Moai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Moai ing daerah Rano Raraku

Moai inggih punika patung-patung ingkang wonten ing Pulo Paskah ingkang dipunpahat saking watu. Sapérangan ageng patung mau jinisipun monolitis, utawi dipunpahat saking saunggali watu kémawon, éwadéné wonten ugi ingkang kagungan watu Pukau tambahan kapisah ingkang dipunpapanaken ing pérangan sirah. Wonten langkung saking 600 Moai ingkang kasebar ing sadaya wewengkon Pulo. Sapérangan ageng moai dipunpahat saking watu karang vulkanik lunak ingkang wonten ing daerah Rano Raraku, ing pundi taksih kasisa sakitar 400 moai sanèsipun ingkang dèrèng dados. Tambang mau kadosipun dipuntilaraken kanthi ujug-ujug. Mèh sadaya moai ingkang dèrèng pungkasan dipunpahat lajeng dipunrisak déning penduduk pribumi ing mrika nalika masa sasampuning konstruksi pungkasan.[1]

Péta Pulo Paskah ingkang nedahaken lokasi Moai

Éwadéné limrahipun kaindéntifikasi lumantar "sirah", kathah moai ingkang gadhah bahu, lengen lan batang badan ingkang sampun kapendhem kanthi wekdal ingkang dangu. Teges "moai" taksih dèrèng dipunmangertosi éwadéné kathah téyori babagan asal-usul patung-patung punika.

Sang "penjaga" pulo

Téyori ingkang paling kondhang inggih punika moai mau dipunpahat déning penghuni asal Polinesia langkung saking satunggal éwu taun kapengker. Moai dipunpitadosi makili arwah leluhur (minangka penanda kuburan), utawi mungkin makili tokoh kondhang sarta minangka simbol status kulawarga. Moai awis sanget manawi dipunpahat lan mbetahaken wekdal ingkang dangu. Moai ugi kedah dipunangkut kanggé dumugi ing lokasi pungkasan ing sadawaning pulo. Boten dipunamngertosi kanthi pesthi kados pundi moai dipunangkut, ananging prosés mau pesthi mbetahaken kérékan utawi lan kayu gelondongan.

Legénda kuna ing mrika nyariosaken cariyos satunggaling kepala suku ingkang pados griya ingkang énggal. Lokasi ingkang dipunpilih sapunika dipunkenal minangka Pulo Paskah. Nalika piyambakipun séda, pulo mau dipunpantha-pantha kanggé puta-putranipun. saben sirah saking suku punika séda, sawijining moai dipunpapanaken ing makam si kepala suku. Penduduk sakitar pitados patung punika badhé nangkep "mana" (kekiyatan gaib) kepala suku. Miturut penduduk, kanthi njagi "mana" ing pulo punika, kabegjan badhv kadadosan, jawah badhé mandhap lan tetuwuhan bakal thukul. Legénda punika mbok manawi sampun bvda saking ingkang aslinipun amargi piyambakipun dipunmandhapaken saking manéka génerasi. Mungkin kémawon legénda punika dipuntambahi "sensasi" supados langkung menarik.

Wonten ingkang berspekulasi bilih moai dipunyasa déning masarakat kelas andhap kanggé muliakaken kelas inggil. Tiyang kelas andhap dipupeksa makarya ing babagan punika. Sasampuning nyambut damel ing wekdal ingkang dangu, kelas andhap mberontak kanthi keras. akibatipun, kathah patung ingkang risak, cacahing penduduk kirang dumugi atusan tiyang lan mendhem sajarah Pulo Paskah sadangu-dangunipun.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ http://www.pbs.org/wgbh/nova/lostempires/easter/ Public Broadcasting Service (PBS) NOVA: Rahasia Kekaisaran yang hilang: Pulau Paskah
  2. ^ http://www.pbs.org/wgbh/nova/easter/ Public Broadcasting Service (PBS) NOVA: Rahasia Pulau Paskah