Menyang kontèn

Musiyum R.A. Kartini (Rembang)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Musiyum R.A. Kartini (carakan:ꦩꦸꦱꦶꦪꦸꦩ꧀ ꦫ꧉​ꦲ꧉​ꦏꦂꦠꦶꦤꦶꦤꦶ) yaiku musiyum kang mapan ana ing Lingkungan Dalem Padhinesan Bupati Rembang. Musiyum R.A. Kartini dumunung ing Jl. Gathot Subrata No.8, Kabupatèn Rembang, Propinsi Jawa Tengah. Musiyum R.A. Kartini ing jaman semana minangka papan panggènan asli Raden Ayu Kartini lan garwané Raden Adipati Djojo Adiningrat, Bupati Rembeng 1889-1912[1].[2] Saliyané ing Rembang, musiyum kang nyimpen babagan tinggalan Radèn Ayu Kartini uga ana ing Kabupatèn Jepara, musiyum iku diarani Musiyum Kartini.[3]

Gambar Raden Ayu Kartini ing jero Musiyum R. A. Kartini Rembang

Sujarah Musiyum

[besut | besut sumber]

Musiyum iki diadegaké 21 April taun 1967 awit yasané Bupati Rembang, Adnan Widodo.[4][5] Musiyum iki sejatiné dalem padhinesan lawas para bupati Rembang kang angadeg wus wiwit jaman panjajahan Pamrèntah Kolonial Nèderlan Indiya. Musiyum wiwitané amung nganggo tinggalan kamar Raden Ayu Kartini banjur diambakaké nganggo kabèh sapanjeroné dalem padhinesan bupati Rembang kang lawas. Mula, sadurungé musiyum iki diarani Musiyum Kamar Pengabdian R.A. Kartini sing pungkasané diowahi dadi Musiyum R.A. Kartini ing taun 2011.[5]

Musiyum iki diadegaké kanggo mèngeti piyayi émansipasi wanita[6], yaiku Radèn Ayu Kartini. Nalika wiwitan awujud, musiyum iki ambané amung kamar turu Raden Ayu Kartini. Nanging, ing taun 2011 Kamentrèn Kabudayan lan Pariwisata Rapublik Indhonésia maringi rèvitalisasi kang pungkasané digunakaké kanggo ngembangaké lan nggedhèkaké musiyum kasebut. Saiki Musiyum R.A. Kartini Rembang dadi amba, ambané wangunan yaiku 3.732,4 m² lan ambané tanah yaiku 19.306 m².[5]

Musiyum R.A. Kartini nduwèni kolèsi dhokumèntasi, barang-barang asli, lan tironan barang-barang tinggalan kang digunakaké Kartini ing saben dina. Ana 11 kamar kang nampilaké kenangan R.A. Kartini. Kaya pajangan ing ruwang utama kang isiné sarasilah kulawarga Radèn Ayu Kartini, uga ana papan kanggo nyimpen jamu lan kothak layang. Kajaba iku, ing kamar liyané ana méja riyas Radèn Ayu Kartini lan kothak bayi. Ing ruwang liyané ana méja kursi tamu kang isih asli gawénan saka kayu jati kanthi ukiran kas motif Jawa, piranti kanggo mbathik kayata canthing duwèké R.A. Kartini, Lukisan R.A. Kartini nalika krama kaliyan Bupati Rembang: Radèn Mas Adipati Djoyodiningrat, poto tuladha surat nganggo basa Walanda kang ditujokaké marang kancané ing Holland, lan tinggalan liyané.[7] Pawujudan iki bisa nuduhaké sumangat juwangé Radèn Ayu Kartini anggoné nyuwarakaké èmansipasi wanita ing jaman dhisik.[8]

Gedhong Musiyum R.A. Kartini disawang nduweni arsitèktur corak Jawa, nanging sejatiné ana unsur kolonial kang wujud ana ing wangunan kasebut. Kaya ing bagéyan kolom, gedhong iku nggambaraké arsitèktur gaya Èropa sing digawé saka campuran pasir lan kapur. Gunggungé ana 20 saka panyangga kang wernané putih polos, 4 saka guru wujudé saka kayu jati lan 10 saka liyané kang wernané putih gedhé kanthi tèkstur rigi-rigi.[9]

Kagiyatan Wisata lan Kunjungan

[besut | besut sumber]

Musiyum R.A. Kartini buka saben dina, Senèn-Jumuwah buka saka jam 08.00-15.00 WIK, Setu lan Ngahad buka saka jam 09.00-15.00 WIK. Sarana sing ana ing Musiyum R.A. Kartini ya iku, pakiwan, taman, ruwang katrangan lan karcis, ruwang pamèran, pendhapa, lan ruwang audiovisual.[5] Wisatawan kang arep mlebu Musiyum R.A. Kartini mung kudu bayar tikèt musiyum Rp.2.000.[9]

Wisatawan sing arep menyang Musiyum R.A. Kartini bisa nggunakaké layanan transportasi umum kayata bis, ojèk lokal utawa ojèk online. Lokasi musiyum iki uga wus cumepak ing Google Maps.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Azizah, Ulvia Nur. "Profil Raden Adipati Djojodiningrat, Sosok Bupati Rembang Suami RA Kartini". detikjogja (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2025-04-21. Dibukak ing 2025-12-03.
  2. www.anneahira.com:Museum Kartini - Tak Hanya Untuk Mengenang Kartini[pranala mati permanèn] (diaksès tanggal 7 Sèptèmber 2012)
  3. "Mengenal Dua Museum R.A. Kartini di Jawa Tengah: Jepara dan Rembang". KamiBijak (ing basa Inggris). 2025-04-28. Dibukak ing 2025-12-03.
  4. "Museum RA. Kartini Rembang - Sistem Registrasi Nasional Museum". Sistem Registrasi Nasional Museum Kemdikbud (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-10-12.[pranala mati permanèn]
  5. 1 2 3 4 "Museum R.A. Kartini Rembang – Kamar Pengabadian R.A. Kartini" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-10-12.
  6. Kusuma, Zheerlin Larantika Djati. "Biografi RA Kartini, Sosok Pejuang Emansipasi Wanita di Indonesia". detikbali (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-03.[pranala mati permanèn]
  7. www.visitjawatengah.com:Museum Perjuangan Wanita Indonesia Rembang : Peninggalan RA Kartini[pranala mati permanèn] (diaksès tanggal 7 Sèptèmber 2012)
  8. "Daftar Koleksi – Museum R.A. Kartini Rembang" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-03.
  9. 1 2 "Rumah R.A Kartini, Menilik Keseharian Empunya Habis Gelap Terbitlah Terang". suara.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-12.

Pranala jaba

[besut | besut sumber]