Menyang kontèn

Ramakien

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ramakien (aksara Thai รามเกียรติ์) iku wiracarita nasional Thailand[1] sing dijupuk saka wiracarita Ramayana sing asalé saka India. Sawetara vèrsi wiracarita iki ilang nalika Ayutthaya dibedhah ing taun 1767. Saiki iki ana telung vèrsi sing séjé, salah sijiné digubah ing taun 1797 ing ngisoré pangawasan (lan sapérangan uga ditulis déning) Raja Rama I. Putrané, Rama II, nulis ulang sawatara péranganing vèrsi bapané awujud drama khon. Karya iki nduwé prabawa wigati marang sastra, seni lan sandhiwara Thai. Contoné mbok sandhiwara khon lan ana ing diturunaké saka karya sastra ini.

Sanadyan caritané isih mèmper Ramayana, nanging akèh aspèk liyané sing diowahi lan dicocogaké ing kontèks Thai kaya ta sandhangan, gaman, topografi lan unsur-unsur alami sing nduwé gaya Thai.

Minangka Thailand iku kaanggep dadi sawijining masarakat Theravada Buda, mitologi Brahmana sing diturunaké saka Ramakien iki dikarepaké kanggo mènèhi Thailand legèndha-legèndha panciptan. Saliyané iku Ramakien uga dikarepaké kanggo nanggulangi lan mbrantas takayul sing akèh diprabawai budaya animisme Cina.

Banjur ana panglukisan Ramakien sing ditampilaké ing Wat Phra Kaew, Bangkok lan akèh reca-reca ing kana sing nggambaraké sawatara paraga ing carita iki.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. แถลงข่าวประกาศยกย่องบทละครเรื่องรามเกียรติ์ พระราชนิพนธ์ของรัชกาลที่ ๑ เป็น “วรรณคดีแห่งชาติ”