Ojhung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ojhung (Ojung atau Ujung) menika salah satunggiling ritual tradhisi saking Dhusun Bugeman, Kecamatan Kendit, Kabupatèn Situbondo, ingkang sampun kaleksanan déning para leluhur Dhusun Bugeman.

Ojhung menika tradhisi sabet-sabetan rotan ingkang dipunmainaken tiyang kalih. Tiyang kekalih menika gentosan anggènipun nyabeti lawanipun. Nalika setunggal nuthuk, setunggalipun kedah mbudi daya nangkis utawi ngéndha. Rotan ingkang dipunginakaken panjangipun 1 meter, lemes tur pengkoh. Mila mekaten, sabetanipun saged ndadosaken tatu biru, tajemipun rotan saged nyowekaken kulit lawanipun. Boten awis, getih seger ngucur lan nètès nalika tetandhingan kalampahan.

Pemain Ojhung menika kedah wantun sarta rikat lan trengginas anggènipun mainaken rotan. Rotan dipunibarataken minangka pedang, dados kedah dipunsabetaken dhateng badanipun lawan sakathah-kathahipun. Boten naming menika, tetandhingan adu rotan menika kedah nebihaken sipat nepsu lan balas dendam. Kalih sipat ala menika naming nyorèng katulènan tradhisi Ojhung. Kacariyos tradhisi Ojhung menika ngrembaka wiwit abad kaping 13 ing Pulau Medura ingkang teksih wonten gegayutanipun kalih leluhur masarakat inggih menika Raden Imam Asy'ari. Piyambakipun menika siswanipun Sunan Kalijaga ingkang ndhèrèk nyebaraken agami Islam ing Medura. Mila mekaten, pagelaran tradhisi Ojhung menika dados pagelaran kanggé mengèti perjuanganipun Raden Imam Asy'ari.

Alesan Pagelaran Ojhung[besut | besut sumber]

Wonten gangsal alesan seni Ojhung menika kagelar.

  1. Wonten ing pinten-pinten panggènan, Ojhung menika kanggé ngundang jawah. Dipunpitadosi bilih nalika getihipun pemainipun nètès menika tandhanipun panyuwunan piyambakipun dipuntampi déning Ingkang Makwasa
  2. Ojhung menika dados pertunjukan pambika ing pertunjukan Singo Ulung Situbondo utawi Bantengan di Majakerta, lan sadhèngah kesenian rakyat sanèsipun.
  3. Wonten ugi ingkang pitados biling Ojhung ing jaman kala biyen menika sarana latian kanuragan kanggé prajurit krajan Majapahit ingkang salajengipun dados tradhisi masarakat.
  4. Ojgung dipungelar minangka ritual mirunggan ingkang sakral kanggé caos sokur dhateng Gusti Ingkang Makwasa lan ngandhut pengajeng-ajeng supados dipuntebihaken saking piala lan bilahi.
  5. Ojhung sampun dados pertunjukan iburan ingkang dipuntampilaken wonten panggung utawi plataran.

Tata cara Ojhung[besut | besut sumber]

Ing pertunjukan Ojhung, nalika kalih pemain sampun adhep-adhepan boten lajeng sabet-sabetan nanging mubeng-mubeng lan sukunipun nggejug-nggejug rumiyin kados tiyang nari. Saben ébahan pemain dipunselarasaken kaliyan musik ingkang mbarung. Kadangkala swanten penonton inggih paring semangat kanggé jagoanipun.

Ing pertunjukan menika, Ojhung dipunwasiti déning Kemlandang (Peputo) lan laminipun pertunjukan menika dipunwatesi 3 dugi 5 adu sabet. Panitiya panyelenggara limrahipun nyawisaken arta ingkang gunggungipun kathah kanggé para pemain. Rata-rata bibar tigang sabetan, panyelenggara badhé paring artha dhateng pemain. Ananging, menawi cambukan dipunetang boten saé déning Kemlandang, pemain angsal nyambuk ping kalih malih. Ing "rondé" salajengipun saben pemain pikantuk arta kalih lipet langkung kathah. Saben rondé, rata-rata mbètahaken wekdal kinten-kinten gangsal dugi pitung menit. Ananging wonten pemain ingkang kiyat tandhing setunggal ronde langkung. Pemain dipuntetepaken unggul menawi sampun ngempalaken sabetan langkung kathah tinimbang lawanipun. Kejawi menika, nalika rotan lawan sampun dhawah, Ojhung dipuntetepaken sampun bibar. Amargi Ojhung menika satunggiling pertunjukan mila boten wonten ingkang awon menawa unggul, bakenipun pertunjukan kaleksanan kanti gayeng.

