Padmosoekotjo
Padmosoekotjo (Jawa: ꦦꦢ꧀ꦩꦱꦸꦏꦕ) ya iku ahli basa lan sastra Jawa dhèwèké uga ditepungi minangka tenaga ahli kanggo majalah Jaya Baya. Nalika cilik diceluk Sitam. Jeneng Padmosoekotjo ditambahaké sakwisé dhèwèké ijab, banjur jenengé dadi Sitam Padmosoekotjo[1]. Sakbanjuré kondhang nganggo jeneng S. Padmosoekotjo.
Padmosoekotjo lair tanggal 28 Juni 1909 ing Desa Kumpulrejo, Kacamatan Grabag, Kabupatèn Purwareja, Jawa Tengah. Padmosoekotjo ngrampungké sekolah ana ing pendhidhikan 'Normal School' ya iku sekolah guru ana ing Purworejo taun 1929. Sakwisé tamat saka sekolah iku, dhèwèké banjur ditugaské dadi guru 'Sekolah Angka Loro' ing Desa Loning, Kacamatan Kemiri, Kabupatèn Purwareja.
Kagiyatan lan Asil Tulisan
[besut | besut sumber]Durung suwé olèhé makarya ana ing Desa Loning, Padmosoekotjo banjur diijabaké karo prawan putriné salah sijining kanca guru Sekolah Angka Loro ing taun 1922. Sakrampungé ijab --- miturut adat-istiadat Jawa wektu iku --- Sitam diwenèhi jeneng tuwané ya iku Padmosoekotjo. Saka palakrama iku lair 1 putra lan 2 putri. Sak uwisé mulang pirang-pirang taun, dhèwèké banjur dilih menyang Holands Islandsche School (HIS)[1], ya iku sekolah kang nggunakaké basa Jawa kanggo pengantaré lan murud-muridé saka kalangan priyayi.
Nalika pamaréntahan direbut karo Jepang (1942 - 1945), Padmosoekotjo diangkat dadi 'koco sensai' utawa penilik kang mbawahi 17 sekolah ing Kacamatan Kemiri, Kabupatèn Purwareja. Amarga prestasiné (paling unggul) ing kursus basa Jepang, dhèwèké ditunjuk dadi pemandhu lan ngancani pejabat Jepang kang teka ing Purwareja, banjur dhèwèké ditawani sekolah ana ing negara Jepang. Malah dhèwèké uga ditawani dadi 'daidanco' (pejabat) lan 'sanco' (camat) ing Kemiri déning pamaréntah Jepang. Nanging, tawaran ditolak amarga Padmoseokotjo luwih seneng dadi guru. Ing taun 1944 - 1947 dhèwèké diangkat dadi kepala sekolah rakyat (SR). Profési minangka guru dilakoni nganti jaman kamardikan.
Nalika taun 1947, Kawidi lan Soetoko, kancané Padmosoekotjo, miwiti mbukak Sekolah Guru Bagian B ana ing Purworejo. Wiwit kuwi, dhèwèké banjur dadi guru ana ing sekolah SGB iku. Ana ing sekolah iku Padmosoekotjo mulang pelajaran basa (lan sastra ) Jawa uga pelajaran ngétung. Ing taun 1961, SGB iku banjur diganti dadi SMP. Bebarengan karo kabijakan iku, Padmosoekotjo dilih tugas ing SMP Negeri 3 Purworejo, sawise 14 taun ngajar ana ing SGB. Sabanjuré, sakwisé 8 taun ngajar ing SMP, dhèwèké banjur nglèrèni dadi guru kanthi hak pensiun wiwit 1 Januari 1969.
Sakwise lèrèn anggoné dadi guru, Padmosoekotjo malah nduwéni akeh kagiyatan, antara liya, dadi dhosèn ing Basa (lan Sastra) Jawa ing Fakultas Keguruan lan Ilmu Pendidikan Universitas 17 Agustus Purworejo, dadi guru privat basa Jawa kanggo misionaris Amerika kang nembé tugas ing Purwareja (1970-1975 ), lan dadi tenaga ahli ing majalah Jaya Baya. Minangka ahli basa lan Sastra Jawa, Padmosoekotjo asring diundang dadi narasumber ing diskusi resmi lan uga seminar-seminar bab basa lan sastra Jawa, kaya ta, narasumber kegiatan “Sarasehan Ejaan Bahasa Jawa yang Disempurnakan” kang dianakaké ing Yogyakarta tanggal 17 – 19 Januari 1973, uga dadi penceramah ing sarasèhan kang dianakaké déning Jurusan Sastra lan Budaya Jawa, Fakultas Sastra lan Budaya Universitas Negeri Surakarta.
