Menyang kontèn

Maling Kenthiri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Maling Kenthiri iku tokoh ing tlatah Kabupatèn Blora lan saubengé, kang pasareané dumunung ing désa Kawèngan, kacamatan Jepon, kabupatèn Blora, putra Kyai Ageng Pancuran, seneng karo Dewi Sirep, putrine Mbok Randha Suganti saka Sapetik, Sulang Rembang. Kyai Ageng Pancuran ngutus Jaruman lan Rejeksi paklik Kentiri kang mangon ana Bojonegoro ngalamar Dewi Sirep iku kang nyenengi ora mung kentiri, Jaka Selakan putra Kyai Ngusman saka Cepu (Balun) uga naksir. Jaka Selakan uga ngalamar Dewi Sirep, anehe lamaran Kenthiri kang luwih ndisik nanging kang di terima malah lamarane Joko Selakan. Kedadean iki marake Kentiri nesu. Kentiri njegat Jaka Selakan ana ing juran Kali Modhang panggonane ana sak wétané Cepu. Sak wise ketemu padha adu kakuwatan,Jaka Selakan lampus ing tangane Kenthiri Migunakae pusaka tombak Kyai Daradaih, Panggonan tilase Jaka Selakan Saiki katelah Désa Kalimati Sawisé Jaka Selakan lampus Kenthiri Karo Paklike Jarman,sowan ing désa Cepu

Kentiri nyanggupi kabèh panjaluke Dewi Sirep. Pusaka-pusaka kang dijaluk Dewi Sirep sak jana ana kang duwé. Pusaka Bandhe Becak,contohe iku kagungane Mbok Randha Suli ing Dukuh Mbandingan laladan Tuban. Cekaking carita Mbok Randha suli,iku tani kang sregep, patutan kan jenenge Jaka Becak. Nalika Kenthiri péngin nyilih Bandhe Becak kagubgane Randha Suli dweke bingung ora percaya banjur dhèwèké du kakuwatan karo Jaka Becak. Putra randha iku di pateni karo Kenthiri. Jaka Becak malih dadi Bandhe Becak. Pusaka liyané Bandhe Singobarong lan Bandhe Kencana, kangungane mbok Hira ing Tuban lan Bupati Semarang, Ranggayuda. Kenthirir banjur lunga Semarang ngluru pusaka iki. Cilakae wektu dhèwèké ngluru pusaka iku kadenangan punggawa Kadipaten Semarang Sakjeroning dweke lumayu ninggal Kadipaten, Kenthiri ketemu Jaka Sanggar, salah sak sijiné begal ananke Ki Gedhé Tuguan, lelorone banjur perang tandhing adu kesaktean.Joko Sanggar mati, dhèwèké mati kena tumbake Kenthiri ya iku Pusaka Tumbak Kyai Daraasih, banjur Kenthiri lumayu umpetan ing kutha Jepon, Blora, Blora. Wiwit iku Kenthiri dijuluki Maling Kenthiri amarga pangaweane saben dinane maling ing Blora, Blora. Sanajan ndeweke pengaweyane cong njupuk, dhèwèké tetep diparapi pahlawan, amarga olèh-olehe anggoné maling didum-dumake warga désa kang uripé kacingrangan. Nalika Maling Kenthiri diuber-uber punggawa Ranggayuda, akèh nglairaké kedadeyan jeneng-jeneng ing kuttha Blora, mligini panggonan-panggonan kan ditekani Maling Kenthiri kaya ta: Kalimati, Watugedhe Kemlaka, Jepon, Gresi, Seso, Bangkle Dhungkluwih, Tengger, Tempel, Singonagara. Sak wise bosen nyolong Kenthiri karo Paklike Jaruman lunga meguru marang Sunan Ngerang. Lelorone di tompo kanthi bungah karo Sunan Ngerang, dhèwèké mertobat lan janji bakal tumindak becik. Nanging Jaruman mbenjani janji. Dhèwèké mertobat lan janji ora bakal tumindak becik. Nanging Jaruman utawa Walang Kapa kang merjaya ya iku Cakrajaya siswane Ki Lodang Datuk. Amarga Maling Kapa wani marang Lodang Datuk. Nanging Kentiri tetep urip lan nglakoni apa printahe agama Islam.