Nini Thowong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Nini Thowong yaiku salah sawijing dolanan tradisional kang ngrembaka ana ing Kalurahan Panjangrejo, Kapanewon Pundong, Kabupaten Bantul, Daerah Istimewa Ngayogyakarta. Pagelaran iki wus ana nalika jaman Mataram. Nalika nini thowong metu ing awal kagunan iki dadi sarana kanggo tolak bala.

Sajarah[besut | besut sumber]

Nini thowong dicuplik saka tembung basa Jawa yaiku nini utawa mbah wèdok lan thowong kang artine kothong.[1] Saka tembung iku nini thowong yaiku wong wadon sepuh (roh alus) kang lumebu ana ing njero bonékah. Ana uga kang ngarani nini thowong kanthi tembung thothokerot. Tembung thothok maknane yaiku atos, kuat, lan sekti. Ing papan liyane nini thowong diarani Nini Thowok, Nini Endhok, Nini Dhiwut, Jailangkung, Cowongan, lan sak panunggalane.

Kagunan nini thowong wus ngrembaka nalika Panembahan Senapati dadi ratu ing Mataram.[2] Nalika dadi ratu ing Mataram, Panembahan Senapati kang babaran tapa ing tempuran kali Oya lan kali Opak ngaso ing Pundong. Panembahan Senapati ing wektu iku nyamar dadi briman lan ndelok bocah-bocah kang dolanan bonékah ing wayah padhang bulan. Panembahan Senapati kang ngelak banjur njaluk unjukan marang bocah-bocah mau, nanging ora diwenehi. Panembahan Senapati banjur lunga saka papan iku. Bonékah kang digunakake dolanan bocah-bocah iku mau banjur obah nututi lakune Panembahan Senapati tumuju pinggir kali. Nanging Panembahan Senapati banjur ngilang saka papan iku. Bonékah kang mau obah terus banjur anteng.

Nini thowong ing Kabupaten Bantul ana ing 2 dhusun, yaiku dhusun Grudo lan Candran. Ing Grudo, kagunan iki isih njaga cara tradhisional. Nanging ing Candran nini thowong dadi seni kanggo wisata. Nini Thowong ing Grudo isih migunakake cara nglebokke roh alus ing bonékah ana ing kuburan. Ing Candran cara nglebokke roh alus wus ora dinggo maneh lan dadi kagunan kanggo wisata.

Nini thowong ing Dhusun Grudo, Desa Panjangrejo, Kapanewon Pundong, Kabupaten Bantul, wiwit saka taun 1938. Nalika semana piranti-piranti kang digunakaké isih sak anané kaya kendhang lan gong kanggo ngiringi kagunan iki. Nini thowong digawè dening Udiseda banjur diwarisaké dening Marto, sabanjure Asto, lan saiki diwarisaké dening Paèran.

Cara dolanan[besut | besut sumber]

Nalika dhisik digawe, nini thowong namung dadi dolanan bocah-bocah rikala padhang bulan.[3] Bonékah nini thowong digawe nganggo bahan sak anané saka empring, bathok, damèn, dluwang sèmèn, lan tali. Wujud nini thowong digawe wong-wongan kaya wong wadon kanthi busana lan didandani migunakake kembang lan godhong-godhongan. Wujud nini thowong iki duwéni arti yaiku:

  • Kembang. Kembang kang dijukuk saka kuburan. Duweni arti yèn manungsa ing sajroning uripé ora bisa ucul saka wong kang ana ing sekitarè.
  • Rai saka bathok. Bathok digambar kaya rupa manungsa migunakake kapur lan areng kang rupane pethak lan cemeng. Iki dadi pralambang yen manungsa duwèni rong sipat, yaiku sipat apik lan ala. Sipat apik digambarké warna pethak lan sipat ala digambarke warna cemeng.
  • Busana. Busana migunakake busana lumrahé wong wadon ing Jawa amarga roh kang lumebu ing nini thowong wadon. Busana dadi pralambang duwèni sipat kadonyan. Artine manungsa ditemplèki kadonyan ing sajroning uripé, kang arupa banda donya lan drajat pangkat.[4]

Nini thowong ing dhusun Grudo migunakaké barang-barang saka pring, bathok, merang lan gabus kang isih tradhisional.[5] Nanging ing dhusun Candran wus migunakake topéng. Nini thowong dilakokake déning wong wadon miturut arahane pawang. Pawang dadi kunci nglebokake roh ing bonékah Nini Thowong.

