Mlandingan/Manding
Tetuwuhan ing jagadé pulo Jawa manèka werna jinise. Salah sawijiné ya iku manding/mlandingan/lamtoro (Leucaena glauca). Tetuwuhan iki wis rumaket dening bebrayan Jawa, kabukti saka akèhé tetuwuhan iki kang dibudidayakaké wiwit jaman kawuri. Lamtoro bisa kanggo pager ing empèran omah, kanggo pakan kewan ternak, lan bisa ditandur minangka sarana penghijauan ing lemah-lemah garing. Lamtoro uga bisa ditandur ing kebun minangka pangayom tanduran kopi, coklat lan teh. Lamtoro kalebu tetuwuhan pènèk (panjat) kanggo tetuwuhan lada, panili, lan lombok. Tetuwuhan Lamtoro iki bisa tuwuh nganti 20 meter, ananging umume mung nganti 5-10 meter. Lamtoro mujudaké tetuwuhan polong-polongan kang sarwaguna lan akèh ditandur ing Jawa.
Pigunané Tetuwuhan Lamtoro
[besut | besut sumber]Sasuwéné iki Lamtoro disenengi bebrayan minangka pangasil kayu bakar ing padesan, jalaran kobong kayu Lamtoro kasebut alon, keluké uga saithik. Arang kayu Lamtoro uga nduwéni kualitas apik. Ing Jawa Wetan, kayu Lamtoro digunakake kanggo sarana bahan kertas. Bab kasebut jalaran kayu Lamtoro minangka pangasil pulp (bubur kayu) sing apik lan cocog kanggo prodhuksi kertas utawa rayon. Woh, godhong saka tetuwuhan Lamtoro uga bisa digunakake kanggo panganan lan sarana obat kanggo bebrayan tradhisional.
Arane dèsa
[besut | besut sumber]Dèsa-dèsa ing Jawa Wetan/Jawa Tengah/DIY kang nganggo aran Mlandingan ya iku:
No | Desa/Kelurahan | Kecamatan | Kabupaten |
---|---|---|---|
1 | Mlandingan Wetan | Bungatan | Situbondo |
2 | Mlandingan Kulon | Mlandingan | Situbondo |
3 | Manding | Pucanglaban | Tulungangung |
4 | Manding | Temanggung | Temanggung |
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Santosa, Imam Budhi (2017). Suta Naya Dhahdap Waru. Yogyakarta: Interlude. kc. 288. ISBN 978-602-6250-42-1.