Musée Picasso

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Musée Picasso ya iku salah sawijining gladri kagunan sing ana ing Hôtel Salé ing Marais, salah sawijing distrik ing Kutha Paris. Museum iki didedikasèkaké kanggo seniman Pablo Picasso sing urip saka taun 1881 nganti 1973.

Musée Picasso, Paris, (Hotèl Salé, 1659)
Barkas:HotèlSale CorpsLogis.JPG
Musée Picasso, Paris, sing isih ramé ditekani wisatawan

Wangunan Museum[besut | besut sumber]

Museum koleksi iki dibangun antarané taun 1656 lan 1659 kanggo Pierre Aubert, bangsawan de Fontenay. Pierre Aubert iku salah sawijing wong tani sing sugih amarga dadi petugas sing éntuk kewajiban ngumpulaké pajeg uyah. Arsitek yasan iki ya iku Jean Boullier saka Bourges, uga dikenal Boullier de Bourges.[1] Wangunan iki dianggep salah sawijining omah-omah bersejarah sing paling apik ing Marais.

Omah iki pindhah kepemilikané ana ing warna-warna wong amarga didol utawa diwarisaké. Sing mapan ana ing omah iku taun 1671 wis kalebu pérangan Kedutaan Besar Republik Venice, banjur François de Neufville, duc de Villeroi tau dadi wong kang duwèni. Nalika Revolusi Perancis, taun 1815 tau dadi sekolah kususé sekolah kagunan. Taun 1964 pamaréntah Kutha Paris ngakuisisi lan diwènèhi status monumen sajarah ing taun 1968.

Hotèl Salé dipilih kanggo Musée Picasso sawisé ana perdebatan kontroversial kanthi sipil lan nasional. Ana salah sawijining kompetisi sing dianakaké kanggo nemtokaké sapa sing bakal ndésain fasilitas ing jero musiyum iki. Usulan saka Roland Simounet sing dipilih taun 1976 saka papat finalis. Finalis liyané ya iku Roland Castro, GAU (Groupement pour l'Architecture et l'Urbanisme), Jean Monge, lan Carlo Scarpa. Mayoritas, interior omah (sing wis ngalami modifikasi akèh) wis dibalèkaké ana ing kaanan sing padha asliné.[1]

Ngumpulaké Koleksi[besut | besut sumber]

Taun 1968, Perancis nyiptakaké hukum sing nggawé ahli waris diidinaké kanggo mbayar pajeg warisan nganggo karya kagunan dudu nganggo duit. Ing Perancis kagunan dianggep duwé kontribusi wigati bab warisan budaya Perancis. Kaanan kaya ngéné diarani dation, lan iku diolèhaké kanggo kaanan sing luar biyasa. Dominique Bozo, salah sawijining kurator musiyum nasional, milih karya-karya sing dadi dationne Picasso. Pamilihan iki ditinjau karo Jean Leymarie lan diratifikasi taun 1979. Isiné dation iki ya iku karyané Picasso ing sakabèhing tèhnik lukisan lan kabèh periode, sarta kususé sing langka ing pengumpulané lan sing apik kalebu patung. Sawisé Jacqueline Picasso mati taun 1986, putriné nawakaké kanggo mbayar pajeg warisan supaya éntuk dation sing anyar. Koleksiné uga wis diakuisisi karo sapérangan karya lumantar dol tinuku lan bebungah.

Andha pérangan Hall (escalier d'honneur) ing Hôtel Salé

Musée Picasso tau kandha yèn Aku iki kolektor gedhé dhéwé ing donya. Musée Picasso wis ngumpulaké kolèksi gedhé karyané dhéwé nganti matiné taun 1973, wiwit saka skétsa nganti karya sing wutuh. Musée Picasso duwé isi punjul 3.000 karya kagunan sing béda-béda sing diduwèni Pablo Picasso kalebu gambar, keramik, patung kayu, logam, lan lukisan. Ing Musée Picasso uga ana koleksi kagunan pribadi Picasso lan karya-karya seniman liyané, kalebu Cézanne, Degas, Rousseau, Seurat, de Chirico lan Matisse. Ana manèh karya saka perunggu Iberia lan koleksi kagunan Afrika, sing ndadèkaké Picasso duwé kesan sing luwih banget. Salah sawijining aspèk sing paling duwé kesan saka musiyum iki ya iku Musée Picasso duwé akèh karya Picasso sing misuwur sing dipameraké sawisé ulang taun kaping pitung puluhé.

Presentasi Karya[besut | besut sumber]

Museum iki uga wis nglakokaké usaha kanggo mènèhi informasi sing komplit. Tuladhané, karya kartunis sing ngécé utawa karikatur karyané Picasso sing ditampilaké saka taun 1950. Lanté siji ana kamar-kamar sing ngamot presentasi tématik, nanging musiyum iki ngurutaké nganggo alur kronologis, nuduhaké lukisan, gambar, patung, lan cétakan. Ana wujud prèsentasi liyané ing layar nyakup foto, manuskrip, kliping koran, lan foto-foto kanggo mènèhi informasi kontekstual tambahan. Lanté loro musiyum iki duwé area kusus sing disisihaké kanggo paméran sing sifaté sawatara lan ana cétakan liyané. Lanté telu isiné pabukon, dokumentasi, lan arsip departemen (sing dicadangaké kanggo panalitèn), lan kantor kurator.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b "De l'Hôtel Salé au musée Picasso". Musee-picasso.fr. Diarsip saka sing asli ing 2013-06-22. Dibukak ing 2012-06-07.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Établissement public à caractère administratif Cithakan:Pablo Picasso