Sadurunge nglebokake roh ana ing nini thowong, pawang kudu nyiapake sesajèn. Sajen iki nduwèni tujuan kanggo menehi samubarang ing wujud panganan. Tujuan sajen iki kanggo sarana supaya roh kang ana ing kuburan lumebu ing bonékah nini thowong kang dilakokake dening pawang. Sajèn iki ana manèka warna yaiku gedhang raja 2 tundhun, kembang setaman, kaca, sisir, dupa, lilin, kipas, lan dhuwit. Gedhang raja dadi tandha yen manungsa kudu nduweni gegayuhan kang luhur saéngga isa bangun bangsa lan negara. Kembang setaman dadi tanda yen manungsa ora bisa urip tanpa alam sekitaré. Kaca kanggo nggusah roh kang ala supaya bisa ngaca. Sisir kanggo dandan. Dupa kanggo ngundang roh alus. Kipas kanggo ngipasi nalika hawa panas lan dhuwit supayané menawi sajèn kurang supayane tuku dhéwé.[6]

Sakliyané sajen, ing nini thowong uga ana tembang kang dilagukaké nalika pagelaran kasebat diawiti. Tembang-tembang iki yaiku Ayo Mupu Bocah Bajang, Bageya-Bageya Mbok Lara Lagi Teka, lan Ilir-Ilir. Tembang-tembang kasebat nduweni arti dhéwé-dhéwé kaya ing ngisor iki.

  • Ayo Mupu Bocah Bajang tegesé yen manungsa ora iso urip tanpa lingkungan sosial. Iki ana ing salah sawijing syair kang ngajak manungsa supaya luwih nggatekaké bocah bajang. Iki uga dadi pepéling tumrap manungsa supaya nggatekakè generasi nom. Sebab mbesuk nasibe bangsa lan negara uga saka generasi nom kang ana ing papan iku.
  • Bageya-Bageya Mbok Lara Lagi Teka duweni arti yén menungsa ora olèh kesusu lan gelem nunggu sawentara wektu. Tembang iki ajak-ajak supaya manungsa duweni sipat sabar lan tepa slira tumrap sepadha-padha.
  • Ilir-ilir duweni arti yén ana urip liyane kang bakal diadepi dening manungsa. Sajroning uripé manungsa supaya bisa nata antarané kebutuhan jasmani lan rohaniné. Tembang iki uga ngelingaké supaya manungsa siyap dandani tingkah kang ala. Iki kanggo sangu sadurunge tekane pati lan ngadepi akhirat.[7]

Roh kang lumebu ing bonékah nini thowong iki yaiku roh wadon kang dhisiké uga urip ing dhusun Grudo. Roh kang lumebu ing bonekah iki ana rong jinis, yaiku roh apik lan roh ala. Roh apik yaiku roh kang biasa lumebu ana ing nini thowong. Sawentara iku roh ala lumebu yén ana penonton kang ngrasani. Nini thowong bakal obah nubruk tumuju ing penonton kang ngrasani mau.[8]

Menawa nini thowong wus mangkat mbebayani, dolanan iki kudu dipungkasi. Cara mungkasi dolanan iki yaiku ngiduni nini thowong. Cara liyane isa njaluk tulung marang bocah lanang supaya nyekel gulu nini thowong. Cara ngiduni iki saiki wus dianggep kurang sopan. Mula diganti migunakaké cara dikrutuki menyan banjur disiram kembang setaman. Iki uga dadi tandha yen nesu iku nepsu geni, mula supayane lerem kudu disiram banyu.[9]

Ngélmu Lung[besut | besut sumber]

Ngélmu nduweni arti kang bèda tinimbang ilmu. Ngélmu ing tradhisi Jawa duwéni drajat kang luwih dhuwur tinimbang ilmu. Ngélmu kerep ditemuni kanthi laku. Ngélmu uga duwéni jarwodhosok, yaiku angel olehé ketemu.[10] Semana uga ngélmu lung kang ana ing Jawa.

Nini thowong nduweni salah sawijing seni kang momot ngélmu lung. Ngélmu lung wus ana suwé ing masyarakat Jawa. Nanging ngélmu iki kurang disadhari, diregani, lan digunakake kanggo tujuan apik. Ngélmu lung dijukuk saka rong tembung, yaiku ngelmu lan lung. Ngelmu kaya kang dibèbèraké ana ing dhuwur lan lung yaiku salah sawijining pala kependhem (tèla pendhem) kang lonjorane ngrambat lan mubeng mula diarani ngelung. Wong Jawa banjur nyuplik tembung ngelung iki dadi lungit. Lungit duwéni arti samar. Nini thowong duweni arti kang lungit amarga bisa jawab kanggo tamba manungsa, pésugian, pangkat, lan arah bejané manungsa.

Tembung lung uga nduwéni jarwodhosok ulung-ulung kanthi iklas. Ulung-ulung iki duwéni arti pituduh utawa sasmita. Nini thowong bisa menehi ulung-ulung tumrap nasibé wong. Ulung-ulung iki bisa wujud wingit lan ngelung.[11] Menawi tandha-tandha gaib iki isa dadi kasunyatan, iku tenan dadi tumelung. Tumelung yaiku apa waé kang dijaluk déning wong kang dolanan nemu berkah.

Ngelmu Ling[besut | besut sumber]

Ngelmu ling dicuplik saka tembung ling (eling). Maknané ngélmu iki bisa dadi pepéling yen manungsa bisa dadi roh.[11] Manungsa bakale nemu pati. Menawa manungsa isih dadi roh nglambrang, manungsa iku durung dadi sampurna. Kanggo nyempurnakaké roh kang mlébu ing nini thowong mula banjur diiringi tembang.

