Menyang kontèn

Tembung nimbali lan ngaturi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Nimbali-Ngaturi)
Bu Guru, kala wau punapa saèstu nimbali kula?

Tembung nimbali lan ngaturi iku tegesé padha karo tegesing tembung ngundang, ya iku "akon mara", "nyeluk"; "nyebut"; lan "ngulemi" utawa "nyuruhi". Bédané, tembung nimbali lan ngaturi kalebu éwoné tembung krama ngoko.

Panganggo

[besut | besut sumber]

Mbok menawa amarga tatarané padha, ing jaman saiki panganggoné tembung nimbali lan ngaturi iku sok cawuh utawa klèra-klèru, luwih-luwih tumrap para nom-noman.[1][2]

Contoné mangkéné:[3]

(1a) Bu Guru, kala wau punapa saèstu ngaturi kula?

(1b) Bu Guru, kala wau punapa saèstu nimbali kula?

(2a) Pak Lurah punika menawa ngaturi kula ngagem tembung "Thole".

(2b) Pak Lurah punika menawi nimbali kula ngagem tembung "Thole".

(3a) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih ngaturi kula sakanca.

(3b) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih nimbali kula sakanca.

(4a) Aku arep nimbali Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.

(4b) Aku arep ngaturi Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.[4]

Manut paugeran, sanajan teges lan tataran ing unggah-ungguhing basa padha, ananging panganggoné utawa trap-trapané tembung nimbali lan ngaturi iku béda utawa dibédakaké. Panganggoné tembung ngaturi iku ing antarané:[5]

  • Tumrap wong enom marang wong tuwa utawa wong kang luwih tuwa.
  • Tumrap murid marang guru.
  • Tumrap andhahan (karèhrèhan lan abdi) marang pandhuwurané (bandarané).
  • Tumrap pawongan marang kanca utawa wong liya sababagané, luwih-luwih kang srawungé durung pati raket, kang kudu diajèni.[5]

Déné panganggoné tembung nimbali iku minangka kosok baliné panganggoning tembung ngaturi, ya iku:[6]

  • Tumrap wong tuwa marang wong kang luwih enom, kang wis kulina banget,
  • Tumrap wong tuwa marang anak, putu, buyut, prunan, lan sapituruté.
  • Tumrap pandhuwuran (panggedhé lan bandara) marang andhahan (karéhréhan, abdi, lan sapituruté).[6]

Adhedasar paugeran iki, panganggoné tembung nimbali lan ngaturi kang bener ya iku ing ukara (1b), (2b), (3b), lan (4b).[5]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]

Kapustakan

[besut | besut sumber]
  • Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 978-979-2100-51-8.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 978-979-6729-91-3.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

[besut | besut sumber]