Marco Materazzi
| Informasi Pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Marco Materazzi | ||
| Tanggal lair | 19 Agustus 1973 | ||
| Papan lair |
Lecce, | ||
| Dhuwur | 1.93 m | ||
| Posisi main | Bèg Tengah | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Pensiun | ||
| Nomer | 23 | ||
| Karier junior | |||
| 1990–1991 | Messino Peloro | ||
| 1991–1993 | Tori de Quinto | ||
| Karier senior* | |||
| Tahun | Tim | Tampil | (Gol) |
| 1993–1994 | Marsala | 25 | (4) |
| 1994–1995 | Trapani | 13 | (2) |
| 1995–1998 | Perugia | 47 | (7) |
| 1996-1997 | → Carpi (loan) | 18 | (7) |
| 1998–1999 | Everton | 25 | (2) |
| 1999–2001 | Perugia | 51 | (15) |
| 2001–2011 | Internazionale | 184 | (18) |
| Tim nasional‡ | |||
| 2001–2008 | Itali | 41 | (2) |
| |||
Marco Materazzi (lair ing Lecce, 19 Agustus 1973; umur 52 taun) inggih punika juru main bal-balan saking nagari Italia ingkang gadhah inggil 193 cm. Sapunika juru main bal ingkang asring dipunsebat kanthi asma Matrix main ing klub saking Italia, Inter Milan.[1] Matrix damel satunggal gol nalika Italia mungsuh Républik Ceko ing Piala Dunia 2006 saking tendhangan pojok, amargi punika Italia menang 2-0. Matrix asring sinebat minangka pahlawan Italia nalika final Piala Dunia 2006.[1] Nalika samanten Matrik nglebetaken satunggal gol lan Italia menang kanthi babak adu penalti nglawan Perancis.[1] Matrix naté dipunsrudhug déning juru main bal Perancis Zinedine Zidane.[1] Akibat kedaden punika, Zidane dipunparingi kartu abrit lan Italia saged nelokaken Perancis.[1] Materazzi dipusebat déning fansipun kanthi nama The Matrix lan The Butcher, amargi gadhah agresivitas nalika main bal.[2] Sapunika kegiyatanipun Materazzi dados juri wonten ing Red Bull Freestyle Football.
Bebungah
[besut | besut sumber]Marco Materazzi sampun kathah angsal kanugrahan nalika main ing klub Inter Milan, ing antawisipun:
- Juara Liga Champions taun 2010
- Juara Coppa Italia taun 2005, 2006, 2010, 2011
- Juara Piala antar Klub FIFA taun 2011
- Juara Serie A Italia taun 2006, 2007, 2008, 2009, 2010
- Juara Super Coppa taun 2005, 2006, 2008, 2010
- Juara donya FIFA World Cup taun 2006.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 Marco Materazzi Resmi Tanpa Klub[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)
- ↑ www.timesonline.co.uk Archived 2008-08-21 at Archive.is (dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)
- ↑ Marco Materazzi (dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Marco Materazzi Resmi Tanpa Klub[pranala mati permanèn]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Webarchive template archiveis links
- Pamain bal-balan Itali
- Pamain njuwarani Bèker Donya FIFA
- Lair 1973
- Rintisan mawa topik bal-balan