Jarasandha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jarasandha
Lukisan India kang nggambaraké adegan minangka Jarasandha dipateni Bima.
Lukisan India kang nggambaraké adegan minangka Jarasandha dipateni Bima.
Déwanagari: जरासंध
Éjaan Sanskerta: Jarasandha
Asal: Kraton Giribajra
Senjata: Gada

Prabu Jarasandha iku sawijining ratu setengah buta kang uga ingaran Narendra Slèwah putrané Prabu Wrehatrata ing Giribajra karo garwané loro Dèwi Kahita lan Kawita. Kalebu paraga wayang kang anèh, nalika lairé ora gatra titah wutuh, nanging wujud sigaran bayi loro kang saterusé bisa lestari urip bareng sigaran-sigaran iku bisa manunggal.

Diwasané ratu setengah buta iki kondhang kadidéné ratu kang sekti mandraguna, duwé kaprawiran linuwih. Aji-ajiné aran aji barabinelah kang katiyasané bisa tansah luput ing pati sauger anggané kang slèwah iku isih tetep dadi siji.

Prabu Jarasandha darbé kadang raja telukan kang kembar kemanikan aran Prabu Hamsa lan Dimbaka kang uga sekti. Amarga, saben kang siji mati terus dilumpati kadang kembaré, mesthi banjur bisa urip manèh.

Jarasandha dumadi saka sigaran bayi[besut | besut sumber]

Bab dumadiné Jarasandha, kacarita Prabu Wrehatrata nadyan wis suwé gadhah garwa loro nanging durung peputra. Mula banjur mintasraya marang Resi Cidhakosika kang banjur samadi ing sangisoring wit pelem gedhé. Sang resi ketiban woh pelem kang banjur diaturaké Sang Prabu murih didhahar pramèswariné separo édhing.

Pramèswari loro klakon nggarbini nanging salah kedadèn, padha nglairaké bayi sesigar-sesigar. Paronan bayi iku banjur dibuntel dhéwé-dhéwé, dibuwang menyang sanjabaning baluwerti. Kebeneran kok banjur ditemu Nyi Jara, balané Bathari Durga kang karem mangan gecok daging mentah. Bareng sigaran-sigaran bayi iku digathukaké, sanalika bisa nangis lan kroncalan. Tangisé seru kaya gludhug, awaké malih atos kaya wesi, nuli dijenengi Jarasandha.

Jarasandha diwasa[besut | besut sumber]

Diwasané bareng ngreti yèn dhèwèké iku sajatiné putrané Prabu Wrehatrata, Jarasandha banjur nglurug menyang kraton Giribajra males ukum marang ramané. Prabu Wrehatrata diglandhang menyang alun-alun. Diperjaya, kulité dibesèt digawé tambur, dipasang ing dhuwur gapura.

Jarasandha klakon madeg nata ing Giribajra. Sing minangka pepatih sawijining buta gedhé sagunung anakan aran Kundaranangga. Jenengé garwané Prabu Jarasandha iki ora tau kocap, mung ing antaraning putrané ana kang lair wadon loro asma Dèwi Asti lan Dèwi Prapti kang kekaroné banjur kagarwa Kangsadewa ing Kadipatèn Sengkapura.

Tambur saka walulangé Prabu Wrehatrata kang kapasang ing dhuwur gapura, saben-saben muni dhéwé tanpa tinabuh yèn ana parangmuka nyedhaki Giribajra. Swara iku sajatiné panangisé Prabu Wrehatrata kang njaluk ditulungi supaya ana kang males ukum marang anaké kang degsiya iku. Nanging ora tau ana mungsuh kang wani nyedhaki Giribajra amarga didhepani Patih Kundaranangga apa déné Prabu Hamsa lan Dimbaka. Sasuwéné iku malah Giribajra kang klakon ngelar jajahan nelukaké pirang-pirang nagara.

Patiné Jarasandha[besut | besut sumber]

Nalika prabu anom Puntadewa ing Amarta nedya nganakaké sesaji Rajasuya kang syaraté kudu ingestrenan raja satus nagara, cacahing ratu kang disedhahi nganti suwé ora bisa jangkep-jangkep amarga akèh praja kang ratuné dikunjara Prabu Jarasandha. Atas pituduhé Prabu Kresna, Bima lan Arjuna lan Baladewa nglurug menyang Giribajra ngluwari para ratu kang kinunjara mau.

Ngancik sangareping kraton Giribajra, keprungu swaraning tambur ing dhuwur gapura. Tambur dipanah Arjuna, babar dadi Prabu Wrehatrata kang banjur bali menyang kasuwargan. Prabu Jarasandha sabala akhiré tumpes. Prabu Hamsa lan Dimbaka sirna ketaman nenggalané Prabu Baladewa. Lan Prabu Jarasandha dhéwé kuwandané disigar loro déning Bima. Sing separo dibuwang menyang segara lor, separoné manèh menyang segara kidul, nganti sigaran-sigaran awaké iku ora bisa ketemu manèh.

Para narendra kang mauné kinunjara déning Prabu Jarasandha banjur padha diluwari. Prabu anom Puntadewa akhiré klakon bisa nganakaké sesaji Rajasuya kanthi diseksèni para narendra saka satus nagara.