Ousmane Dembélé
|
Dembélé rikala main ing La Liga Spanyol mengsah Real Valladolid | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Ousmane Dembélé | ||
| Tanggal lair | 15 Mèi 1997 | ||
| Papan lair | Vernon, France | ||
| Dhuwur | 1.78 m (5 ft 10 in)[1] | ||
| Posisi main | Penyerang | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Barcelona | ||
| Angka | 11 | ||
| Karir nom | |||
| 2004–2009 | Madeleine Évreux | ||
| 2009–2010 | Évreux | ||
| 2010–2015 | Rennes | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2014–2015 | Rennes II | 22 | (13) |
| 2015–2016 | Rennes | 26 | (12) |
| 2016–2017 | Borussia Dortmund | 32 | (6) |
| 2017–saiki | Barcelona | 3 | (0) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2013–2014 | Perancis U17 | 8 | (4) |
| 2014–2015 | Perancis U18 | 5 | (0) |
| 2015 | Perancis U19 | 3 | (1) |
| 2016– | Perancis U21 | 4 | (0) |
| 2016–saiki | Perancis | 7 | (1) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 7 January 2018. | |||
Ousmane Dembélé (lair 15 Méi 1997) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Prancis ingkang main ing posisi minangka panyerang ing klub FC Barcelona lan Timnas Prancis.[2] Dembélé miwiti karir sénior ing klub Rennes' Championnat de France Amateur 2 minangka juru main cadhangan, ing tanggal 6 Sèptember 2014.[2] Ing menit 78 Dembélé nggantosaken Zana Alleé lan dipunkombinasikaken kalih Ambroise Gboho kanggé mbiyantu Alseny Kourouma damel gol ka kalih lan menang 2-0 mengsah Guingamp.[2]
Tanggal 9 Novèmber, Dembélé nyithak gol pertama, wekdal pertandhingan ing Stade de la Piverdière.[2] Dembélé nyithak 13 gol ing 18 pertandhingan, kalebet hat-trick ing tanggal 16 Mèi 2015 wekdal menang 6-1 ngalahaken Hérouville.[2] Tanggal 12 Mèi 2016, Dembélé nandhatangani kontrak gangsal taun kanggé klub Jerman Borussia Dortmund, wiwit 1 Juli.[2]
Dortmund tumbas Dembélé kanthi regi €15 juta.[3] Ing Dortmund, Dembélé langsung tampil saé lan main ing kathah pertandhingan.[3] Semusim ing Dortmund, Dembélé nyithak enen gol saking 32 pertandhingan.[3] Ing pungkasaning mangsa, Dembélé kapilih minangka juru main debutan ingkang saé piyambak Bundesliga.[3] Satunggaling préstasi ingkang ndamel FC Barcelona ngrekrut Dembélé.[3] Taun 2017 Dembélé dipunrekrut saking Dortmund kanthi regi £97 yuta utawi 1,6 triliun rupiyah.[3]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]- (ing basa Indonésia) Profil Ousmane Dembélé
- (ing basa Indonésia) Ousmane Dembélé