Nieuwstraat (Kerkrade)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sisih kiwa iku Neustrasse ing Herzogenrath, Jerman, ing sisih tengen iku Nieuwstraat ing Kerkrade, Walanda.

Nieuwstraat ing Kerkrade utawa Neustrasse ing Herzogenrath iku sawijining dalan sing mérang kutha loro iki sing sajatiné keket gandhèngané. Dalan iki uga dadi tapel wates antara Walanda lan Jerman.

Sajarah[besut | besut sumber]

Munculé Nieuwstraat[besut | besut sumber]

Ing taun 1104 kutha Herzogenrath (tegesé: "tanah kadipatèn sing dibabad") lan Kastil Rode dicathet kanggo sapisan. Ora suwé manèh ana sawijining gréja dibangun ing cedhak kono. Sawisé ana gréja ana punjer kutha kapindho sing diarani Kerkrade (tegesé: "tanah gréja sing dibabad"). Ing taun 1282 kutha loro iki sing sajatiné dadi siji digabung dadi Land van 's-Hertogenrade. Rikala iku ing tlatah iki wus ana tetambangan watu areng lan tambang iki njamin karejané tlatah iki. Tlatah lan tambang watu areng iki darbèné Biara Rolduc.

Supaya transportasi watu areng menyang kutha Aachen dadi luwih apik, mula Petrus Chaineux, sawijining biarawan, mbukak rong dalan anyar ing taun 1783. Bèntèng antara kutha loro iki dijenengaké Straß déné jalur dagang iki. Dalan sing mérang kutha loro iki diarani Nieuwstraat utawa "Dalan Anyar". Dalan iki banjur diresmèkaké nganggo jeneng iki ing taun 1783.

Wewatesan tanpa tapel wates[besut | besut sumber]

Déné kasilé Kongrès Wina wates antara Walanda lan Prusia didéfinisi ulang. Ing tanggal 26 Juni 1816, Traktat Aachen disarujuki antara Raja Prusia Friedrich Wilhelm III lan Raja Walanda Willem I. Kali Worm banjur dadi tapel wates anyar antara Kerkrad/Herzogenrath gekozen. Sawisé iku kutha iki dipara dadi loro. Pérangan wétan dadi sawijining kutha Prusia ajeneng Herzogenrath kamangka pérangan kulon dadi kutha Walanda ajeneng Kerkrade.

Nieuwstraat banjur kanthi resmi dadi wates nagara lan mérang kutha loro iki sing sadurungé manunggal. Sanadyan mangkono ékonomi lan kabudayan kutha loro iki isih raket gumandhèng lan prakara iki ora bisa diowahi anané 50 pegawé pawatesan tambahan. Pas sataun sawisé Perang Donya I wiwit, Kaisar Wilhelm II mutusaké supaya dianakaké pager saubengé Nieuwstraat. Pager iki gunané kanggo nyegah para prajurit Jerman supaya ora dèsèrsi menyang Walanda. Ing taun 1916 diputusaké yasa pager ing sisih Walanda kanggo nyegah para penyelundup Jerman. Pas kanggo sapisan, dalan iki dipérang dadi loro. Pager loro iki ing taun 1918 diguwang lan diganti karo pal-pal tapal wates.

Ing taun 1923 wis wiwit muncul konflik-konflik kapisan ngenani jalur pawatesan ing Nieuwstraat. Amerga konflik iki ora bisa dipecahaké mula diadegaké sawijining komisi Jerman-Walanda kanggo nyelidhiki jalur pawatesan sajatiné. Sajeroning komisi iki uga ana walikutha Kerkrade lan Herzogenrath. Ing tanggal 29 November 1930 komisi iki nentokaké manawa dalan iki kabèh mlebu wewengkon Jerman. Nanging iki ora ngowahi situasi prakara panylundhupan. Para pagawé pawatesan ora gelem némbaki bocah-bocah cilik sing padha nylundhupaké barang.

Skulptur der Brüderlichkeit[besut | besut sumber]

Skulptur der Brüderlichkeit

Mbarengi paresmènané Nieuwstraat sing dipuger ing taun 1970, monumèn Skulptur der Brüderlichkeit (basa Jawa: "Reca Paseduluran") diresmèkaké ingewijd.[1] Karo wong biyasa reca iki dijenengi D’r Knub utawa der Knöpp ("simpul tali"). Reca iki wujud simpul tali sing nudhing menyang lor lan kidul. Tegesé simpul iki nglambangaké kutha loro iki sing gumandhèng raket. Arsitèk lan juru reca Jepang-Amérika Shinkicki Tajiri olèh paréntah kanggo nggawé reca iki. Ing pondasiné reca ana tulisan ing basa Jerman Alle Menschen werden Brüder ("Kabèh wong bakal dadi sadulur") lan tanggal paresmèn 24. März 1970 ("24 Maret 1970").

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Japaner schuf Skulptur an der deutsch-niederländischen Grenze, in Aachener Nachrichten op 25 maart 1970, p. 14.