Samarang NIS

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Samarang NIS ya iku stasiun sepur pertama ning Indonésia. Miturut penelusuran sajarah saka komunitas Indonésia Railway Preservation Society (IRPS) Semarang, Samarang Nederlanche Indische Spoorweg (NIS) saiki wis owah dadi permukiman warga sing dijuluki Kampung Spoorland (Jawa: dalan sepur) ana ning Kalurahan Kemijen, Kacamatan Semarang Timur.

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut penuturun sajarah Tjahjono Raharjo, salah sijiné anggota IRPS Semarang, Stasiun Samarang NIS dibangun karo perusahaan sepur Walanda jenenge NIS Maatschappij. Stasiun Samarang NIS diresmike tanggal 10 Agustus 1867. Peresmianne kui nandaake yèn jalur sepur pertama ning Indonésia saka Semarang-Tanggung sing dawane 25 kilomèter uga dibuka kanggo umum. Temuanne Tim IRPS Semarang kui béda karo sajarah sepur pertama ning Indonesia ya iku Stasiun Kemidjen. Sejarahe Stasiun Kemidjen iki diamot ana ning buku Sajarah Perkeretaapian Indonesia karanganne Tim Telaga Bakti Nusantara taun 1997 lan tulisan ning Musiyum Transportasi Taman Mini Indonesia Indah. Tim IRPS mastike yèn stasiun sepur pertama ning Indonesia ana ning Kampung Spoorland. Diwiwiti kecurigaan anggota IRPS Semarang bab jenenge stasiun sepur pertama ning Indonesia sing ora lumrah dijenengi désa dudu kutha. Sak liyané kui, gambar Stasiun Kemidjen malah luwih mirib “rumah signal” ketimbang stasiun padha lumrahe. Lan sing luwih marakake curiga manèh, ya iku lokasi Stasiun Kemidjen sing ana ana ing tengah jalur Semarang-Demak dudu Semarang-Yogja. Peta kuna Kutha Semarang taun 1866, 1869, 1909, 1917, 1925, 1935, lan 1938 lengkap kanthi letak koordinat stasiun sepur pertama ning Indonesia dikumpulke karo tim IRPS Semarang kanggo ngecek posisi stasiun sing paling bener. Koordinat lokasi stasiun mau uga dicoba dilacak lan dicocokke nganggo bantuan GPS. Wasana, Tim IRPS Semarang nemu lokasi stasiun sing bener ana ning kampung padat penduduk ya iku Kampung Spoorland. Tjahjono Raharjo lan Tim IRPS Semarang banjur nekani sesepuh ning kampung kui jenenge Ramelan. Tim IRPS Semarang kaget, nalika Ramelan nduduhke bekas yasan stasiun wis owah dadi omah warga. Separo yasan wis rata lemah, tinggal sithik sisanne yasan stasiun sing isih ketok.

Kahananne Saiki Sawisé ngerti papan panggonan stasiun sing bener, banjur tim IRPS nglapor pihak PT. KAI Daop IV Semarang lan Pemkot Semarang njaluk supaya minimal daerah kui diwènèhi tanda yèn ana yasan bersejarah mapan ning kono, nangsing nganti saiki durung ana tindakan sing riil. Tim IRPS Semarang mung njaluk pengakuan supaya sisa yasan bersejarah iki terlindungi lan ngluruske sajarah sing tumuwuh yèn stasiun pertama ning Indonesia iku dudu Stasiun Kemidjen. Tim IRPS Semarang miturut penuturanne Tjahjono Raharjo, wis wiwit wiwiti kagiyatan supaya bukti Samarang NIS iki tetep kajaga, ya iku nganakake sosialisasi karo warga Kampung Spoorland lan seminar ana ana ing panggonan mapan stasiun sing pertama ning Indonesia kui. Humas PT. KAI Sapto Hartoyo wis ngakoni yèn Samarang NIS kui pancen stasiun pertama ning Indonesia. Stasiun Kemidjen kui mung halte stasiun kanggo para penumpang ngenteni sepur sing teko, nanging temuan kui isih kudu diteliti pihak PT. KAI manèh. Pihak PT. KAI kudu njaluk kesepakatan lan kesepahaman saka para pecinta sepur liyané sing ana, supaya ora ana perdebatan sajarah ning masarakat. Kampung Spoorland kui sajatiné wis awit suwi lumebu aset PT. KAI, mulane warga kampung padha keno biaya sewa amarga mapan ana ning tanah aset PT. KAI.