Muhammad Bagus Febriyanto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Muhammad Bagus Febriyanto, S.S.,M.Hum., kagungan asma julukan Bagus ingkang lair wonten ing Bantul, 15 Rejeb Jimakir 1922 utawi 15 Fèbruari 1990 saking pasangan Baedlowi kaliyan Marsilah. Samenika piyambakipun dados Panghageng Urusan Macapat wonten ing Kadipatèn Pakualaman ugi dados pranatacara profésional. Piyambakipun kagungan asma paring dalem saking Pakualaman inggih menika M. Ng. Citropanambang. Piyambakipun kagungan garwa ingkang asmanipun Hannan Asrowi Efflina Lailufa. Dalemipun Bagus menika wonten ing Wonokromo I, RT. 01, Wonokromo, Plèrèt, Bantul, Daerah Istimèwa Yogyakarta.

Wiyata[besut | besut sumber]

  1. TK ABA Wonokromo
  2. SD Negeri Jejeran II, Plèrèt, Bantul
  3. SMP Negeri 1 Banguntapan, Bantul
  4. SMK Negeri 1 Kasihan, Bantul
  5. S-1 Jurusan Sastra Nusantara prodi Sastra Jawa, FIB, UGM
  6. S-2 Peminatan Filologi, Jurusan Ilmu Susastra, FIB, Universitas Indonesia.

Préstasi[besut | besut sumber]

Nalika Bagus kelas 5 SD, tanpa dipunmangertosi kaliyan Bagus, ibukipun ndhaftaraken Bagus kanggé ndhèrèk lomba macapat. Bagus menika dados peserta ingkang paling enèm. Para peserta senèsipun sampun diwasa kaliyan sepuh-sepuh. Ananging sakmenika mboten ateges Bagus mboten kasil menapa-menapa. Bagus angsal bebungah minangka “peserta berbakat” wonten ing lomba punika. Nalika taun 2008, Bagus ndhèrèk lomba geguritan ingkang dipunkawontenaken Dinas Kebudayaan Daèrah Istimèwa Yogyakarta. Lomba menika dados lomba ingkang paling objèktif amargi ing lomba menika peserta dipundhawuhi nyerat lajeng maos geguritan karyanipun piyambak-piyambak. Nalika nyiptakaken geguritan, peserta boten dipunparingi priksa rumiyin déning panitia téma menapa ingkang bakal dipunserat. Témanipun geguritan dipunparingaken dadakan. Wonten ing lomba nyerat kaliyan maos geguritan, Bagus dados juwara satunggal.

Pagawèyan[besut | besut sumber]

Mula bukanipun dhateng wonten Pakualaman amargi nggarap skripsi, kinten-kinten taun 2011. Wekdal punika pembimbing skripsinipun Dr. Ratna Sakti Mulya minangka Penghageng Urusan Perpustakaan kadipatèn Pakualaman, lajeng saged dados rékomendasinipun Bu Sakti marang Sri Pakualam IX. Bagus banjur dipunwisuda dados abdi dalem urusan macapat ing taun 2013. Wiwitipun Bagus dipun-anugrahi kalenggahan dados Lurah, tanpa dados Jajar kaliyan Bekel rumiyin. Sasampunipun gangsal taun ngabdi, wonten ing taun 2018 minggah saking Lurah dados Ngabehi, Penghageng Urusan Macapat Kadipatèn Pakualaman. Saben Setu sore, Bagus ngadani gladhi macapatan kanggé sinten kémawon ingkang badhé sinau. Boten namung dados Penghageng Urusan Macapat Kadipatèn Pakualaman kémawon, Bagus ugi gadhah aktivitas wonten ing Perpusatakaan Pakualaman. Amargi gadhah dasar nglèmu filologi, pramila piyambakipun ugi paring pambiyantu wonten ing perpustakaan.

Mulabuka Remen Macapat[besut | besut sumber]

“Mulabuka mbiyèn mung seneng rengeng-rengeng. Kawit cilik seneng ura-ura, waton nembang. Kamangka menawa dirunut silsilahé ora ana sing ahli nembang. Lingkungan pesantrén luwih kenthel ing Wonokromo. Nah, kasunyatan kuwi ndadékaké aku dhewe gumun, kok isa ya aku dadi seneng lan isa nembang kaya saiki.” Metaken wangsulanipun Bagus nalika disuwuni pirsa bab larah-larahanipun saged remen nembang Macapat.

Nalika SD Bagus nate ndherèk lomba Porseni makili sekolahé kanggé cabang lomba macapat.  Bagus nalika iku dereng dhamang menapa iku macapat, banjur dipunwarahi dening guru basa Jawa wonten ing sekolah. Lomba kapisanan iku Bagus déréng menang. Ing wekdal sanés, ibuné Bagus ndaftaraken Bagus lumba macapat saking siaran pawarta Radio Tiara FM (saiki Global FM-Suara Jogja). Wonten ing lomba menika Bagus angsal bebungah minangka dados “peserta berbakat”. Amargi lomba menika Bagus saged ketemu lan tepang kaliyan para pandhemen macapat, Romo Projoswasono lan Purwohartono, lan saged berguru kaliyan Pak Purwohartono.  Bagus uga dipun-arahaken sinau ing Kridamardawa ingkang dipunpimpin déning Romo Projo.

Macapat lan génerasi milènial[besut | besut sumber]

Bagus kagungan wawasan manawi generasi milènial menika saged gampil remen seni tradhisi saking musik karawitan. Amargi wonten ing karawitan menika musik kaliyan tembang ingkang dipunpendhet saking karya susatra saged dados satunggal. Nalika piyambakipun sepisanan mlebet UGM, taun 2008 wonten ing jurusan Sastra Nusantara dèrèng kagungan wadhah kanggé madhahi laré-laré ingkang remen kaliyan seni. Lajeng Bagus ngajak kanca-kancanipun ngawontenaken komunitas Gamasutra ing taun 2009. Dumugi samenika Gamasutra taksih aktif kaliyan dados wadhah kanggé generasi anèm kanggé sinau bab Jawa wonten ing UGM. Musik menika langkung cepet dipuntampi dening bocah anèm tinimbang karya sastra, amargi saking menika sastra awujud tembang lan karawitan saged nyawiji.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Nugraha, Latief S. (2019). Penghageng Urusan Macapat Kadipaten Pakualaman. Yogyakarta. kc. 31–34.