Miturut Djumadi (1987), Padmosoekotjo ora mung ahli nanging uga tokoh --- basa lan sastra Jawa --- kang wekel ing karya lan nyetitèkaké kuwajiban. Akèh tulisané dhèwèké kang njlèntrèhaké bab basa, sastra, lan budaya Jawa ing majalah Jaya Baya. Nganti sedané (tanggal 21 Dhèsèmber 1986), tulisan Padmosoekotjo isih metu ing majalah Jaya Baya. Malah ana crita "Gelaran Wayang Purwa Mawa Carita" kang dibabar déning Jaya Baya wiwit tanggal 8 Juni 1975 nganti rampung tanggal 1 Maret 1987.
Wiwit isih bocah Padmosoekotjo seneng nonton pagelaran wayang kulit. Sawise lumebu ing sekolah, kasenengané nonton wayang kulit isih diterusaké lan uga bebarengan karo kasenengané ing bidang maca lan nulis. Kaseriyusané ing bidang maca lan nulis anggawé dhèwèké maca buku kanthi tekun, utamané buku-buku sastra klasik sing ngemot crita wayang. Wiwit iku dhèwèké uga wiwit kulina karo sastra lisan minangka bahan wewacan.
Ing jagad kasusastran Jawa, Padmosoekotjo kalebu penulis kang produktif. Ana 12 judul buku kang dhèwèké wis kasil nulis, paling akèh kanggo kebutuhan pelajaran ing sekolah. Buku-buku kanthi sesirah Ratjikan Basa Jilid I lan II (1953), Ngengrengan Kasusastran Djawa jilid I lan II (1953), Sarine Basa Djawa (1955), Wewaton Panulise basa Djawa nganggo Aksara Latin (1956), Patine Paramasastra (1956), Tatarane Basa Djawa (1958), Memetri Basa Jawi Jilid I, II, lan III (1979, 1982, lan 1982), Wewaton Panulise Basa Jawa nganggo Aksara Jawa (t.t), Limpat Nembang Macapat (t.t), lan Paramasastra Jawa (1986) ya iku buku-buku bahan ngajar kanggo SLTP lan lanjutané. Sawektara iku, buku-buku kang judule Suluk Pedhalangan (1978) lan Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita jilid I, II, III, IV, V, VI, lan VII (1979, 1981, 1982, 1984, 1984, 1985, lan 1986) yaiku buku pedoman lan bacaan kanggo umum. Sakliyane kuwi, Padmosoekotjo uga nyusun buku Berhitung jilid 1, 2, lan 3 (1955). Buku iku digunakake dening SGB.
Produktivits Padmosoekotjo ing bab nulis buku ora teko dumadakan, nanging liwat proses kang dawa, kaya ta pengalamane nulis Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita kang sempat mandeg 45 taun 9 1930 – 1975). Akeh motivasi kang nyebabake Padmosoekotjo rajin nulis, contone, nalika nyusun buku kanggo kabutuhan seklah taun 1950-an, sokongan kang kuat banget wektu iku amarga sekaolah-sekolah padha mbutuhake sarana lan bahan ajar. Antarane buku-buku kui mau, yaiku buku ajar lan buku bacaan amarga negara lagi kena krisis ekonomi lan moneter amarga perang kamardikan. Kaanan lan kondisi kang mrihatinake iki ngurupake semangat Padmosoekotjo --- kang profesine guru --- kanggo nyusun buku-buku kabutuhan sekolah kanggo lakancarane proses pasinaone murid-murid.
Miturut Suparto Brata (1981), Padmosoekotjo iku kalebu pengarang Sastra Jawa kang luwih manekuni pakaryane minangka guru. Mula iku, buku-buku tulisane dheweke akeh kanggo sarana kegiatan ajar ing institusi pendidikan formal. Ras uga nyatakake, sanadyan buku-buku Padmosoekotjo luwih akeh dienggo marang kabutuhan sekolah, nanging buku-buku mau marakake deweke kasebut penulis misuwur. Babagan nulis buku, buku-buku Padmosoekotjo soal petungan uga dadi prestasine. Nanging saknyatane, Padmosoekotjo, luwih minta ing bidang bahsa lan sastra Jawa. Mulo ora keliru yen dheweke digolongake minangka penulis handal ing bidang basa lan sastra Jawa.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b Widati, Sri; Prabowo, Dhanu Priyo; Rahayu, Prapti (2015). Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta. kc. 384–385. ISBN 9789791852357.