Menyang kontèn

Masjid Agung Jatisobo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Masjid Agung Jatisobo mujudake salah siji masjid paling tuwa ing Sukoharjo. Masjid iki manggon ing desa Jatisobo, kec. Polokarto. Miturut crita lan cathethan kang ana masjid sing wujude yen disawang satlereman sairib klawan masjid agung Surakarta iki kabangun dening Kyai Ketib Biman, salah siji abdi dalem pengulu ing Kraton Surakarta Hadiningrat.

Kyai Ketib Biman dhewe yen miturut Mbah Ngisom, salah siji sesepuh ing ds. Jatisobo mujudake salah siji abdi dalem kesayangane Sunan Paku Buana IV. Lan kabangune masjid agung Jatisobo iki ora uwal saka prentahe Sunan Paku Buana IV. Kyai Ketib Biman dhewe mujudake ulama kang paling ditresnani dening Sunan Paku Buana IV, jalaran piyambake duwe kaluwihan kaluwihan apal maca qur’an.

Ngenani kabangune masjid agung Jatisobo iki dhewe ora bisa diuwalake klawan lelakone Kyai Ketib Biman nalika nyebarake agama islam ing laladan sawetane Bengawan Sala. Ing cathethane Raden Tumenggung Mangunnagara, Abdi Dalem Bupati Pangreh Praja ing Kitha Surakarta kang katulis ing taun 1920-an ana dhata kang nyebutake lelakone Kyai Ketib Biman rikala nyebarake agama islam ing sawetane Bengawan Sala. Ing cathethan kasebut kasebutake crita kaya mangkene: sawise mataun-taun ngabdi ing Kraton Kasunan Surakarta, Kyai Ketib Biman banjur nyuwun ijin menyang junjungane kanggo lunga sauntara wektu saka kraton saperlu nyebarake agama islam ing wewengkon sawetane bengawan Sala.

Pepinginan kaya mangkono wekasane dikeparengake dening Sunan Paku Buana IV. Papan kapisan sing digunakake kanggo nyebarake Kyai Ketib Biman iku mau yaiku ing sawijining papan kang nduweni jeneng Jatisari. Ing papan iki Kyai Ketib Biman nduweni santri kang akeh banget. Nanging anggene nyebarake agama islam ing kene ora suwe. Kahanan iki disebabake saliyane papane wis ora cukup maneh kanggo nampa santri uga disebabake kali sing dienggo sesuci kanggo para santrine kapetung sithik banyune.

Merga papane dianggep kurang trep kango didadekake punjere penyebaran agama islam. Kyai Ketib Biman banjur pindah menyang papan liya. Sauntara papan sing nate digunakake dening Kyai Ketib Biman kanggo nyebarake agama islam yaiku Kayuapak lan Jatisobo. Anggene nyebarake agama islam ing Kayuapak ora suwe jalaran papan iki senajan ana kali gedhene nanging kaline akeh jurange lan dianggep mbebayani tumrap para santrine Kyai Ketib Biman.

Samungkure akeh santrine kang ngalami kaglundhung nganti tiwase, Kyai Ketib Biman banjur pindhah maneh menyang Jatisobo. Rikala tekan ing Jatisobo iki Kyai Ketib Biman dalah para santrine nemoni kayu jati sing gedhe banget. Kayu jati sing ditemokake dening Kyai Ketib Biman ing Jatisobo iki saliyane dadi sumber jenenge panggonan uga mujudake modal kanggo nggawe masjid agung jatisobo.

Crita sabanjure ngenani kayu jati sing ditemokake dening Kyai Ketib Biman iku mau ana rong versi. Ngenani versi kaping pisan yaiku versine Mbah Ngisom minangka warga lan sesepuh desa Jatisobo. Dene versi kapindho yaiku versi ing naskah lawas kang kasimpen ing Museum Radya Pustaka. Ing versi kapisane sinebutake yen wit jati sing gedhe iku mau diutus nebang lan diserahake menyang kraton.

