Prabu Hamsa
Artikel iki tanpa rujukan sing mitayani mula isèné ora bisa divèrifikasi. Sampéyan bisa mbiyantu kanthi nambah rujukan sing trep.Artikel sing ora bisa divèrifikasi bisa dibusak kapan waé déning panata. |
Prabu Hamsa iku raja telukane Prabu Jarasandha. Tokoh iki mung tinemu ing wayang purwa lakon Sesaji Rajasuya. Amarga digdaya sekti mandraguna, Prabu Hamsa banjur didadekake bahu kanane Prabu Jarasandha. Pinercaya ngelar jajahan, wenang ngirid wadyabala saaksohini. Wadyabala saaksohini iku kedadéyan saka prajurit 109.350 + jaran 65.610 + gajah 21.870 + kreta perang 21.870.
Prabu Hamsa duwe kadang sinorohwadi nunggal sapaguron, asmane Prabu Dimbaka. Umure luwih enom, wujude jibles Prabu Hamsa, mula kekarone sinebut ratu kembar. Ana ing ngarsane Bapa Guru, kekarone padha prasetya: "Urip nunggal sakamulyan, mati nunggal sapapan."
Prabu Dimbaka iki uga dadi telukane Prabu Jarasandha. Amarga Prabu Dimbaka uga digdaya, banjur didadekake bahu keringe Prabu Jarasandha. Dipercaya mandhegani wadyabala saaksohini.
Ing sawijining dina, wayah tengah wengi, Prabu Hamsa lan Prabu Dimbaka nglurugi negara Kumbina lan Lesanpura. Klakon nawan Prabu Bismaka (ratu ing Kumbina) lan Prabu Setyajit (ratu ing Lesanpura). Nanging durung nganti disowanake ing ngarsane Prabu Jarasandha, ratu 2 mau bisa direbut dening Prabu Baladewa, banjur disingidake ing papan kang winadi. Mesthi wae Prabu Hamsa muring-muring ngadhepi kanyatan iku. Ing atase ratu 2 wis dibanda lan dijagani prajurit 2 aksohini, parandene meksa bisa kacolongan.
Sabanjuré, Prabu Hamsa dhawuh marang Prabu Dimbaka supaya ngirid wadyabala, nglurugi menyang negara Mandura. Dinuga playune Prabu Bismaka lan Prabu Setyajit mesthi menyang negara Mandura. Dene Prabu Hamsa nedya mbedhah negara Dwarawati.
Ana satengahing marga, Prabu Hamsa sawadyabalane kepethuk wadyabala Dwarawati kang tinindhihan Prabu Baladewa. Sulayaning rembug dadi perang rame. Prajurit mungsuh padha prajurit, dene Prabu Hamsa perang tandhing mungsuh Prabu Baladewa. Kekarone timbang kadigdayane. Nalika Prabu Baladewa mijilake senjata Nenggala, Prabu Hamsa gragapan, nuli ngoncati paprangan. Ngambah ing antariksa, singep mega. Niyate nedya njulung tungkul (ngelimpe), angon lenane mungsuh. Nanging Prabu Baladewa waspada ing paningal. Senjata Nenggala ditlorongake ing penere Prabu Hamsa. Ngenani lempenge (weteng ngiringan), satemah tiba ing pabarisaning mungsuh.
Priksa anggane Prabu Hamsa nglumpruk aneng paprangan tur ing barisaning mungsuh, Prabu Baladewa enget pangandikane Prabu Kresna. Sigra paring sasmita marang para prajurit pendherek saka Dwarawati lan Mandura supaya bebarengan alok yen ing paprangan ana ratu mati dadi banyu. Sedhela wae wus kapireng swarane para prajurit padha alok yen ing paprangan ana ratu mati dadi banyu.
Prabu Hamsa kang wis tatu, mbrodhol ususe, ora enggal dipateni. Kapara dijarakake wae kareben mati sakarepe dhewe. Prabu Hamsa krekel-krekel tangi, banjur jumangkah ninggalake barisaning mungsuh karo nekem ususe.