Bantengan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Bantengan yaiku wit-witan kang diarani bantèngan neng Jawa. Miturut kasil penelitianè K. Heyne, ning buku Tumbuhan Berguna Indonesia I-IV (Badan Penelitian dan Pengambangan Kehutatan Departemen Kehutanan, 1987), ana telung (3) macem. Yaiku bantèngan (Vitis Adnate), bantèngan (Vitis arachnoidea) lan bantèngan (Vitis lancolaria).[1]

Bantèngan (Vitis adnate) iku wit-witan perdu kang ngrambat. Dawanè 5 - 10 mètèr. Miturut Rumphius, witè nduwèni keunikan sing sèjén dèwe'k. Yèn diluk muni gemratak, tapi bli semplak. Oyodè bisa kanggo obat watuk, godongè bisa kanggo ngobati wudun.[1]

Bantèngan (Vitis arachnoidea), pada karo wit-witan perdu sing ngerambat. Dawane 2 - 10 mèter. Nyebar ning Jawa, ning genah 400 metèr seduwurè segara. Wohè legi rada sepet, lan yen dipangan gawè gatel teng cangkem. Ning jaman mbengen, bantèngan dipakanaken bèbék ambir ndoge akèh.[1]

Bantèngan (Vitis lancolaria) uga sawijinè perdu kang ngrambat, dawanè 5 - 15 mèter. Uga nyebar neng sekabèhé Jawa teng ganeh 1.500 mèter seduwurè segara. Teng wong kuna, godongè kanggo ngobati kelurut, uga bisa kanggo sakit watuk.[1]

Aran-aran desa[besut | besut sumber]

Desa-desa teng Jawa Wetan, Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta, kang nganggo aran bantèngan dadi aran desa, kayodene, [1]

  1. Desa/Kelurahan Bantèngan, Kecamatan Bandung, Kabupaten Tulungagung.
  2. Selanjutè Desa Bantèngan, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun,
  3. lan Desa Bantèngan,Kecamatan Karanggedè, Kabupaten Boyolali.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.