Samungkure kuwi jalaran wis diserahake menyang kraton, minangka gantine Kyai Ketib Biman diparingi kayu jati sing ora kalah gedhene cacah siji. Kayu jati cacah siji sing ditampa dening Kyai Ketib Biman iku mau dijupuk saka Alas Donoloyo. Kayu jati sing diutus nyerahake menyang kraton iku nduweni sauntara kaluwihan yen dibandingake klawan kayu jati umume. Salah sijine yaiku merga dhuwure. Kayu jati sing tuwuh ing laladan Jatisobo iku yen esuk ayang-ayange bisa tekan kraton merga dhuwure. Kahanan sing kaya mangkene kang ndadekake raja sala ngersakake kayu kasebut.

Sawise kayu jati mau diparingake Kyai Ketib Biman menyang kraton, mula ana bebana gedhe kang ditampa dening Kyai Ketib Biman. Bebana sing ditampa ora mung kayu jati sing gedhe ngluwihi kayu jati sing diparingake mau. Nanging uga lemah sing amba banget. Ngenani kayu jati sing ditampa dening Kyai Ketib Biman iku mau, senajan mung sawit nanging cukup kanggo kanggo yasa masjid kang kabangun sandhuwure lemah paringane Sunan Paku Buana IV. Ing papan kasebut ujare crita, saliyane mbangun masjid Kyai Ketib Biman uga mbangun pesantren.

Nanging emane pesantrene sing biyen kabangun dening Kyai Ketib Biman iku mau ing jaman saiki ora kadulu maneh. Ing sakiwa tengene masjid sing biyene mujudake pesantren wis kaganti dening omah-omah lawas sing ujare kandha kabangun dening bangsa Walanda. Uwal saka kuwi kalane pembangunan masjid Agung Jatisobo iku mau, Sunan Paku Buana IV ngutus amrih Kyai Ketib Biman anggene mbangun masjide digawe sairib klawan Masjid Agung Surakarta.

Panyuwun kaya mangkono disembadani dening Kyai Ketib Biman. Lan anane panyuwun sing kaya mangkono kang ndadekake masjid agung jatisobo yen disawang satlereman sairib klawan masjid agung surakarta.

Dene ing versi kapindhone kasebutake yen kayu jati sing ayang-ayange yen esuk tekan kraton iku mau banjur ditegor lan langsung digunakake dening Kyai Ketib Biman kanggo mbangun masjid agung jatisobo.

Wiwitane blegere cilik, nanging bareng ana dhawuh saka Sinuhun Paku Buana IV kanggo njembarake masjid, wekasane ukurane masjid digedhekake lan dipadhakake ukuran lan wujude saemper masjid agung surakarta ing jaman kuwi. Ing ds, Jatisobo tekane dina iki ana pakulinan kang klebu unik. Saben-saben ana wargane kang dadi manten, sawise temu manten mesthi diubengake luwih dhisik ing pekarangane masjid. Iki ditindakake supaya anggene mbangun bebrayan manten mau bisa langgeng. Lan menawa ana manten sing ora nindakake pakulinan kasebut. Ana kapitayan manten mau ora bakal langgeng anggene mbangun bebrayan.

Yen manut cathethane Raden Tumenggung Mangunnagara mau, samungkure masjid agung jatisobo rampung dibangun, raja-raja saka Kraton Kasunanan Surakarta kerep sanja menyang mesjid agung jatisobo. Saka sawetara raja kang nate sanja, Sunan Paku Buwana IX mujudake raja kang paling asring tindak menyang masjid agung jatisobo.

Ing cathethan iki disebutake Sunan Paku Buwana IX nalika isih dadi pangeran pati piyambake asring tindak menyang masjid agung jatisobo. Ing masjid agung jatisobo saliyane kanggo nyecep ngilmu agama, uga digunakake kanggo nyedhaki rakyate murih ngerti apa kang dadi panyuwun lan uneg-unege kawulane. Ora mung iku wae, nalikane menyang Masjid Agung Jatisobo, Sunan Paku Buana IX uga kerep dadi imam lan maca khutbah nalika sembahyang jum’at. Emane pondok pesantren sing biyen nate moncer lan ngasilake ulama gedhe ing jamane sawise Sunan Paku Buana IX lengser keprabon ora ana maneh crita ngenani pondok ing sacedhake Masjid Agung Jatisobo.