Nulis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Nulis yaiku babaran saka ide, pikiran, lan gagasan kanggo ngéntukakè saka maksud lan tujuan. kayata ingkang diandaraké marang Taringan (2008: 22) nulis yaiku: “mudunaké utawa nglukisaké lambang grafik ingkang nggambaraké babagan basa ingkang dipunpahami menyang wong liya sahinggo wong liya saged maca lambang-lambang grafik kasebut menawi dèwèké mangerti basa lan gambar grafik kasebut”.[1]

Nulis yaiku salah sijiné kagiatan ingkang ngadahi kathah manfaat lan fungsi. nulis uga salah siji sarana kanggo komunikasi ingkang bisa dinggo kanggo kabèh uwong utawa mligininè kanggo tuna rungu. wonten ing nulis ana kathah manfaat ingkang bisa dientukné, salah sijiné sarana kanggo ngelingaké, salah sijiné sarana kanggo ngurutaké, salah sijiné sarana kanggo ngumpulaké data, salah sijiné sarana kanggo bagi khasil panelitian utawa laporan.

Nulis bisa ditindaknè marang sedaya uwong wiwit saka bocah Sekolah Dasar (SD), Sekolah Menengah Pertama (SMP), Sekolah Menengah Atas (SMA), ngantiya kabèh uwong kang wis nempuh pendidikan ing bangku pakuliahan. kanggo ngembangaké nulis dèwèké ana kathah cara ingkang bisa dilakoni, tergantung saka tingkatan ingkang uwis dièntukné saka dèwèké kasebut. tingkatan kang uwis dientukne bisa mengaruhi tingkatan keangèlan kang arep dièntukné wonten ing nulis. dèwèké kang wis kerja uga isih perlu nulis wonten ing donya kerjané lan uga dèwèké warga sedaya uga perlu nulis kanggo nyatet babagan kang penting lan nulis uga salah sijiné cara kanggo ngatasi yèn dèwèké keangèlan wonten ing ngèling-èling utawa dèwèké iku wong kang lalinan.Wonten penerapané nulis isih kerep dianggep rèmèh menyang dèwèké kang ora kerja ana ing donya tulis-nulis. kanggo dèwèké kang terjun langsung ana ing donya tulis-nulis, nulis yaiku panganan sabendinané kang diadep. saben panyerat uga isih nduwèni kathah masalah wonten ing nulis mbokya nulis iku wis kayata panganan sabendinané nanging kanggo para panyerat nulis uga dadi kegiatan kang ora biso dianggep rèmèh.

Kanggo para ahli nulis uga dadi kegiatan kang merluaké katetegan pas nggarapé, amarga nulis uga bisa dadi gawèan sampingan yèn bisa ditenani kanthi tenanan. nulis uga nduwèni cara[2] sing bèda-bèda antarané mahasiswa, pelajar karo masyarakat iku nduwèni cara nulis sing bèda-bèda. mahasiswa yèn nulis luwih teliti lan luwih di awat-awati menèh amarga biasané yèn mahasiswa iku èntuk tuntutan saka dosèn supaya nulis sing teliti mergané katelitian uga bisa mlebu ana ing panilaian sing ana ing pakuliahan, menawa saka pelajar nulis ya wis teliti ananging ora teliti banget amarga saka guru ora sepiro dikongon nulis sing teliti mergané pelajar iku iseh tahapan sing sak ngisoré kuliah, masyarakat nduwèni ketelitian dèwè mergané ing masyarakat ora ana sing ngongkon neliti utawa bakal neliti yèn ora kerja sing neliti iku ya gur awakèdèwé.

pakaryan nulis iku uga bisa dinggo pakaryan sing pokok. jurnalis yaiku salah sawijiné pakaryan sing kecimpung ana ing donya tulis-nulis, supaya saka nulis bisa ngasilaké duit sing kanggo pakaryan pokok kuduné adèwè dèné panulis iku kudu temenan nalika nulis supaya apa sing ditulis iku bisa nduwèni manfaat kanggo liané, yèn wis nduwèni manfaat kanggo liané mesthi megko bakal diupload utawa dimuat marang panerbit. nulis uga salah siji pakaryan sing mulia mergané saka nulis iku adèwè bisa bagi ilmu, cerita, pangetahuan lsp. adèwè dèné panulis ora mung èntuk duit menawa dimuat nanging uga èntuk pahala amarga wis berbagi karo liané babagan sing nduwèni manfaat.

ora kabèh uwong bisa nulis. nulis mung bisa dilakoni dèning uwong sing nduwé niatan lan tèkad kanggo nglumpukna idené (nulis sing tenanan). menawa kanggo nulis sak-saké sapa waé bisa nanging kanggo nulis sing nduwé makna lan nduwèni manfaat kanggo uwong liya iku ora gampang. ing jaman sakiki kanggo nulis wis difasilitasi nganggo fasilitas sing ngampangné para seniman. sakiki ana laptop, hp, notebook lsp. sing bisa kanggo nulis ing digital. sejatiné nulis bisa gawé uwong sehat terus mergané yèn nulis iku merluné pikiran kanggo nglumpokné ide sing ana dadi uwong sing nulis iku biasané sehat terus.

nulis uga salah sijiné fasilitas sing bisa digunané kanggo ndudohné inspirasi-inspirasi sing ana lan panggonan kanggo gambaraké gambaran-gambaran kang beda-beda.

saka nulis ora ana karugian sing dièntukné utawi sing nulis iku nyebaraké berita sing ora bener lan bisa marai uwong liya dadi sengsara. nalika nulis awakèdèwé kudu bisa ngukur tulisan saka sing adèwè tulis iki ngawé sengsara uwong apa ora menawa gawé sengsara aja dibacutné maneh. ora kabeh tulisan saka seniman bisa ditampa ana ing kabèh masyarakat.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. WAHYUNI, SRI (2016-01-07). "PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN DALAM MATA PELAJARAN BAHASA INDONESIA MELALUI PENERAPAN MEDIA GAMBAR SERI DAN PAPAN CERITA BAGI SISWA KELAS IV SD NEGERI 3 BAWU KEMUSU TAHUN 2015/2016". Artikel Publikasi: 24. 
  2. Nurjanah, Nunuy (2009). "TEHNIK NULIS KARYA ILMIAH": 280–311.