Paès Kasatriyan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Paès Kasatriyan minangka salah satunggaling busana pinangantèn ingkang prasaja. Wonten ing padusunan, busana punika asring dipunagem déning pinangantèn amargi mirah saha katingal luwes, éndah, sarta wibawa. Kajawi punika, paès kasatriyan ugi asipat santai non formal. Padatanipun paès kasatriyan punika dipun-agem wonten ing adicara pahargyan utawi resèpsi.

Paès kasatriyan wonten kalih werni, inggih punika kasatriyan kaliyan kasatriyan ageng. Wondéné busana kaliyan sadaya tata riasipun kaandhar ing ngandhap punika.

Tata Rias Pinangantèn Kakung[besut | besut sumber]

Tatanan rikma pinangantèn kakung namung prasaja. Rikma dipunjamas, dipungaringaken, lajeng dipuntata supados rapi. Ing paès kasatriyan ageng pinangantèn ngagem kuluk kanigaran ingkang dipunjangkepi kaliyan mundri/nyamat awujud candèn. Paès kasatriyan ageng ngginakaken ukel tekuk alit, pethat alit, sarta satunggal mentul alit ingkang dipunpasang ing wingking. Wondéné ing paès kasatriyan, pinangantèn ngagem déstar motif jumputan/tritik ingkang dipunjangkepi bros, saèngga tatanan rikmanipun prasaja sanget namung dipunpethati kanthi rapi. Kekalihipun punika ngagem sumping melathi ing sasalénipun talingan kaliyan kuluk utawi déstar.

Rasukanipun paès kasatriyan punika wujud surjan motif sekar utawi polos ingkang wonten rènda/payétipun. Kain ingkang dipun-agem inggih punika kain prahosan tipis utawi kain tanpa phaos/payét. Kajawi saking punika, pinangantèn kakung ugi ngagem lonthong cindhé, kamus bludiran werninipun cemeng. Cénélo utawi selop ingkang werninipun cemeng ugi njangkepi busananipun pinangantèn kakung kasatriyan ageng, nanging ing paès kastriyan ngagem selop ingkang wonten rerengganipun.

Aksesoris ingkang dipunagem déning pinangantèn kakung boten kathah, namung bros ingkang dipunpasang ing surjan sisih tengen radi nginggil, karsét utawi kalung warninipun emas, kaliyan dhuwung branggah ingkang kajangkepi roncen usus-usus cacahipun pitu.

Tata Rias Pinangantèn Putri[besut | besut sumber]

Tata rias rikmanipun pinangantèn putri paès kasatriyan punapa déné kasatriyan ageng sami kaliyan paès jogja putri, kados ta : sanggul ukel tekuk, mentul ageng, ceplok, pelik, ceplik, jébéhan, usus-usus melathi, kaliyan pethat gunungan. Makaten ugi paèsan pasuryanipun ugi sami, kados ta: panunggul, pangapit, panitis, sarta godhèg.

Busana ingkang dipun-agem déning pinangantèn putri paès kasatriyan ageng ing antawisipun : kain pradan ingkang ngagem paèsan payét, kebaya panjang ingkang bahanipun beludru kados déné pinangantèn kakung. Selopipun ugi sami werninipun kaliyan pinangantèn kakung, ugi wonten hiasanipun. Wondéné ing paès kasatriyan ngagem kebaya motif kembang utawi polos sarta kainipun kain prahosan sami kaliyan pinangantèn kakungipun.

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]