Pasinaonan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kutha Nagasaki 1945 sadurungé lan sawisé katibanan bom atom, minangka wujud pasinaonan akibat saka Perang Dunia

Pasinaonan ya iku saben owahing tindak-tanduk kang relatif permanen lan kedadeyan minangka asil saka pengalaman.[1] Pangertèn sadurungé ngandarake manawa sawijining manungsa bisa deleng pangowahan kang wis kalakon nanging dudu pasinanonan iku dhéwé.[1] Konsep mau ya iku teoretis, mula ora kanthi langsung bisa diamati:

Sira wis ngerti individu kang ngalami pasinanonan, ngerti individu kang tindak-tanduke nggunakaké cara tartemtu minangsa asil saka pasinaonan, lan ana saka sira wis sinau ing sawijining tahap ing panguripan. Kanthi tetembungan liya, sira bisa nyimpulake yèn pasinaonan wis kalakon nalika sawijining individu nglakoni sawijining tindak-tanduk, bereaksi, lan nanggepi minangka asil saka pengalaman kanthi sawijining cara kang béda saka carané nglakoni sawijining tindak-tanduk sadurungé [2].

Pasinaonan ing donyaning pendhidhikan[besut | besut sumber]

Pasinaonan ya iku prosès interaksi paserta dhidhik kanthi dwija lan sumber sinau ing sawijining lingkungan sinau. Pasinaonan minangka pitulung kang diwènèhi déning dwija supaya bisa kalakon prosès pikolehan ngèlmu lan kawruh, panguasan kaprigelan lan tabiat, sarta pambentukan sikap lan kapercayan marang peserta dhidhik. Utawa kanthi tembung béda, pasinaoanan ya iku prosès kanggo nulungi paserta dhidhik supaya bisa sinau kanthi apik.

Pasinaonan uga duwé pangerten kang mèmper karo pamulangan, nanging sejatine duwé konotasi kang béda. Ing konteks pendhidhikan, dwija mulang supaya paserta dhidhik bisa sinau lan ngwasani isi wulangan nganti bisa nggaayuh sawijining objektif kang ditemtokake (aspek kognitif), uga bisa mranawani pangowahan tindak-tanduk (aspek afektif), sarta katrampilan (aspek psikomotor) sawijining paserta dhidhik, nanging prosès pamulangan iki mènèhi kesan mung minangka pagaweyan sapihak, ya iku pagaweyan dwija baé. Déné pasinaonan nyiratake anané interaksi antarané dwija karo paserta dhidhik.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b Robbins, Stephen P. Perilaku Organisasi Buku 1, 2007, Jakarta: Salemba Empat, hal. 69-79.
  2. McGehee, W. "Are We Using All We Know About Training? Learning Theory and Training," Personnel Psychology, Spring 1958, hal. 2.