Para pemain Ojhung menika para priya ingkang boten sembarangan. Tiyang-tiyang menika sampun "diisi" sacara ritual supados nggadhahi kekiyatan satemah saged nahan sakit amargi sabetan rotan. Sinaosa ketingal wonten garit-garit amargi sabetan wonten geger, langkung-langkung ngantos medal getihipun, pemain menika teksih saged mesem lan boten ngraosaken sakit babar pisan. Malah penonton ingkang terkadang pating njlerit mbayangaken kados-kados piyambakipun ingkang kenging sabetan. Garit-garit lan tatu menika naming saged dipunsarasaken déning "dukun" ingkang dipunpitadosi nggadhahi kekiyatan ingkang sagah nyarasaken mawi dedak beras kuning lan kulit pisang ingkang dipunborèhaken wonten ing tatu kasebut. Kepara wonten ugi ingkang cekap dipunusap telapak asta kemawon. Dukun menika ingkang sampun wonteng ing nginggil panggung sadèrèngipun pertunjukkan dipunwiwiti sinambi nggebyahaken beras kuning saking bokor kanggé nolak bala.

Musik tradhisional Okol lan Kidungan mbarung lampahipun pertunjukan Ojhung. Pemain ingkang unggul menapa déné ingkang awon sami-sami ngapunteni setunggal kaliyan sanèsipun. Dipungambaraken bilih pemain Ojhung menika kados-kados satunggiling ksatria. Wonten tetandhingan kalih-kalihipun sami mengsahan, nanging sakbibaripun menika kekalihipun tansah guyup rukun dados sakabat.

Bèntèn malih kaliyan Ojdhung ing Dhusun Tarik,  Sidoarjo. Kesenian Ojhung wonten mriki mboten wonten gegayutanipun kaliyan ritual panyuwunan jawah. Ojhung dipungelar saben wonten bersih desa kanthi ngawontenaken tetandhingan kidul lèpèn nglawan ler lèpèn.

Ojhung ing Dhusun Bugeman Situbondo teksih dipunlestantunaken déning warga minangka ritual taunan ingkang wajib dipunleksanakaken. Ing ritual menika warga desa sami ngempal lan ngasta mawérni-wérni saha sesajèn asil tani, arak-arakan lan dipunpungkasi wonten ing panggenan ingkang dipunpitadosi minangka panggenan ingkang sakral. Sesajènipun dipuncaosaken ing lebet kurungan minangka simbol raos sokur awit tujuan masarakat Dhusun Bugeman kasembadan. Kejawi menika, Ojhung ugi dipunginakaken déning masarakat Dhusun Bugeman minangka tetandhingan utawi iburan dhusun sakiwa tengenipun ingkang diikuti oleh masarakat Dhusun Bugeman.

Tradhisi menika dados kuwajiban ingkang kedah dipunleksanakaken déning kepala dhusun ingkang tujuanipun supados tinebihaken saking piawon, bilahi, pagebluk, sesakit ingkang saged dipuntampi sato kewan menapa déné warga manungsa, lan supados boten gagal panen. Amargi menika, masarakat Dhusun Bugeman boten wantun nilaraken tradhisi Ojhung.

Ubarampé Tradhisi Ojhung[besut | besut sumber]

Miturut tradhisi, sedinten sakdèrèngipun nggelar Ojhung warga kedah slametan rumiyin sepindah mèngeti Maulid Nabi. Ing slametan menika kedah nyawisaken sesajènipun ingkang isinipun sekul pitung wérni, sekar 1000 macem, sirah sapi, sirah wedhus, lan sirah kebo, 1000 tusuk sate, kuwe ingkang werninipun kados werni pitung kewan beringas. Sesajèn menika dipuncawisaken wonten ing legin saking pring. Bibar slametan sesajèn dipunpundhut saking dalemipun kepala dhusun dhateng panggèn panitenan utawi pemimpin adat supados dipundongakaken. Pemimpining adat nyuwun dhateng Ingkang Makwasa supados masarakat pikantuk kaslametan saking bilahi lan saged gesang langkung saé tinimbang wekdal sakdèrèngipun.

Sedinten sakbibaripun slametan, dipunleksanakaken pradatan adat kanggé mahargya pertunjukan Ojhung. Ojhung dipungelar wanci tabuh 13.00 – 18.00 WIB ing dinten Selasa amargi masarakat dhusun Bugeman pitados bilih dinten Selasa menika saé lan sakral.

Reroncèning Ojhung diwiwiti tari-tarian ingkan dipunbarung gamelan, drumband, lan musik sanèsipun. Bibar mekaten Ojhung némbé dipunbikak kanthi pawaosan donga déning ketua panitiya lan dipunlajengaken sambutan kepala dhusun Bugeman lan Bupati Situbondo pratandha pertunjukan Ojhung sampun kawiwitan. Piranti ingkang dipunginakaken ing tradhisi Ojhung menika rotan, rasukan para pemain arupi sarung kaliyan kopyah, lan piranti musik ingkang mbarung pemain Ojhung, kados ta gamelan, kendang, lan gong.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Ojhung, Ritual Tradisi dari Desa Bugeman Archived 2023-03-05 at the Wayback Machine.
  2. Ojhung
  3. Mahasiswa Unesa Kembangkan Ojhung untuk Menjadi Destinasi Wisata
  4. Budaya Tradisi Ojung Masyarakat Jawa Timur yang Kaya Nilai Luhur
  5. Seni Tradisi Ojung atau Ojhung Khas Kabupaten Sumenep

Pranala jawi[besut | besut sumber]