Kanthi tembang-tembang iku roh bakal eling manéh. Roh kang isih ing sekitar manungsa bisa murka, mula kudu dilerem migunakake tembang. Tembang dianggep mantra kang bisa ngrambat ing alam roh. Mula sakliyan kaendahan, nini thowong uga bisa dadi hiburan lan supranatural. Tembang-tembang iki yaiku Ayo Mupu Bocah Bajang, Bageya-Bageya Mbok Lara Lagi Teka, lan Ilir-Ilir.[12]

Tembang-tembang iku mau dilaguke bola-bali. Tembang iku uga momot pujian marang roh kang mlébu ing nini thowong. Roh kasebat isa ngéwangi manungsa rikala uripe.

Nini thowong uga diibaratke Mbok Sumakarta (cikal bakal) tumrap masyarakat. Nanging, ana kang nyambungké Sumakarta kanggo tembung Surakarta utawa Sala. Tembung iki salah, kejaba Surakarta iku dadi jeneng wong.

Ngelmu Leng[besut | besut sumber]

Ngelmu leng kacuplik saka tembung leng utawa lobang. Leng iki dadi pepeling menawa manungsa wus nemuni patine bakal dilebokaké ing lobang.[13] Manungsa bakal bali ana ing asalé. Leng uga duwéni makna lunga adoh utawa marani tumrap mati (sangkan paran).

Nalika dolanan nini thowong, pawang wus ngerteni ngelmu leng. Nini thowong iku asalé saka manungsa kang patine ora lumrah. Cara pati kaya iku dadi jalaran yén roh ora tentrem. Ana kang muni yén nini thowong iku saka wadon kang kena sihir saka tanggane banjur dadi roh. Ana uga kang muni yen nini thowong seka karma wurung (bajang kang ora dadi) kang sadurunge nemuni kama salah.

Kama wurung (kama salah) iki kudu diubah dadi kama alus kanthi laku ritual nini thowong nalika padhang bulan. Ritual iki uga bisa dadi ruwatan desa kang dilakoni ing Malem Jemuah Kliwon ing sasi Ruwah (arwah).[11] Papan panggonan ritual iki dilaksanakake ana ing papan kang dianggep angker kaya pundhén desa, ing ngisor wit gedhe, lan kali Opak. Papan iku ditata bentuk mandala (sedulur papat lima pancér). Nini thowong ing tengah lan wadong papat ngubengi nini thowong.

Iki uga dadi wujud sangkan paraning dumadi manungsa. Manungsa kang asale saka anasir bakal bali ing anasir maneh. Anasir iki ana geni, lemah, banyu, lan angin. Papat anasir iki dadi wrangka (leng) manungsa uga dadi simbol nepsu manungsa yaiku amarah, supiah, aluwamah, lan mutmainah. Wrangka iki bisa urip amarga diwenehi suksma (curiga) saka sing Kuwasa.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sonida, Lensa Khoirul Janah. "Kesenian Rakyat Kejawen Nini Thowong". Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Dibukak ing 2023-02-10.
  2. Sabandar, Switzy (2022-04-06). "Nini Thowong, Boneka Arwah ala Jawa yang Tak Kalah Mistis". Liputan 6. Dibukak ing 2023-02-10.
  3. Sabandar, Switzy (2022-04-06). "Nini Thowong Boneka Arwah ala Jawa yang Tak Kalah Mistis". Liputan 6. Dibukak ing 2023-02-10.
  4. Ulivia (2018-12-06). "Mitologi Kesenian Nini Thowong". Imaji. 16(1): 68.
  5. Sonida, Lensa Khoirul Jannah. "Kesenian Rakyat Kejawen Nini Thowong". Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Dibukak ing 2023-02-10.
  6. Ulivia (2018-12-06). "Mitologi Kesenian Nini Thowong". Imaji. 16(1): 66.
  7. Ulivia (2018-12-06). "Mitologi Kesenian Nini Thowong". Imaji. 16(1): 67.
  8. Sonida, Lensa Khoirul Jannag. "Kesenian Rakyat Kejawen, Nini Thowong". Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Dibukak ing 2023-02-10.
  9. Ulivia (2018-12-06). "Mitologi Kesenian Nini Thowong". Imaji. 16(1): 65.
  10. Suwardi. "Nini Thowong Yogyakarta". Warisan Budaya Takbenda. Dibukak ing 2023-02-10.
  11. a b c Suwardi. "Nini Thowong Yogyakarta". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Dibukak ing 2023-02-10.
  12. Sabandar, Switzy (2022-04-02). "Nini Thowong, Boneka Arwah ala Jawa yang Tak Kalah Mistis". Liputan 6. Dibukak ing 2023-02-10.
  13. Suawrdi. "Nini Thowong Yogyakarta". Dibukak ing 2023-02-10.