sing dados konsèp estetik Lakonet.

Murwa[besut | besut sumber]

Murwa utawi suluk bubuka wonten ing inggil wau mangrupi gubahan saka suluk "Gunungan" ing Pedhalangan Sunda, nanging sampun disaluyuaken kaliyan lakonet ingkang nganggé "kelirbeling" utawi "layarmaya" kados:

Kelirbeling tabir Gusti
Tabire ya wong ngawayang
Wayang manut maring dhalang
Dalange murba ing wayang
Kelire layarmaya Gusti

Nyandra[besut | besut sumber]

Nyandra utawi janturan nganggé tata tulis warta kados wonten ing koran. Tempat jejer nagari kanggo huruf ageng sadaya, lajeng diterasaken janturan.

MERCUKUNDA, SURALAYA.—Sang Hyang Pramesti Guru Jagatnata, ya Sang Hyang Otipati Pangawasa Jagat Triloka, linggih ing kursi Gading Gilang Kencana, dipunadhep déning para déwa, para batara, para sang hyang, para widadara, para hapsara sadaya warga Swargaloka.

Antawacana[besut | besut sumber]

Antawacana utawi ginem nganggé tata tulis drama. Jeneng wayang ditulis nganggé huruf ageng. Diterasaken caturan kados andhap punika.

JAGATNATA: Kakang Panji Narada, Kang—kados menapa kaanan ing Kahyangan iki? Kawah Candradimuka mangaladalad, magma murubmubyar, lindu kalabendhu geterbanter, Gerbang Selamatangkep padha retak, Pura risakporak. Prahara apa iki, Kang Panji?
NARADA: Aduh, Adi Guru—ampun sewu ampun. Sedaya punika gargara balamala raksasa saking nagari Tunggulwesi kang dipunpimpin déning Jendral Nurkala Kalimantra. Piyambakipun nyuwun tahta swarga. Mekaten, Gusti Pramesti.

Swara[besut | besut sumber]

Swara utawi onomatopia ing adegan sabetan bandayuda ogol begalan pati nganggé tata tulis komik. Sautan, adngluhan, lalaran, lan caturan ing sabetan ditulis ing jero tanda kutip. Swara onomatopia kados swara anteman, oncatan, lan tiban ditulis ana ing jero kurung.

“Kowe wani karo déwa?”
“Why not? Kowe jago, aku jago! Kowe lanang, aku lanang! Buktike: sapa luwih lanang, sapa luwih jagoan!”
“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos dados! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadeg, Déwa!” + “D-du-uh… tob-ba-at….”
Dupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”

Lelagon[besut | besut sumber]

Lelagon sing wonten ing lakonet iki ya iku tembang "Lir Ilir" sing dicekak.

Lir ilir, lir ilir
Tandure wus sumilir

Carita[besut | besut sumber]

Cariyos lakonet punika mangrupi carangan amargi boten wonten pakemipun. Nanging pola cariyosipun saka cariyos Prabu Kalimataya sing mbedhah Kahyangan nanging dipunpejahi déning Resi Manumayasa kados sing dikandhake Semar.

SEMAR: O, o, o… sapa mau? Nurkala Kalimantra! Pasisirs! Dhèwèké iku masih tunggal turunan karo raksasaraja Kalimataya sing mbedahbubrah Suralaya nanging ditumpastampis kambi maharesi nuklir Prof Manumayasa. Saiki ora ana jago jawata kejabi Jendral Arjuna.

Pungkasan[besut | besut sumber]

Temtu lakonet punika namung salah sawiji lakonet gagrak anyar ingkang saged dikembangaken malih sing luwih saé.