Menyang kontèn

Romulus Augustus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Romulus Augustus

Romulus Augustus (463-476), dikenal uga kanthi jeneng Romulus Augustulus (Augustus Kecil).[1] Romulus Agustus iku Kaisar Romawi Barat terakir kang nyekel kakuwasaan wiwit tanggal 31 Oktober 475.[1] Romulus Augustus nyekel kakuwasaan nalika umuré isih 12 taun nganti nalika Romulus dibuwang tanggal 4 September 476.[1] Nalika Romulus Augustus diasingaké kamaharajan Romawi Barat, keruntuhan karajan romawi kuna ambruk lan dadi tanda Zaman Pertengahan wiwit ngadeg ing Éropah Barat.[1] Romulus Augustus mung sepuluh sasi nyekel kakuwasaan awit sawisé iku, Romulus Augustus disingkiraké karo Odoacer, pemimpin bangsa Jerman Kuno.[1]

Romulus Augustulus duwé jeneng dawa Flavius Momyllus Romulus Augustulus.[2] Romulus iku anak saka Orestes. Orestes iku pemimpin bala ing Karajan Romawi barat.[2] Jeneng asliné Romulus Agustus ya iku Augustus nanging wis diganti wiwit cilik amarga nalika isih cilik, bapaké wis mèlu Kaisar Julius Nepos saka Italia.[2] Kurang luwih 12 sasi Orestes mimpin Italia nanging para pasukané banjur nglawan lan milih pemimpin dhéwé kang jenengé Odoacer.[2] Odoacer banjur dadi pemimpin prajurit Jerman, Pasukan Odoacer bisa dicekel Orestes nalika 28 Agustus, 476.[2] Romulus bisa slamet saka prastawa iki lan manggon ing Campania, salah sijiné tlatah ing kidul Italia.[2]

Asma lairipiun Romulus Augustus satemenipun namung Romulus, kapundhut saking asmanipun simbah kangkung saking pihak ibu, satunggaling bangsawan saking Poetovio ing Norikum. Nanging, asmanipun kanthi resmi malih dados Augustus nalika piyambakipun lenggah ing dhampar kakaisaran. Miturut sejarawan, satunggaling kabeneran bilih kalih asmara ingkang dipunginakaken, yaiku Romulus lan Augustus. Romulus inggih punika asmanipun pangadeg legendaris kutha Roma lan Augustus inggih punika kaisar kapisan Kakaisaran Romawi. [3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 roman-colosseum.info(dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 britannica.com(dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)
  3. Gibbon, Edward (1872). The History of the Decline and Fall of the Roman Empire (ing basa Inggris). Murray.