Lelara Parkinson
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Lelara Parkinson (Inggris: paralysis agitans, Parkinson disease) inggih punika lelara degeneratif syaraf ingkang sepindha pinanggih ing taun 1817 (An Essay on the Shaking Palsy) déning Dr. James Parkinson kanthi wontenipun tremor nalika kèndel kéwedan kanggé milai obah saha kakuwatan otot.[1]
Patofisiologi
[besut | besut sumber]Tebih ing saklebeting utek wonten laladan ingkang dipunwastani ganglia basalis. Manawi utek ndhawuhi kagiyatan (mliginipun ngangkat lengen), pramila sèl-sèl saraf ing lebeting ganglia basalis mbiyantu ngalusaken obah kasebat saha ngatur éwahing sikap sarira.[1] Ganglia basalis ngolah sinyal saha nganteraken warta ing talamus, ingkang badhé nyampekaken warta kang sampun dipunolah ing korteks utek besar.[1] Sedayanipun sinyal mau dipunanteraken déning bahan kimia neurotransmiter minangka impuls listrik ing sakpanjangipun dalan saraf saha antawisipun saraf-saraf. Neurotransmiter ingkang utami ing ganglia basalis inggih punika dopamin.[1] Wonten ing lelara Parkinson, sèl-sèl saraf ing ganglia basalis ngalami kamundhuran saéngga pambentukan dopamin kirang saha gegayutan kaliyan sèl saraf saha otot sanèsipun ugi langkung sakedhik. Lelara punika cenderung turun temurun, nanging boten mesthi faktor genetik dados jalaran utamanipun.[1]
Tandha-tandha Lelara Parkinson
[besut | besut sumber]- obahanipun langkung randat.
- astanipun nggeter ing kaanan kendel utawi santai. 70-80% pasien parkinson ngalami resting tremor utawi asta, lengen, saha pasuryananipun nggeter. Getaran punika kadadosan nalika astanipun pasien dipunpangku ing wentis nalika kaanan santai utawi nalika mundhut gelas ingkang ngawrat toya teh
- tegang utawi sakit wonten ing otot, lengen saha sarira saéngga éwed kanggé nglakokaken obahan, éwed jumeneng saking papan saréan utawi kursi.
- boten saged jumeneng kanthi wekdal ingkang lami, pasien kaicalan kaseimbangan sarira saha gampil dhawah.
- wonten prakawis ing sisih sanès sarira. Gejalanipun driji asring geter saha samparanipun kaku, tandha-tandha punika dipunwiwiti kanthi satunggal sisih sarira ingkang ngalami, nanging langkung lami nyebar ing sadaya sisih sarira.
- éwahing seratan asta, limrahipun katingal saking seratan ingkang langkung alit saha mepet-metan.
- pasien kados déné kakirangan tenaga, limrahipun pasien ngalami depresi sadèrèngipun katingal wonten prakawis ing obah.
- nalika pasien mlampah, satunggal asta boten kathah ngayun obahan kados déné asta sanèsipun, obahan punika saged nyebar ing sadaya sarira.
- pasien boten saged ngenali ambetan, wonten ing wiwitan pasien kaicalan indra penciuman amargi wonten pangandhapan perkembangan saraf.
- ngendhikanipun éwed dipunmangertosi, amargi swanten pasien dados saréh saha éwed dipunmangertosi[2].
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e Patofisiologi Archived 2012-10-19 at the Wayback Machine. (dipununduh 03 November 2012)
- ↑ Gejala Penyakit Parkinson (dipununduh 03 November 2012)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Parkinson's disease. |