Muna Masyari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Muna Masyari yaiku salah sawijining penjahit uga sastrawan saka Madura, Jawa Wétan.[1] Muna Masyari uga kaloka awit karya sastrané awujud cerkak. Cerkak kang wis kasil kababar dening Muna yaiku Celurit Warisan, Kasur Tanah, lan liya-liyané. Cerkak karyané Muna akeh kang ngèmot bab kearifan lokal dhaérah asale yaiku Madura.

Babad Urip[besut | besut sumber]

Muna Masyari (Munawaroh) lair ing wewengkon Kabupaten Pamekasan, Madura, Jawa Wétan 26 Desember 1985 . Kawit cilik dhèwèké wis biasa ngrungokaké crita bab apa wae saka simbahé. Muna naté sékolah ing Sékolah Dasar Negeri Plakpak V. Muna banjur mbacutaké pawiyatan ing MTs Miftahul Ulum. Sawisé lulus saka pawiyatan MTs Miftahul Ulum, Muna kepéngin mbacutake SMA, ananging kahanan kulawargané ora bisa ngragadi Muna. Muna banjur mèlu kursus jahit, katrampilan kang bisa dikuasai déning dhèwèké.

Saiki Munawaroh, jeneng asli Muna nalika lair wis balé wisma karo M Khotib. Muna lan Khotib saiki milih urip ing Pamekasan, Madura. Muna sadina-dina nampa pesenan jaitan saka tangga teparo, malah kadhang sok saka njaba kabupaten barang. Ing sela-selane njait, Muna uga tetep produktif gawe tulisan. Amarga kawit 2011 Muna pancèn wis seneng maca karya-karya sastra. Muna uga duwé pepinginan bisa dadi penulis kang misuwur.

Pagawéyan[besut | besut sumber]

Saben dinané Muna Masyari nglakokaké usahané yaiku minangka penjait klambi ing omahé. Dhèwèké wis biyasa njait klambi seragam sekolah utawa njait klambi-klambi kanggo wanita mligine klambi ibu-ibu. Nalika nandangi gawéyan, Muna ora nemtokaké wektu, sawayah-wayah dhèwèké bisa njait. Yen lagi akeh pesenan jaitan malah kadhang nganggo lembur.

Wanita kang lair 34 taun kepungkur kuwi ora mung trampil ing bab jaitan, dhèwèké uga salah satunggaling pandhemen karya sastra awujud cerkak utawa novel. Kadhang kala idhé kanggo nulis metu nalika Muna njait, saengga dhèwèké mandheg sedhèlet anggone njait banjur nuli nyerat apa kang dadi panemune mau. Munawaroh duwé rasa bungah nalika isa nyerat cerpen utawa novel amarga kanthi cara iki dhèwèké bisa ngudharake rasa ing sajroning manahé.

Wanita kang ndhisik seneng ngrungokaké crita saka simbahé iki uga duwé gawéan pokok minangka IRT utawa ibu rumah tangga. Kabèh pagawéan kang ana sangkut pauté karo omah uga ditandangi karo Muna Masyari.

Pasinaon Bab Sastra[besut | besut sumber]

Dadi penjait pancèn dudu pepinginané Muna Masyari. Mula ing sela-selaning njait dhèwèké tansah maca cerkak ing Facebook. Mula bukané mung maca-maca wae, nanging saya suwé Muna banjur wani nulis cerpèn dhéwe. Amarga durung tutug anggoné sinau cerpèn saka Facebook, mula Muna banjur sinau sastra marang Mahwi Air Tawar, Mahwi kanyata bisa gawé dheweke duwé kaprigelan nulis geguritan lan cerkak.

Kawit 2011 Muna miwiti nulis cerkak, uga wiwit ngirim karyané neng kalawarti. Nalika cerkaké kababar déning majalah, Muna bungah banget atiné. Sawisé karyané kasil dibabar kalawarti, Muna banjur wiwit ngirim karyané ing salah sawijining medhia ing Kutha Surabaya. Ora kabèh karyané Muna kababar dening kalawarti Surabaya, ananging bab kuwi ora ndadèkaké Muna cilik atiné. Muna tansah nerusake anggoné nyerat cerkak lan karya sastra liyané.

Kaprigelané nulis cerkak nuntun Muna ngirimaké karyané ing Harian Kompas. Limang taun suwéné dhèwèké ngirim cerkak ing Harian Kompas, lagi ing taun 2016 cerkak kanthi irah-irahan Celurit Warisan kababar déning Harian Kompas ing rubrik cerkak. Muna wis arep frustasi ngadhepi kasunyatan cerkak anggitané ditolak bola-bali. Taun 2017, Muna ngirim cerkaké kanthi irah-irahan Kasur Tanah ing Harian Kompas meneh. Ora disangka, cerkaké kuwi mau malah kalebu minangka 20 Cerpen Pilihan Kompas. Cerpèn kui uga dadi cerpen terbaik Kompas 2017. Awit saka kasuksèsané, Muna banjur diundang menyang Jakarta karo pihak Kompas.

Warsa 2017 uga dadi tahun ingkang kapisan Muna Masyari lunga menyang Ibukota Jakarta. Warsa sabanjuré yaiku warsa 2018 Muna uga pikantuk télépon saka Harian Kompas supaya bisa teka ing adicara Jamuan Cerpèn Kompas 2018. Wektu kui acarané salebar Bada, ananging pesénan jaitané Muna uga numpuk, Muna mung bisa dedonga marang gusti supaya diparingi kasarasan lan bisa mrantasi kabèh kang dadi jejibahané.

Muna duwé rasa bungah amarga lumantar Sastra dhèwèké bisa lunga menyang Jakarta numpak Pesawat. Uga lumantar sastra, Muna Masyari (Munawaroh) bisa tetepungan karo priyanyi kang gawéyane mbabar karya sastra. Amarga dhèwèké diundang Harian Kompas, Muna bisa mbukak wawasané bab Sastra saya gedhé.

Saiki Muna wus wiwit misuwur amarga karyané. Muna Masyari dadi generasi anyar penulis sastra saka tlatah Madura. Para panyerat karya sastra saka Madura sadurungé Muna yaiku : Zamawi Imron, Abdul Hadi W M, Syaf Anton, Hidayat Raharja, lan Mahwi Air Tawar. Ora béda adoh seka para sèniore, karya sastra anggitané Muna uga ngemot bab pamanggih, panemu, kearifan lokal, lan kabèh kang ana bab gayutané karo Madura.

Referensi[besut | besut sumber]

  1. Suwarna, Budi (2018-07-28). "Sastra di Antara Deru Mesin Jahit".