Penyakit dhékomprèsi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Juru silem minangka wong sing bisa kena penyakit dhékomprèsi

Penyakit dhékomprèsi sing ditepungi uga kanthi jeneng barotrauma ya iku perkara medhis sing disebabaké transisi cepet saka panggonan tekanan dhuwur menyang panggonan tekanan cendhèk. Gangguan iki ora amung ditandhang juru silem ananging uga pawongan sing makarya ing hawa terkomprési, antariksawan, lan juru anggégana.[1] Ananging penyakit iki asringé ditemoni ing juru silem. Penyakit dhékomprèsi minangka dampak owahing tekanan banyu lan hawa sing cepet kadadeyan. Tuladhané nalika nyilem, lara dhékomprèsi iki kadadéyan minangka juru silem kecepeten anggoné metu saka banyu. Dhékomprèsi (pamudhunan tekanan hawa) kalangsungan kanthi cepet. Glembung gas ing jaringan lan ora bisa kawetu kanthi cepet lan runtut saèngga ninggalaké gas ing getih lan jaringan amarga paru-paru ora nduwé wektu cukup kanggo ngetokaké glembung kasebut. Kahanan iki sing ngebabaké penyakit dhékomprèsi. Glembung gas ing getih lan jaringan awak ora sempet diguwak lan nyebabaké karusakan awak lan bisa uga tilar donya.

Jalaran[besut | besut sumber]

Pawongan sing nyilem sansaya jero, tekanan parsial nitrogèn ing awaké uga nambah. Kamangka nitrogèn iki mèlu ing ili getih nang jaringan awak. Mula menawa bali ing praupan banyu, kudu alon-alon supaya tekanan gas ing awaké uga mudhun alon-alon. Kanthi cara kasebut, tekanan parsial gas ing paru-paru uga dadi luwih ènthéng saéngga getih ngeculaké gas ing paru-paru lan diguwak ing tembé mburiné.[2] Ing dhasaré, awak mbutuhaké wayah kanggo adhaptasi marang owahing tekanan sing ana. Owahing tekanan sing kadadéyan cepet nyebabaké nitrogèn sing ana ing ili getih mbentuk glembung-glembung sing bisa gawé mampet pambuluh getih lan jaringan ing utek. Bubar iku, pambuluh getih utawa jaringan organ sing mampet bisa nggawé rasa lara lan pratandha liya.

Ana pirang-pirang faktor sing bisa munggahaké risiko penyakit dhékomprèsi kaya ta:

  • Dhéhidrasi utawa kuranging cuwéran ing awak.
  • Langsung numpak montor mabur sakwisé nyilem.
  • Obésitas utawa kelemon.
  • Umuré luwih saka 30 taun.
  • Duwé riwayat lara jantung.

Pratandha[besut | besut sumber]

Pratandha lara dhékomprèsi bisa beda-beda saben wong. Gumantung ana ing papan kakadéyan. Pratandha umum penyakit iki kaya ta:

  • Rasa keju ing sendhi
  • Mumet
  • Awak krasa lemes
  • Sesak napas utawa mengi
  • Ruam utawa abang ing kulit
  • Ana pérangan awak sing mati rasa.[3]

Sajroning ndhiagnosis, dhokter ngajokaké pitakonan babagan risiko lan cara nyilem pungkasan. Dhokter uga nglakokaké prèksa marang pratandha.

Tamba[besut | besut sumber]

Ing kahanan dharurat, trap-trapan kapisan sing dilakokaké ya iku nurokaké panandang kanthi mlumah. Bubar iku, garingaké awak panandang nganggo andhuk garing lan angetaké nganggo kemul kandhel kanggo njagani pamudhunan suhu awak. Menawa ana, panandang diwènèhi oksigèn aliran dhuwur nganggo masker.

Terapi oksigèn hiperbarik ya iku sawijining mètodhé kanggo nulungi lara dhékomprèsi. Terapi iki migunakaké piranti arupa tabung utawa kamar mligi sing duwèni ancas nyetimulasi tekanan. Tekanan sing ana ing tabung nyegah nitrogèn mbentuk glembung ing getih lan ngubah glembung kasebut dadi gas sing larut ana ing getih. Ananging pertimbangan nglakoni terapi oksigen hiperbarik gumantung ana ing pratandha.

Nyegah[besut | besut sumber]

Penyakit iki bisa dicegah kanggo kaya déné:

  1. Turuti sakabehing aturan kaamanan saka pamrèntah lan wong wasis nyilem.
  2. Rembug karo wong wasis nyilem babagan watesing kajeronan lan suwé wektu anggoné nyilem.
  3. Manawa butuh, pigunakaké dive computer utawa piranti mligi sing bisa ngrewangi panyilem ngukur kajeronan nganti wektu panyileman.
  4. Trapaké safety stop utawa mandheg pirang menit bing kajeronan tertamtu. (umumé 4-5 mètér ) sadurungé bali ing praupan.
  5. Aja numpak montor mabut utawa lelungan ing dhataran dhuwur sak orané 24 jam sakwisé nyilem.
  6. Pawongan sing lagi waé pulih saka penyakit dhékomprèsi luwih becik ora nglakoni panyileman sak orané nganti wektu rong minggu.
  7. Aja ngonsumsi alkohol utawa ciu sadurung lan sakwisé nyilem.
  8. Aja sauna utawa adus nganggo banyu anget sakwisé nyilem.
  9. Phestèkaké  cuwèran awak cukup utawa ora dhéhidrasi.
  10. Menawa nduwé kahanan sing resikoné dhuwur lan nyebabaké dhékomprèsi, kaya déné lara jantung lan asma, aja nyilem sakdurungé rembugan karo dhokter amarga ana pirang-pirang kahanan sing ora mungkinaké kanggo pawongan nglakoni nyilem.[4]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sartika, Resa Eka Ayu (2018-11-03). "Mengenal "Decompression Sickness", Risiko yang Dialami Para Penyelam". Kompas.com. Dibukak ing 2020-01-30.
  2. "Apa Itu Penyakit Dekompresi yang Diduga Renggut Nyawa Syachrul Anto?". Kumparan. 2018-11-03. Dibukak ing 2020-01-30.
  3. Quamila, Ajeng (2016-12-12). "7 Masalah Kesehatan yang Mungkin Muncul Saat Menyelam". Hello Sehat. Dibukak ing 2020-02-04.
  4. "Penyakit Dekompresi". Alodokter. 2018-10-17. Dibukak ing 2020-01-30.