Nicolás Maduro
| Nicolás Maduro | |
|---|---|
| Présidhèn Venezuela | |
| Wiwit linggih 19 April 2013 Interim: 5 Maret – 19 April 2013 | |
| Wakil Présidhèn | Jorge Arreaza |
| Kang sadurungé | Hugo Chávez |
| Wakil Présidhèn Venezuela | |
| Linggih 13 Oktober 2012 – 5 Maret 2013 | |
| Présidhèn | Hugo Chávez |
| Kang sadurungé | Elías Jaua |
| Kang sawisé | Jorge Arreaza |
| Mantri Manca Nagara | |
| Linggih 9 Agustus 2006 – 15 Januari 2013 | |
| Présidhèn | Hugo Chávez |
| Kang sadurungé | Alí Rodríguez Araque |
| Kang sawisé | Elías Jaua |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | Nicolás Maduro Moros 23 Novèmber 1962 Caracas, Venezuela |
| Parté pulitik | Pagerakan Républik Kalima (sadurungé 2007) Parté Persatuan Sosialis (2007–saiki) |
| Sisihan | Cilia Flores |
| Agama | Katulik |
| Tandha tangan | |
Nicolás Maduro Moros (pangucap cara Spanyol: [nikoˈlaz maˈðuɾo ˈmoɾos]; lair 23 Novèmber 1962; umur 63 taun) iku pulitikus Venezuela sing saiki dadi Présidhèn Venezuela. Sadurungé dhèwèké njabat minangka Wakil Présidhèn Venezuela lan Mantri Manca Nagara ing sangisoré Présidhèn Hugo Chavez.
Sawisé patiné Chávez tanggal 5 Maret 2013, Maduro dianggep mengku wewenang lan tanggung jawab présidhèn. Sawijining pamilihan mirunggan kang dianakaké tanggal 14 April ing taun sing padha kanggo milih présidhèn anyar, Maduro menang kanthi slisih ketat minangka calon saka Parté Persatuan Sosialis; dhèwèké kanthi resmi dilantik tanggal 19 April 2013.[1] Lawan mligi ing pamilihan ya iku Gubernur Miranda, Henrique Capriles. [2][3]
Ing sasi Novèmber 2025, Amérika Sarékat nyatakaké menawa Maduro iku anggota organisasi téroris mancanagara.[4] Ing tanggal 3 Januari 2026, wadyabala AS nyekel Maduro lan bojoné; karo sèkjèn PBB Antonio Guterres nyatakaké menawa awaké "prihatin banget ngenani aturan kukum internasional sing ora diajèni".[5][6] Wong loro iku banjur digawa menyang Metropolitan Detention Center, Brooklyn, lan panggah dikrangkèng ing kana.[7][8][5] Maduro didakwa ing pangadilan fédheral Manhattan tanggal 5 Januari 2026, lan ngajokaké pambélan ora salah bab tudhuhan dagang lan nylundhupaké narkotik saha obat-obatan.[9] Nalika ana ing pangadilan, Maduro nyatakaké menawa awaké kuwi présidhèn sing diculik lan tawanan perang.[9]
Kontrovèrsi
[besut | besut sumber]Ana vidéo saka sasi Sèptèmber 2018 nuduhahé, Maduro lagi mangan ing rèstoran kawentar darbèné Salt Bae ing Istanbul, kamangka wong Venezuela lagi kaliren lan ana krisis pangan.[10]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Nicolas Maduro sworn in as new Venezuelan president". BBC News. 19 April 2013. Retrieved 19 April 2013.
- ↑ Carroll, Rory; Lopez, Virginia (9 March 2013). "Venezuelan opposition challenges Nicolás Maduro's legitimacy". The Guardian.
- ↑ "Venezuela poll: Maduro opponent Capriles demands recount". BBC News. 15 April 2013.
- ↑ Kylie Atwood; Betsy Klein; Natasha Bertrand; Kevin Liptak (24 November 2025). "Trump administration formally designates Venezuela's Maduro as member of a foreign terrorist organization". CNN (ing basa Inggris). Dibukak ing 24 November 2025.
- 1 2 "Maduro arrives in US to face charges as Trump vows to 'run' Venezuela and take control of oil reserves". CNN. 3 January 2026. Dibukak ing 3 January 2026.
- ↑ "BBC 'bans' journalists from saying US 'kidnapped' Maduro, leaked email shows". The National (ing basa Inggris). 5 January 2026. Dibukak ing 5 January 2026.
- ↑ Periera, Ivan; Kekatos, Mary; Haworth, Jon; Shalvey, Kevin (4 January 2026). "Venezuela live updates: Maduro to appear in federal court Monday on alleged drug charges". ABC News. Dibukak ing 4 January 2026.
- ↑ Sisak, Michael R.; Neumeister, Larry (4 January 2026). "After capture and removal, Venezuela's Maduro is being held at notorious Brooklyn jail". Associated Press. Dibukak ing 4 January 2026.
- 1 2 "Live updates: Maduro pleads not guilty in US court appearance". Associated Press. 5 January 2026. Dibukak ing 5 January 2026.
- ↑ "Venezuelans outraged by Maduro's steak feast at Salt Bae restaurant". Reuters. Reuters Editorial. 18 September 2018. Diarsip saka asliné ing 18 September 2018. Dibukak ing 18 September 2018.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Ministerio del Poder Popular para Relaciones Exteriores (Venezuelan Foreign Ministry)
- Nicolás Maduro Moros, Ministro del Poder Popular para Relaciones Exteriores Archived 2009-03-16 at the Wayback Machine. (government CV)
| Kalungguhan pulitik | ||
|---|---|---|
| Kang sadurungé Alí Rodríguez Araque |
Mantri Manca Nagara 9 Agustus 2006 – 15 Januari 2013 |
Kang sawisé Elías Jaua |
| Kang sadurungé Elías Jaua |
Wakil Présidhèn Venezuela 13 Oktober 2012-saiki |
Isih njabat |
| Kang sadurungé Hugo Chávez |
Présidhèn Venezuela Interim 2013-saiki |
Isih njabat |
| Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |